Minggu, 30 November 2014

Pendidikan

Wangunan Omah Jawa Ora Ucul Saka Prabawa Njaba
 Joglo Pendhapa Dalem Joyodipuran Yogyakarta
Joglo Pendhapa Dalem Joyodipuran Yogyakarta
Pangrembakane wangunan omah Jawa iku, ora ucul saka anane prabawa saka njaba, kayata pengaruh saka Kulo­nan (Eropah). Pengaruh kuwi ana kang banjur dadi ngowahi, ngilangi, utawa nambahi wujuding omah Jawa sing asli kaya jaman biyen. Wujuding wangunan omah Jawa saiki banjur kalaras karo kebutuhan jaman saiki. Mungguh dene pengaruh iku utamane ing babagan ba­han-bahan bangunan. Wangunan omah Jawa biyen, umume migunakake bahan bangunan sing akeh digawe saka kayu lan pring. Jalaran pengaruh jaman maju, bahan-bahan iku saiki akeh disu­lihi watu, semen, bata/batako, wesi/waja, asbes, lan liyane.
Faktor ekonomi kang luwih migatek­ake ing bab efisiensi (kayata pengiritan dana), kekuwatan lan keawetan bangu­nan, uga mrabawani marang kekarepa­ning manungsa kanggo mbangun omah anyar sing luwih praktis, ora ribet kaya omah Jawa jaman biyen. Maksude, murih ing bab pangreksaning wangunan ing wektu-wektu sabanjure, bakal ora banget repote lan ora kakehan ngetokake wragad. Mula saka iku, saiki wis akeh perangan wangunan omah Jawa, sing diganti. Umpamane, aling-aling gedheg disulihi tembok (bata, batako), balungan kayu (cagak, blandar) diganti balungan wesi sing dicor semen, umpak diganti pondhasi cor beton cakar ayam, gedheg/sirap diganti asbes gelombang lsp.
Jaman saiki, kanggo mbangun sawe­nehing wangunan omah cakrik Jawa (ka­ya ta Joglo), pancen mbutuhake wragad kaluwih larang, tur ribet memet. Mula akeh pawongan kang umume banjur mba­ngun wangunan cakrik Jawa sing “ora jangkep”. Kaya ta proyek-proyek pe­rumahan utawa pasar sing racake mi­gunakake wangunan omah cakrik Kam­pung utawa Panggangpe kang luwih pra­saja, murah, bakuh lan corake ngenut jaman.
Kajaba iku, yen dijingglengi, wangu­nan omah Joglo ing jaman saiki, tetela wujude wis ora pepak kaya Joglo jaman biyen. Omah Joglo jaman biyen, umume dumadi saka perangan rongrongan, ka­ya ta pendhapa, pringitan, senthong, dalem (omah jero), lan gandhok. Na­nging saiki wangunan pringitan lan gan­dhok wis arang digawe.
Jaman biyen, wangunan omah Jawa dibakuhi nganggo cagak minangka pa­nyangga bangunan kang diadegake ing sandhuwure umpak. Pamrihe, yen ba­ngunan omah kuwi arep dielih, bisa kan­thi luwih gampang anggone nandangi (cara kasebut diarani bedhol omah). Nanging jaman saiki, wong Jawa wis ora seneng mbangun omah kanthi wujud omah kaya jaman biyen.
Nanging, sanadyan mangkono arsi­tek­tur omah Jawa tekan saiki tetep dile­luri dening para priyayi kang remen nyeng­kuyung marang kabudayan, yaiku wong Jawa iku dhewe. Isih akeh para priyayi kang tetep ngukuhi marang aji­ning wewangunan tradhisional Jawa, sa­nadyan wis ora sacara wutuh, utawa mung katon ing wujud njabane bae. Ka­yata wewangunan omah-omah Jawa (kayata joglo lan pendhapa) kang diba­ngun dening instansi pemerintah. (*)



Petilasan Masjid Agung Mataram ing Pleret

Anyar KatonPasujarahan - on October 10, 2014
Komplek tilas Masjid Agung Pleret
Komplek tilas Masjid Agung Pleret
Salah sijine artefak utawa barang-barang peninggalan sejarah ing Ngayog­yakarta  sing tekan saiki isih bisa diwuni­nga­ni yaiku tilas masjid Agung Mataram ing Pleret. Senajan wujude wis ora ngga­tra masjid, nanging sisa-sisane wewa­ngu­nan isih bisa diwuningani. Masjid Agung mujudake sawijine wewangunan sing “kudu ana”tumrap para ratu Mata­ram wiwit jaman Panembahan Senopati nganti tekan para nata jaman Kasuna­nan Surakarta lan Kasultanan Ngayogya­karta minangka kanggo netepi marang perangan jejuluke Ingkang Sinuhun yaiku “Sayyidin Panatagama Kalifatullah”.
Kaya kang wis kita wuningani, ma­dege Masjid Agung Mataram ing Pleret iku ora uwal saka Ingkang Sinuhun Susu­hunan Amangkurat Agung (I) kang min­dhah punjere kraton Mataram saka Ker­ta nyang Pleret kang dumunung ing sisih wetane. Sasedane Ingkang Sinuhun  Kan­jeng Sultan Agung  Anyakrakusuma dhuk rikala taun 1645, dhampar  kepra­bon ing Mataram banjur dilintir dening ingkang putra Raden Mas Sayidin iya Kanjeng Pangeran Harya Prabu Hadi Mataram, kang banjur jejuluk Sampeyan Dalem Ingkang Sinuhun  Kanjeng Su­suhunan Amangkurat Agung (Amangku­rat I).  Ing jamane Susuhunan Amangku­rat I, punjere kraton Mataram  ing Kerta banjur dipindhah  menyang Pleret. Mitu­rut saka asil panalitene Balai Arkeologi Yogyakarta, dinuga Plaret mujudake ku­tharaja Mataram sing paling endah lan edi menawa katandhingake karo krajan Ma­taram sadurunge sing racake sape­ra­ngan gedhe wewangunane digawe sa­ka kayu. Wewangunan komplek ke­dhaton Pleret racake wis digawe ngang­go bahan bata. Komplek kedhaton Pleret digambarake dening Jonge, kinupengan dening “segaran” utawa  telaga gaweyan sing bawera saengga bisa digunakake kanggo ciblon lan praon. Petilasan sega­ran kasebut  tekan saiki bisa diwuningani ing dhusun Segarayasa, sakidul wetane Pleret.
Tilas beteng ngubengi Masjid Agung Mataram ing Kauman
Tilas beteng ngubengi Masjid Agung Mataram ing Kauman
Miturut cathetane Rijklof van Goens, utusan VOC tumrap Mataram dhuk rikala 1648-1654,  ing sawalike keagungan lan kaendahan kraton Mataram kasebut, pranyata diregedi dening tumindake Su­suhunan Amangkurat I sing awatak dhek­siya lan dur angkara murka.  Miturut Rijklof van Goens, ing jamane Amangku­rat I Pleret  mujudake sawijine papan sing dadi seksi bisu dumadine tragedhi po­litik, sosial, kamanungsan lan tragedi sambung tresna (cinta) kang mawa “tum­bal” (banten) nyawa maewu-ewu sa­ka kawula Mataram kang tanpa dosa kang ditindake dening Susuhunan Amang­kurat I. Prastawa iku dumadi ora suwe sawise Amangkurat I jumeneng na­ta. Alasane, para santri, ulama lan ka­wula liyane iku didakwa dadi pendhereke Pangeran Alit, rayi dalem sampeyan da­lem nata kang dianggep mbalela marang ratu  lan uga wis diperjaya. Isih miturut Rijklof van Goens, Pleret uga nyimpen crita-crita sambung tresna kang mawa banten nyawa lan ludira. Umpamane le­la­kone Nyai Truntum (Gusti Kanjeng Ratu Malang), Rara Hoyi, putri saka Surabaya kang dadi sengkerane Sunan Amang­kurat nanging direbut dening Pangeran Adipati Anom Tejaningrat lan sapiturute.
Ing jaman saiki, tilas punjere kraton Mataram kasebut wis ilang lan  ora ana tabete. Sing ana mung kari tilas beteng mubeng kedhaton, sumur gumuling, um­pak lan pengimanan Masjid Agung. Saliyane iku mung kari jeneng perang­ane wewangunan ing komplek  kraton sing saiki dadi arane dhusun ing we­weng­kon Kecamatan Pleret, ing antara­ne  dhusun  Kedaton, Keputren (papane  pa­ra putri), Kanoman (papane putra-pu­tra kraton), Kauman (papane para ula­ma lan ahli agama), Sampangan (papan lenggahe Pangeran Sampang Madura), Gerjen (papane abdi dalem gerji ‘tukang jahit’), Segarayasa (danau buatan), lan Pungkuran (plataran mburi kraton).
Salah sijine papan petilasan wewa­ngu­nan ing komplek kraton Mataram  sing isih bisa diwuningani tekan saiki yaiku tilas Masjid Agung Mataram utawa Masjid Agung Pleret kang dumunung ing dhusun Kauman salore Pasar Pleret. Mas­jid iki dibangun dening Susuhunan Amangkurat I kang ngasta pusaraning praja dhuk rikala taun 1646 – 1677 M.
Miturut saka Serat Babad Memana, Masjid Agung Pleret iki dibangun ing taun 1571 J taun Alif  utawa udakara taun  1649 Masehi utawa telung taun sawise Susuhunan Amangkurat I ngasta pusa­ra­ning praja Mataram (Suryanagara, 1865). Dene Babad Sangkala mratelak­ake menawa madege Masjid Agung Pleret iku ana ing sasi Muharram taun 1571 J.
Tekan saiki durung bisa dingerteni kapan Masjid Agung Pleret kasebut rusak lan ora digunakake maneh. Miturut Jonge (ing buku Runtuhnya Istana Mataram karangane H.J De Graaf, 1987) nalika Trunojaya kasil ngejegi kraton Mataram dhuk rikala surya kaping  28 Juni 1677,  Masjid Agung Pleret ora klebu wewangu­nan sing diobong lan dirusak dening pem­brontak, kaya kang bisa diwaos ing ku­tipan iki :
“… setelah raja yang tua itu me­ngungsi, para pemberontak memasuki keraton. Dalam 5 hari berikut (28 Juni – 3 Juli 1677) Umbul Astrayuda yang ber­asal dari Semarang itu melihat hampir semua rumah para pembesar habis ter­ba­kar. Yang tidak terbakar hanyalah keraton itu sendiri, masjid besar, istana Pangeran Purbaya, Pangeran Sampang, Pangeran Cirebon, dan Pangeran Aria Panular, putra Sunan yang bungsu.”
Tilas pengimaman lan maksurah Masjid Agung Mataram
Tilas pengimaman lan maksurah Masjid Agung Mataram
Saka Andharane Jonge kasebut bisa dijupuk dudutan menawa ing pungkasan pemerintahane Susuhunan Amangkurat I ing taun 1677, kahanane Masjid Agung Pleret isih  tetep wutuh. Informasi nge­nani kahanan masjid iki uga bisa diwu­ningani 56 taun candhake, yaiku nalika Lons teka nyang  Mataram taun 1733.  Miturut cathetan Lons kaya kang dian­dharake dening Leemans (1855) mena­wa dheweke teka nyang Mataram tang­gal 13 Agustus 1733, isih bisa diwuni­ngani menawa masjid kasebut ukurane ge­dhe, awangun pesagi (segi empat), nanging wektu semana kahanane wis rusak. Dheweke uga isih bisa meruhi me­nawa masjid kasebut nduweni lawang cacah 3 ing siring wetan lan nduweni se­rambi ngarep sing bawera. Masjid iku uga kinupengan dening beteng kang dhuwur.
Miturut saka asil panalitene Kemen­te­rian Pendidikan dan Kebudayaan, Mas­jid Mataram Pleret mujudake bangunan kang jembare 40 X 40 meter lan sing isih bisa diweruhi mung kari perangane pengimaman. Tembok masjid iring lor kang ing tengahe tinemu tilas undhak-udhakan saka watu andesit, ing pera­ngan iring wetan tinemu kulah (je­dhing) lan sumur sarta tinemu umpak saka watu andesit cacah 14. Panaliten ba­cute kang ditindake dening Balai Ar­keologi Yogyakarta (BP3) DIY lan jurusan arkeologi FIB UGM bisa diwuningani anane pondhasi masjid ing iring kulon kang dumunung ana iring lor lan kidul saka tilas struktur mihrab. Saliyane iku uga ditindakake “penggalian” (ekavasi) ing iring pojok kidul kulon lan lor kulon kang kasil nemokake cuwilan (fragmen) saka pondhasi pojok masjid.
Saka panaliten kang ditindake dening Dinas Kebudayaan DIY, lan Balai Arkeo­logi Yogyakarta, bisa diwuningani mena­wa Masjid Agung Pleret iku cakrike beda karo masjid Mataram liyane. Dinuga Mas­jid Agung Mataram iku mung ndu­weni ruwangan utama cacah siji kanthi ukuran  40×40 m. Ing sajroning ru­wang­an kasebut ana saka (cagak) cacah 36 iji kang nyangga payon masjid kang awa­ngun tajug.

