Minggu, 30 November 2014

Petilasan Masjid Agung Mataram ing Pleret

Anyar KatonPasujarahan - on October 10, 2014
Komplek tilas Masjid Agung Pleret
Komplek tilas Masjid Agung Pleret
Salah sijine artefak utawa barang-barang peninggalan sejarah ing Ngayog­yakarta  sing tekan saiki isih bisa diwuni­nga­ni yaiku tilas masjid Agung Mataram ing Pleret. Senajan wujude wis ora ngga­tra masjid, nanging sisa-sisane wewa­ngu­nan isih bisa diwuningani. Masjid Agung mujudake sawijine wewangunan sing “kudu ana”tumrap para ratu Mata­ram wiwit jaman Panembahan Senopati nganti tekan para nata jaman Kasuna­nan Surakarta lan Kasultanan Ngayogya­karta minangka kanggo netepi marang perangan jejuluke Ingkang Sinuhun yaiku “Sayyidin Panatagama Kalifatullah”.
Kaya kang wis kita wuningani, ma­dege Masjid Agung Mataram ing Pleret iku ora uwal saka Ingkang Sinuhun Susu­hunan Amangkurat Agung (I) kang min­dhah punjere kraton Mataram saka Ker­ta nyang Pleret kang dumunung ing sisih wetane. Sasedane Ingkang Sinuhun  Kan­jeng Sultan Agung  Anyakrakusuma dhuk rikala taun 1645, dhampar  kepra­bon ing Mataram banjur dilintir dening ingkang putra Raden Mas Sayidin iya Kanjeng Pangeran Harya Prabu Hadi Mataram, kang banjur jejuluk Sampeyan Dalem Ingkang Sinuhun  Kanjeng Su­suhunan Amangkurat Agung (Amangku­rat I).  Ing jamane Susuhunan Amangku­rat I, punjere kraton Mataram  ing Kerta banjur dipindhah  menyang Pleret. Mitu­rut saka asil panalitene Balai Arkeologi Yogyakarta, dinuga Plaret mujudake ku­tharaja Mataram sing paling endah lan edi menawa katandhingake karo krajan Ma­taram sadurunge sing racake sape­ra­ngan gedhe wewangunane digawe sa­ka kayu. Wewangunan komplek ke­dhaton Pleret racake wis digawe ngang­go bahan bata. Komplek kedhaton Pleret digambarake dening Jonge, kinupengan dening “segaran” utawa  telaga gaweyan sing bawera saengga bisa digunakake kanggo ciblon lan praon. Petilasan sega­ran kasebut  tekan saiki bisa diwuningani ing dhusun Segarayasa, sakidul wetane Pleret.
Tilas beteng ngubengi Masjid Agung Mataram ing Kauman
Tilas beteng ngubengi Masjid Agung Mataram ing Kauman
Miturut cathetane Rijklof van Goens, utusan VOC tumrap Mataram dhuk rikala 1648-1654,  ing sawalike keagungan lan kaendahan kraton Mataram kasebut, pranyata diregedi dening tumindake Su­suhunan Amangkurat I sing awatak dhek­siya lan dur angkara murka.  Miturut Rijklof van Goens, ing jamane Amangku­rat I Pleret  mujudake sawijine papan sing dadi seksi bisu dumadine tragedhi po­litik, sosial, kamanungsan lan tragedi sambung tresna (cinta) kang mawa “tum­bal” (banten) nyawa maewu-ewu sa­ka kawula Mataram kang tanpa dosa kang ditindake dening Susuhunan Amang­kurat I. Prastawa iku dumadi ora suwe sawise Amangkurat I jumeneng na­ta. Alasane, para santri, ulama lan ka­wula liyane iku didakwa dadi pendhereke Pangeran Alit, rayi dalem sampeyan da­lem nata kang dianggep mbalela marang ratu  lan uga wis diperjaya. Isih miturut Rijklof van Goens, Pleret uga nyimpen crita-crita sambung tresna kang mawa banten nyawa lan ludira. Umpamane le­la­kone Nyai Truntum (Gusti Kanjeng Ratu Malang), Rara Hoyi, putri saka Surabaya kang dadi sengkerane Sunan Amang­kurat nanging direbut dening Pangeran Adipati Anom Tejaningrat lan sapiturute.
