Rabu, 15 April 2015

SLIRAMU


TRESNA MARANG SLIRAMU


Sliramu amung ana ing atiku
Lamun sira panerang ing jiwaku
Ing kana ing kene sliramu sing tak tuju
Ra ana liyane sakliyane awakmu
Atiku deg-degan saben ana ing sandhingmu
Mung sliramu sing bisa gawe atiku gumuyu
Ugi kula dedonga bisa sandhing marang sliramu

Sabtu, 07 Maret 2015

GURIT PAHLAWAN


BUNG KARNO PAHLAWANKU

Setya marang bangsa lan negarane
Setya marang agama lan budayane
Kabeh wong ngerti
Bung Karno pahlawan revolusi
Ngrelakake awake mati
Kanthi ikhlas lan tulusing ati

Ora ana rasa wedi
Walanda dibabati
Jepang diatasi
Portugis didupaki

Bung Karno pemimpin kang agung lan kondang
Ora wedi landhepe pedang jepang
Maju paling ngarep nalika perang
Cucuran getih kaya banjir bandang
Kabeh iku ora dadi penghalang

Kabeh dilakoni kanggo Negara INDONESIA
Nganti saiki INDONESIA wus mardika
Penjajah wus lunga
Wis ayem lan tentrem ing jiwa

GURITKU


GURIT
DENOK-DENOK DEBLONG

Tak lelo lelo lelo ledung
Ayu rupane, anake rama lan biyung
Anugrahe gusti kang maha agung
Aja nganti gawe rama lan ibu bingung

Aja adigang adigung adiguna
Keda sira gawe senenging wong tuwa
Tansah gawe kuciwa
Aja sok sumbar marang wong liya

Saged jaga diri pribadi
Kedah saged bisa ngabekti
Boten wonten rasa iri lan drengki
Sing ana mung sabar lan tulus ing ati

Tak gadang bisa urip mulya
Dadia wanita utama
Ngluhurake asmane wong tuwa
Benerke apa sing wis cidro
Dadi wong sing dipercaya
Piguna mring nuswa lan bangsa


Anakku denok deblong
Aja sira dek sura
Ngaku luwih pinter tinimbang sejene
Sebab iku piwulang kang ora becik
Ora patut digugu
Ora patut ditiru

Aja seneng mamerake bandha
Aja seneng ngunggulake pangkat
Sebab bandha bisa lunga
Pangkat bisa oncat

Duh anakku
Aja lali piwulang becik
Dadia anak sing apik

TEMBANG JAWA


Tembang macapat
1.      SINOM
Rukun agawe sentosa
Mbangun desa kanthi ngati
Makmur adil sejahtera
Kedah tumindak kang becik
Kedah saling ngurmati
Sesamine aja padu
Ora cethil lan sakrah
Aja methakil lan drengki
Guyub rukun, sesarengan pada makarya


2.      MIJIL
Bumi ayu panggonan kang resik
Kabeh gotong royong
Ndandosi mring bumi pertiwine
Ijo royo-royo ngedem ati
Wiwito saiki
Tumeko patiku


3.      GAMBUH
Temenan golek ilmu
Kurmat  marang bapa ibu guru
Ngabdi bakti, lan jaga diri pribadi
Satuhu nggone ngilmu
Ala kudu diwaspaos


4.      MASKUMAMBANG
Nelangsani, wong kang boten ngerti jawi
Ra ngerti budaya
Mula ayo dilestari
Budaya lan basa jawa


5.      MEGATRUH
Timik-timik lakune temanten anyar
Adat mlakune wong jawi
Nyembah marang bapa ibu
Aja nganti iku lali
Adat jawa kanthi tlatos


6.      KINANTHI
Lintang abyore ing dalu
Padang jagad raya iki
Cah cilik padha dolanan
Nembang kanthi basa jawi
Rasaning ati sumringah
Manggon ana pantisari


7.      PANGKUR
Wong jawa kudu mbudaya
Kedah ngerti jiwaning jawa iki
Kudu padha ngemut-ngemut
Lan tansah padha tresna
Ayo padha , nyengkuyung laku satuhu
Aja nganti gawe sirna
Rumaos sajroning ati


8.      PUCUNG
Beksan iku, budayane adi luhung
Aja ilang muspa
Kedah tansah nguri-uri
Ngarumake budaya jroning nagara


9.      ASMARADANA
Padha tersna mring sesami
Maring alam lan budaya
Ngobarke cahya atine
Diemban marang nagara
Dadi satriya tama
Wong liya aja tiniru
Ngoyake ngamanca praja



10.  DURMA
Basa jawa, sliramu laku prasaja
Piwulang ingkang becik
Jujur setya budya tresna
Maring budaya ing nitra
Tresnaku ana ing ati
Lan ana rasa
Tresnaku tekan pati


11.  DHANDHANGGULA
Nandur apik, thukul ingkang becik
Mring nagara lan mring kaluarga
Becik dadi tuladane
Mempeng olehe sinau
Dhemen tetulung ing kekanca
Aja srei aja kerah
Sing kudu mituhu
Mempeng olehe rewang
Karo ngengudi, setya susila tur bekti
Piguna mring bangsa