Pasareyane Ratu Labuhan
Tilas umpak Masjid cacah 36
Tilas umpak Masjid cacah 36
Kaya wis dadi ciri wancine masjid-masjid ing tanah Jawa umume, lan mas­jid-masjid kagungan dalem mligine, sa­mburine masjid (siring kulone) asring tinemu makam utawa pasareyan. Ing Mas­jid Agung Maram ing Pleret uga ti­nemu makam tekan saiki isih digunakake dening warga Kauman sakiwa tengene. Salah sijine priyagung sing disarekake ana papan kono yaiku Gusti Kanjeng Ratu Labuhan, garwa prameswarine Sampe­yan Dalem Ingkang Sinuhun Susuhunan Prabu Amangkurat I ing Mataram uga katelah kanthi aran Susuhunan Tegala­rum, jalaran jasade disarekake ana ing pasareyan Tegalarum, Tegal, Jawa Te­ngah.
Kanjeng Ratu labuhan iku seda kira-kira nalika dumadi geger Trunojaya taun 1677 ing Pleret.  Jenazahe ora kober di­sa­rekake nyang Pasareyan para nata ing Pajimatan Imogiri, ning ana makam umum samburine (pojok lor kulon) Mas­jid Agung Mataram ing Kauman, Pleret. Bareng kahanan wis tentrem, kunarpane GKR Labuhan iku diputer menyang Pajimatan Imogiri,
Kaya kang wis asring diaturake ing udyana iki, menawa SDIS Susuhunan Amangkurat I (1643 – 1677) kagungan garwa prameswari cacah loro : GKR Lu­lon, putrine Pangeran Pekik saka Sura­baya lan GKR Labuhan, putrine Panem­bahan Radin saka Pajang. Prameswari sing pungkasan iki sing nurunake para ratu Mataram tekan seprene.
Babad Alit yasane R.  Prawirosunarso (1921) nyritakake sawijine dina SDIS Amangkurat I kagungabn putra kakung cacad “bungkus lir bligo”. Eloke ing wektu kuwi randhane Pangeran Wiromenggolo uga lagi babaran miyos kakung kang pekik pasuryane. SDIS Amangkurat I banjur utusan ngirimake bayi cacad iku menyang Panembahan Rama (Pangeran Kajoran) supaya diruwat. P. Kajoran bungah banget, bayi cacad diijoli karo bayine Wiromenggolo.
Wiromenggolo iku rayine Pangeran Purubaya II. Awit saka dhawuh dalem Pangeran Wiromenggolo diperjaya dening P. Purubaya. Pangeran Wiromenggolo karo Trunojaya kuwi padha-padha mantune Panembahan Rama. Maratuwa lan mantu iku ing sejarah Mataram loro-lorone tokoh pemberiontak sing ngruntuhake kraton Mataram ing Pleret (1677).  Miturut para winasis, dedongengan ngijoli bayi iku mung crita sanepan kanggo mbenerake yen trah Giring (Ki Ageng Giring) uga melu nurunake ratu Mataram. Panembahan Rama iku putrane Kyai Senthong (Kyai Ageng Giring III). Iku miturut versi Babad Alit.
SDIS Susuhunan Amangkurat I kagungan putra cacah 22 saka garwa parmeswari cacah loro lan garwa ampil, nanging ora dijelasake siji sijine. Sing cetha GKR Labuhan karo SDIS Amangkurat I ing antarane nurunake Sampeyan Dalem Ingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan Paku Buwono I (Pangeran Puger), kang sabanjure nurunake SDIS Susuhunan Amangkurat Jawi (IV). Susuhunan Amangkurat IV iki sing sabanjure nurunake Susuhunan Paku Buwono II, SDIS Kanjeng Sultan Hamengkubuwono I, KGPAA Mangkunegoro I. Sateruse nrahake ratu-ratu kraton Surakarta, Ngayogyakarta, Mangkunegaran lan Pakualaman tekan seprene.

(Isti Noegroho)

Jumat, 28 November 2014

cerita jawa


Serat Rangsang Tuban
Serat Rangsang Tuban menika nyariosaken pangeran kalih ing Nagari Tuban, kang sinebat Sang Pangeran Warih Kusuma sarta Sang Pangeran Adipati Anom. Pangeran kakalih menika putranipun Prabu Sindupati ing nagari tuban ingkjang jumeneng Natabinatara.
Kratonipun ageng sanget, Sang Prabu asmanipun misuwur angabekti jagad, para ratu sami suyud samawita boten kalayan kagebag ing perang, anggepipun sami ambaṭara. Sang Prabu nengenaken kaprawiran, mila ingkang para abdi sami ulah kasampurnaning kawruh perang, aji jaya kawijayan, kadigdayan lan kanuragan, sami teguh timbul, boten wonten ingkang teḍas tapak paluning panḍé sisaning gurinda, limpad ing wiwéka sugih gelar paningkeping satru sekti boten kanyanan ing mengsah, sumerepipun sampun kasèp kalebet ing byuhakalawerit, angèl wenganipun, kontaping kaprawiran, kasudiran sarta kaweganing pasang gelar wau: adamel mirising para ratu ingkang dèrèng sami kawengku ing jajahanipun Nagari Tuban.
Sang Prabu anggadhahi garwa sangang dasa sanga nanging namung anggadhahi putra kalih inggih menika kasebat ing nginggil menika. Putra kalih sami kakung ingkang sepuh miyos saking garwa pangrembe turasing Panḍita, kaparingan nama Raden Warih Kusuma, ingkang anem miyos saking garwa padmi putraning ratu, kaparingan nama Raden Warsa Kusuma. Kakalihipun saged sami rukun saduluran ingkang sepuh saged ngrangkul ingkang enem, kang enem saged ngurmati ingkang sepuh. Sang Prabu remen sanget amargi kakalihipun saged sami rukun, nanging ing yuswa antawis warsa kaping 50 dumugi warsa kaping 75 Sang prabu gerah. Sang Nata karaos badhe puput yuswanipun, putra kakalih mênika sami atur pangandikan bilih Sang rama katingal netyanipun sampun asawang kunarpa. Sang Rama ngendika kanthi lirih-lirih ”kulup sakarone gerah Ingsun kaya wus ora waluya dening husada, Ingsun bakal kumeka ing pati, sira sakarone dibecik sapungkure ingsun.
Putra kakalih menika tansah sami tatangisan. Lajeng Sang Prabu nutup netyanipun, tetangisan banjur kaprungu wonten sedaya pura, Sang Prameswari nun inggih garwa kapisanipun Sang Prabu sarta para garwa sanese karaos sedhih penggalihipun katingal padha jejeritan, tetangisan, karaos ajur ing tyas. Ingkang anggantosipun Sang Prabu inggih menika Warsa Kusuma rayinipun Warih Kusuma. Kacariyos Sang Pangeran Warih Kusuma dereng mawi krama, kagungan pacangan sangkaning timur kaleresan ḍerekipun naksanak piyambak saking bibi, kala samanten dereng diwasa, sapunika sampun neḍeng birahi, karsanipun Sang Pangeran baḍe nglamar ḍateng ingredi, pamit ḍateng ingkang rayi Sang Prabu, nyariyosaken karsanipun wau punika, awit boten namung wajibipun ingagesang mawa krama, ingkang langkung perlu angestokaken piwelinging kaki Sang Panḍita ingkang sampun murud ḍateng ing jaman kailangan, yèn pinacang sangkaning lare kaliyan Enḍang Wresti sutaning umbul mudal, patutan saking Endang saḍereking bibi. Sang Prabu sareng miḍanget yen ingkang raka baḍe palakrama saka langkung pirena ing panggalih, lajeng aḍaḍawuh karsa ngateraken piyambak ing tindakipun ingkang raka Sang Pangeran, nyusulEnḍang Wresti ḍateng ingredi, tiyang sapraja oter sami tata-tata.