Ing jaman saiki, tilas punjere kraton Mataram kasebut wis ilang lan  ora ana tabete. Sing ana mung kari tilas beteng mubeng kedhaton, sumur gumuling, um­pak lan pengimanan Masjid Agung. Saliyane iku mung kari jeneng perang­ane wewangunan ing komplek  kraton sing saiki dadi arane dhusun ing we­weng­kon Kecamatan Pleret, ing antara­ne  dhusun  Kedaton, Keputren (papane  pa­ra putri), Kanoman (papane putra-pu­tra kraton), Kauman (papane para ula­ma lan ahli agama), Sampangan (papan lenggahe Pangeran Sampang Madura), Gerjen (papane abdi dalem gerji ‘tukang jahit’), Segarayasa (danau buatan), lan Pungkuran (plataran mburi kraton).
Salah sijine papan petilasan wewa­ngu­nan ing komplek kraton Mataram  sing isih bisa diwuningani tekan saiki yaiku tilas Masjid Agung Mataram utawa Masjid Agung Pleret kang dumunung ing dhusun Kauman salore Pasar Pleret. Mas­jid iki dibangun dening Susuhunan Amangkurat I kang ngasta pusaraning praja dhuk rikala taun 1646 – 1677 M.
Miturut saka Serat Babad Memana, Masjid Agung Pleret iki dibangun ing taun 1571 J taun Alif  utawa udakara taun  1649 Masehi utawa telung taun sawise Susuhunan Amangkurat I ngasta pusa­ra­ning praja Mataram (Suryanagara, 1865). Dene Babad Sangkala mratelak­ake menawa madege Masjid Agung Pleret iku ana ing sasi Muharram taun 1571 J.
Tekan saiki durung bisa dingerteni kapan Masjid Agung Pleret kasebut rusak lan ora digunakake maneh. Miturut Jonge (ing buku Runtuhnya Istana Mataram karangane H.J De Graaf, 1987) nalika Trunojaya kasil ngejegi kraton Mataram dhuk rikala surya kaping  28 Juni 1677,  Masjid Agung Pleret ora klebu wewangu­nan sing diobong lan dirusak dening pem­brontak, kaya kang bisa diwaos ing ku­tipan iki :
“… setelah raja yang tua itu me­ngungsi, para pemberontak memasuki keraton. Dalam 5 hari berikut (28 Juni – 3 Juli 1677) Umbul Astrayuda yang ber­asal dari Semarang itu melihat hampir semua rumah para pembesar habis ter­ba­kar. Yang tidak terbakar hanyalah keraton itu sendiri, masjid besar, istana Pangeran Purbaya, Pangeran Sampang, Pangeran Cirebon, dan Pangeran Aria Panular, putra Sunan yang bungsu.”
Tilas pengimaman lan maksurah Masjid Agung Mataram
Tilas pengimaman lan maksurah Masjid Agung Mataram
Saka Andharane Jonge kasebut bisa dijupuk dudutan menawa ing pungkasan pemerintahane Susuhunan Amangkurat I ing taun 1677, kahanane Masjid Agung Pleret isih  tetep wutuh. Informasi nge­nani kahanan masjid iki uga bisa diwu­ningani 56 taun candhake, yaiku nalika Lons teka nyang  Mataram taun 1733.  Miturut cathetan Lons kaya kang dian­dharake dening Leemans (1855) mena­wa dheweke teka nyang Mataram tang­gal 13 Agustus 1733, isih bisa diwuni­ngani menawa masjid kasebut ukurane ge­dhe, awangun pesagi (segi empat), nanging wektu semana kahanane wis rusak. Dheweke uga isih bisa meruhi me­nawa masjid kasebut nduweni lawang cacah 3 ing siring wetan lan nduweni se­rambi ngarep sing bawera. Masjid iku uga kinupengan dening beteng kang dhuwur.
Miturut saka asil panalitene Kemen­te­rian Pendidikan dan Kebudayaan, Mas­jid Mataram Pleret mujudake bangunan kang jembare 40 X 40 meter lan sing isih bisa diweruhi mung kari perangane pengimaman. Tembok masjid iring lor kang ing tengahe tinemu tilas undhak-udhakan saka watu andesit, ing pera­ngan iring wetan tinemu kulah (je­dhing) lan sumur sarta tinemu umpak saka watu andesit cacah 14. Panaliten ba­cute kang ditindake dening Balai Ar­keologi Yogyakarta (BP3) DIY lan jurusan arkeologi FIB UGM bisa diwuningani anane pondhasi masjid ing iring kulon kang dumunung ana iring lor lan kidul saka tilas struktur mihrab. Saliyane iku uga ditindakake “penggalian” (ekavasi) ing iring pojok kidul kulon lan lor kulon kang kasil nemokake cuwilan (fragmen) saka pondhasi pojok masjid.
