Senin, 24 November 2014

Geguritanku.

KAHANAN

Wong urip iku meneka warna kahanane
Ana wong numpak ontel,
Montor,
Mobil,
Lan ana wong kang numpak kapal japite

Eee,, elinga para kadang
Nyawane kene sejatine ana ing ragane Garuda
Ora ing genthong gemlonthang,
Glonthang-glonthang tanpa sebab

Jan tenan wong saiki
Endi budimu
Endi pekertimu
Aja mung ngetoke kain kang gumnatung ana ing gulumu
Sabab, iku iso gawe awakmu bejat
Ngacanen, delengen
Yen kene urip ing tlatah iki
Ana ing sak aliraneabange getih


Ngertia,
Kene urip iku ora dewekan, ora ijen
Akeh wong kang adoh lan cedak ing lathi
Akeh wong kang adoh ratu cedak watu


Siji gegayuhan,
Siji kakuatan
Mula ayo padha melek
Tutupen genthong kang gemlonthang
Isinen nganggo budi lan pekerti kang luhur

Mangga, ngadega
Padha ngrangkul
Gayuh gegayuhan
Kanthi luhuring budi








Tidak ada komentar:

Posting Komentar