TEMBANG-TEMBANG

S.M. Dhandhanggula, Laras Pélog Pathet Nem
Lelakone, ngaurip puniki
Tanpa patuh, marang nuswa bangsa
Ora preduli liyane
Akeh ing sakitarmu
Mula padha saling ngurmati
Ugi dunung ing rasa
Rasa kang satuhu
Kanggo gayuh gegayuhan
Kedhah gadhah satuhu ing budi pekerti
Luhur ing para janma



S.M. Kinanthi, Laras Pélog Pathet Barang
Lintang abyore ing dalu
Wong becik kang luhur budi
Kekondhang ana nagara
Kaliwat budi pekerti
Netepi guyubing janma
Ganda arum ugi manis

CERITA JAWA

ANOMAN DUTA
Kawiwitan saka prabu rama iku mrintahaken anoman supaya menyang ngalengka amargi wonten pawarta  ngenani icalipun dewi sintha. Prabu rama ngengken anoman amargi anoman iku nduweni kesakten kang gedhe. Sahengga saged nglawan musuh lan anoman iku saged mabur ing angkasa . perjalanane anoman iku nglewati samudra.
Nanging wonten anggada putranipun subali gineman kalih prabu rama supaya batalaken perjalananipun anoman.akhire anggada kalih anoman tukaran. Lajeng anoman kalih anggada dites kaliyan prabu rama. Ditakoni pirang dina kowe2 pada tekan  ing ngalengka. Anoman yanggupi  sedina.banjur prabu rama nunjuk anoman.
Perjalanane anoman dibaturi karo punakawan (semar ,gareng, petruk, gareng).
Dina kapisan anoman menyang  batara surya supaya srengenge ne iku tetep ana ing wetan nanging batara surya boten nyanggupi . lajeng keloro2 ne tukaran. Dilereh karo semar. Semar ngomong karo batara surya supaya nyangupi kemauane anoman saengga anoman saged teka ing pancawati cept.
Ing tengah-tengah perjalanan anoman keilangan arah .tekan ing laut..anoman ngrasa yen wonten tenaga kang nyedot anoman ing jero laut. Disedot kaliyan penunggu laut namane wil kataksini(raksasa). Anoman nendang-nendang lan nyakar-nyakar akhire wilkataksini mati. Anoman ora isa mabur maneh amarga tenaga ne entek.
Banjur leren ing goa windu kang dipanggoni dewi sayemprada. Dewi sayemprada tisna marang anoman nanging anoman arep nglanjutke perjlanane disek. Dewi sayemprada sedih. Sawise metu saka goa mripatipun anoman wuta, banjur diobati karo manuk sempati. Sempati nyitani anoman yen nduwe dulur yaiku jatayu kanga rep nylemetaken dewi sintha kag diculik prabu dasamuka. Nanging jatayu tiwas.
Ora suwe anoman teka ing ngalengka delik ing wit nagasari.banjur dewi sinta ngobati kesedihane menyang ing taman asoka celak wit nagasari.  Dewi sintha kaget amarga ana anoman. Lajeng anoman menehi ali2 anggo dewi sintha saka prabu rama. Nangig ali2 ne kegedhen amarga ing ngalengka dewi sintha boten ngrumat awake.
Dewi sintha bten purun dipuruki anoman , pengen e dipuruki kaliyan prabu rama. Dewi sintha nitipke sisir kang boten nate digwe dewi sintha kangge prabu rama.
Durung rampung gineman kalih dewi sintha, anoman dikepung kalih pasukan indrajit lan dibeta ten raden dasamuka. Anoman ditali ten ngajeng istana saperlu diobong.
Nanging anoman boten keobong ,anoman saged mabur beta geni lan diuncal-uncalke ten istana. Istana ne kobong entek resik. Anoman balik ten ngalengka lan menehake sisire dewi sintha. Prabu rama nganakake perang kaluih dasamuka supaya bisa  boyong balik dewi sintha ten Negara ayodya.