Saka panaliten kang ditindake dening Dinas Kebudayaan DIY, lan Balai Arkeo­logi Yogyakarta, bisa diwuningani mena­wa Masjid Agung Pleret iku cakrike beda karo masjid Mataram liyane. Dinuga Mas­jid Agung Mataram iku mung ndu­weni ruwangan utama cacah siji kanthi ukuran  40×40 m. Ing sajroning ru­wang­an kasebut ana saka (cagak) cacah 36 iji kang nyangga payon masjid kang awa­ngun tajug.

Pasareyane Ratu Labuhan
Tilas umpak Masjid cacah 36
Tilas umpak Masjid cacah 36
Kaya wis dadi ciri wancine masjid-masjid ing tanah Jawa umume, lan mas­jid-masjid kagungan dalem mligine, sa­mburine masjid (siring kulone) asring tinemu makam utawa pasareyan. Ing Mas­jid Agung Maram ing Pleret uga ti­nemu makam tekan saiki isih digunakake dening warga Kauman sakiwa tengene. Salah sijine priyagung sing disarekake ana papan kono yaiku Gusti Kanjeng Ratu Labuhan, garwa prameswarine Sampe­yan Dalem Ingkang Sinuhun Susuhunan Prabu Amangkurat I ing Mataram uga katelah kanthi aran Susuhunan Tegala­rum, jalaran jasade disarekake ana ing pasareyan Tegalarum, Tegal, Jawa Te­ngah.
Kanjeng Ratu labuhan iku seda kira-kira nalika dumadi geger Trunojaya taun 1677 ing Pleret.  Jenazahe ora kober di­sa­rekake nyang Pasareyan para nata ing Pajimatan Imogiri, ning ana makam umum samburine (pojok lor kulon) Mas­jid Agung Mataram ing Kauman, Pleret. Bareng kahanan wis tentrem, kunarpane GKR Labuhan iku diputer menyang Pajimatan Imogiri,
Kaya kang wis asring diaturake ing udyana iki, menawa SDIS Susuhunan Amangkurat I (1643 – 1677) kagungan garwa prameswari cacah loro : GKR Lu­lon, putrine Pangeran Pekik saka Sura­baya lan GKR Labuhan, putrine Panem­bahan Radin saka Pajang. Prameswari sing pungkasan iki sing nurunake para ratu Mataram tekan seprene.
Babad Alit yasane R.  Prawirosunarso (1921) nyritakake sawijine dina SDIS Amangkurat I kagungabn putra kakung cacad “bungkus lir bligo”. Eloke ing wektu kuwi randhane Pangeran Wiromenggolo uga lagi babaran miyos kakung kang pekik pasuryane. SDIS Amangkurat I banjur utusan ngirimake bayi cacad iku menyang Panembahan Rama (Pangeran Kajoran) supaya diruwat. P. Kajoran bungah banget, bayi cacad diijoli karo bayine Wiromenggolo.
Wiromenggolo iku rayine Pangeran Purubaya II. Awit saka dhawuh dalem Pangeran Wiromenggolo diperjaya dening P. Purubaya. Pangeran Wiromenggolo karo Trunojaya kuwi padha-padha mantune Panembahan Rama. Maratuwa lan mantu iku ing sejarah Mataram loro-lorone tokoh pemberiontak sing ngruntuhake kraton Mataram ing Pleret (1677).  Miturut para winasis, dedongengan ngijoli bayi iku mung crita sanepan kanggo mbenerake yen trah Giring (Ki Ageng Giring) uga melu nurunake ratu Mataram. Panembahan Rama iku putrane Kyai Senthong (Kyai Ageng Giring III). Iku miturut versi Babad Alit.
SDIS Susuhunan Amangkurat I kagungan putra cacah 22 saka garwa parmeswari cacah loro lan garwa ampil, nanging ora dijelasake siji sijine. Sing cetha GKR Labuhan karo SDIS Amangkurat I ing antarane nurunake Sampeyan Dalem Ingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan Paku Buwono I (Pangeran Puger), kang sabanjure nurunake SDIS Susuhunan Amangkurat Jawi (IV). Susuhunan Amangkurat IV iki sing sabanjure nurunake Susuhunan Paku Buwono II, SDIS Kanjeng Sultan Hamengkubuwono I, KGPAA Mangkunegoro I. Sateruse nrahake ratu-ratu kraton Surakarta, Ngayogyakarta, Mangkunegaran lan Pakualaman tekan seprene.

(Isti Noegroho)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar