Sabtu, 07 Maret 2015

GURITKU


GURIT
DENOK-DENOK DEBLONG

Tak lelo lelo lelo ledung
Ayu rupane, anake rama lan biyung
Anugrahe gusti kang maha agung
Aja nganti gawe rama lan ibu bingung

Aja adigang adigung adiguna
Keda sira gawe senenging wong tuwa
Tansah gawe kuciwa
Aja sok sumbar marang wong liya

Saged jaga diri pribadi
Kedah saged bisa ngabekti
Boten wonten rasa iri lan drengki
Sing ana mung sabar lan tulus ing ati

Tak gadang bisa urip mulya
Dadia wanita utama
Ngluhurake asmane wong tuwa
Benerke apa sing wis cidro
Dadi wong sing dipercaya
Piguna mring nuswa lan bangsa


Anakku denok deblong
Aja sira dek sura
Ngaku luwih pinter tinimbang sejene
Sebab iku piwulang kang ora becik
Ora patut digugu
Ora patut ditiru

Aja seneng mamerake bandha
Aja seneng ngunggulake pangkat
Sebab bandha bisa lunga
Pangkat bisa oncat

Duh anakku
Aja lali piwulang becik
Dadia anak sing apik

Tidak ada komentar:

Posting Komentar