Selasa, 25 November 2014

Palintangan

2 – 8 Nopember 2014

CAPRICORN ( 21 Des – 19 Jan ):
Keuangan ora stabil. Butuh pangaturan kang professional. Aja sok nyepelekake lan nggampangake. Kudu dhisiplin, tumindak te­ges, tumemen anggone nindakake tanggung jawab. Tansah di­kontrol, aja seneng-seneng dhisik. Aja brah-breh.
AQUARIUS  ( 20 Jan – 18 Feb ):
Kudu prihatin. Aja ngaya lan ngangsa. Kanthi ngirit bae ora bisa mrantasi gawe. Mula dilakoni apa anane, aja emosi lan aja spe­kulasi. Sing ana digarap kanthi sregep lan tumata. Yen ora penting banget aja cucul dhuwit.
PISCES  ( 19 Feb – 20 Mar ):
Wayahe gumregah nindakake rancangan anyar. Nggayuh asil lan bebathen. Aja mung trima meneng ngalamun, gaweya owah-owah­an. Bisa ngejokake lamaran utawa nindakake pakaryan sing ana, selaras karo kabisane. Aja rangu-rangu lan kakehan alesan.
ARIES ( 21 Mar – 20 Apr ):
Akeh kang simpati lan nyengkuyung rancangan panjenengan. Tindakna kanthi krenteging ati, sinambi ndedonga nyuwun palilah Gusti. Aja golek jeneng utawa pangalembana. Kudu lila lan eklas, amrih enggal kasembadan. Keuangan lancar, aja lali ngamal.
TAURUS ( 21 Apr – 20 Mei ):
Asile wiwit katon lan bisa dirasakake. Undhakna terus krenteg kanggo nggayuh cita-cita. Jembarna pasrawungan marang wong kang wis sukses. Golek tambahan elmu lan wawasan. Butuhe urip sansaya akeh lan kudu wani saingan. Sing mantep, aja mencla-mencle.
GEMINI ( 21 Mei – 20 Juni ):
Kasarasan badan mlorot, kudu ngaso. Sing abot-abot dipasrahake wong liya, lan aja kewengen anggone turu. Kerja santai, nanging tumemen lan dipetung. Yen krasa ora penak awake, enggal priksa menyang dhokter.
CANCER ( 21 Juni – 20 Juli ):
Perjuwangan panjenengan kasil. Akeh kang nyengkuyung, bisa nindakake kongsi ngleksanakake rancangan anyar. Panemune aja molah-malih. Mbaka siji kudu dirampungake nganti tuntas. Keu­angan lancar, aja rejeki nomplok. Gunakna kalodhangan becik iki.
LEO (21 Juli – 21 Agust):
Kepengin maju terus? Mangga, aja rangu-rangu lan katut swa­raning liyan. Tindakna kanthi sregep, tlaten, lan sing pinter srawung. Anakna tukar panemu marang wong-wong kang wis pe­ngalaman. Sisihna wektu kanggo nekani uleman, lan aja lali nyelengi.
VIRGO ( 22 Agust – 22 Sept ):
Waspada marang wong-wong ing sakupeng panjenengan. Ati-ati anggone nggawe keputusan. Amarga ing minggu iki ana wong kang ora bener, meri lan arep ngapusi. Urusan pribadi enggal diram­pungake, ora susah melu guneman kang ora ana paedahe.
LIBRA ( 23 Sept – 23 Okt ):
Butuhe akeh, wis mesthi bakal ngetokake dhuwit kang ora sethi­thik. Mula, amrih ora buneg, gaweya itung-itungan kang tliti, uga bukti lan kwitansi. Aja lena, royal lan kumalungkung amarga pangalembana. Aja gelem kanggo wadal, dipalaki, lan dikuwasani liyan.
SCORPIO ( 24 Okt – 22 Nop ):
Aja kesusu nganakake owah-owahan. Dipikir sing jero, dietung tuna lan bathine, lagi katindakake. Kritik, panemu, lan pambiyantu, ditampa kanthi rena. Ndedonga kudu luwih sregep, amrih sunar pituduh sansaya padhang.
SAGITARIUS (23 Nop – 20 Des ):
Sing uwis ya uwis, ditinggal wae, nindakake sing anyar. Insya Allah pepenginane kabul. Yen perlu pindhah menyang kutha liya, ganti penggaweyan lan mbukak usaha anyar. Sing sregep, tlaten, ngirit, lan sabar. Mertobat lan sembahyang. Akeh kang nyengkuyung.