Wangunan Omah Jawa Ora Ucul Saka Prabawa Njaba

Joglo Pendhapa Dalem Joyodipuran Yogyakarta
Pangrembakane wangunan omah Jawa iku, ora ucul saka anane prabawa saka njaba, kayata pengaruh saka Kulonan (Eropah). Pengaruh kuwi ana kang banjur dadi ngowahi, ngilangi, utawa nambahi wujuding omah Jawa sing asli kaya jaman biyen. Wujuding wangunan omah Jawa saiki banjur kalaras karo kebutuhan jaman saiki. Mungguh dene pengaruh iku utamane ing babagan bahan-bahan bangunan. Wangunan omah Jawa biyen, umume migunakake bahan bangunan sing akeh digawe saka kayu lan pring. Jalaran pengaruh jaman maju, bahan-bahan iku saiki akeh disulihi watu, semen, bata/batako, wesi/waja, asbes, lan liyane.
Faktor ekonomi kang luwih migatekake ing bab efisiensi (kayata pengiritan dana), kekuwatan lan keawetan bangunan, uga mrabawani marang kekarepaning manungsa kanggo mbangun omah anyar sing luwih praktis, ora ribet kaya omah Jawa jaman biyen. Maksude, murih ing bab pangreksaning wangunan ing wektu-wektu sabanjure, bakal ora banget repote lan ora kakehan ngetokake wragad. Mula saka iku, saiki wis akeh perangan wangunan omah Jawa, sing diganti. Umpamane, aling-aling gedheg disulihi tembok (bata, batako), balungan kayu (cagak, blandar) diganti balungan wesi sing dicor semen, umpak diganti pondhasi cor beton cakar ayam, gedheg/sirap diganti asbes gelombang lsp.
Jaman saiki, kanggo mbangun sawenehing wangunan omah cakrik Jawa (kaya ta Joglo), pancen mbutuhake wragad kaluwih larang, tur ribet memet. Mula akeh pawongan kang umume banjur mbangun wangunan cakrik Jawa sing “ora jangkep”. Kaya ta proyek-proyek perumahan utawa pasar sing racake migunakake wangunan omah cakrik Kampung utawa Panggangpe kang luwih prasaja, murah, bakuh lan corake ngenut jaman.
Kajaba iku, yen dijingglengi, wangunan omah Joglo ing jaman saiki, tetela wujude wis ora pepak kaya Joglo jaman biyen. Omah Joglo jaman biyen, umume dumadi saka perangan rongrongan, kaya ta pendhapa, pringitan, senthong, dalem (omah jero), lan gandhok. Nanging saiki wangunan pringitan lan gandhok wis arang digawe.
Jaman biyen, wangunan omah Jawa dibakuhi nganggo cagak minangka panyangga bangunan kang diadegake ing sandhuwure umpak. Pamrihe, yen bangunan omah kuwi arep dielih, bisa kanthi luwih gampang anggone nandangi (cara kasebut diarani bedhol omah). Nanging jaman saiki, wong Jawa wis ora seneng mbangun omah kanthi wujud omah kaya jaman biyen.
Nanging, sanadyan mangkono arsitektur omah Jawa tekan saiki tetep dileluri dening para priyayi kang remen nyengkuyung marang kabudayan, yaiku wong Jawa iku dhewe. Isih akeh para priyayi kang tetep ngukuhi marang ajining wewangunan tradhisional Jawa, sanadyan wis ora sacara wutuh, utawa mung katon ing wujud njabane bae. Kayata wewangunan omah-omah Jawa (kayata joglo lan pendhapa) kang dibangun dening instansi pemerintah. (*)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar