“Padha rungokna, gustimu ingkang sinuwun dhawuh
marang bapa Begawan Druna kinen nglamar Dewi Antiwati putra putrine Paman Patih
Sengkuni ing Plasajenar.”
“Nun inggih sandika, raden. Sawanci-wanci bidhal boten
badhe nguciwani.”
“Lan maneh padha sikepa gegamaning yuda, aja nganti
nguciwani. Apadene budhale ngentenana tengara. Bendhe sepisan dandan,
kapindho nglumpuk dene katelu budhal.”
“Sandika, raden!”
Untabing wadya Ngastina gumuruh swarane. Bendhe
tinatap, gong maguru gangsa kateteg kaya butul-butula. Pasir lan lebu padha
mumbul nalika barisan wadya bala Ngastina wiwit jumangkah. Gunging wadya tinon
saking mandrawa pindha balaba walikenya. Balaba pundhung, walikenya laron,
pindha laron metu saka brubulan. Amilir tanpa kendhat tanpa ana pedhote.
Kelaping gendera, kaundha umbul-umbul mawarna-warna, pindha robing jalanidi.
Begawan Druna nylingker golek dalan liya. Tekan papan
kang sepi banjur mateg aji pameling. Kencenging cipta kasil njamah wardaya kang
kinanthen pamekas. Ora nganti asat riwe, dumadakan kumlebat sawijining
wewayangan nyaket marang ratane Begawan Druna.
“Wonten dhawuh punapa dene Bapa Guru Druna nimbali
kula, pun Dewasegara, saking negari Pulo Rajawedhi?” pitakone narendra kang
anyar katon.
“Anak Prabu Dewasegara, sliramu taktimbali saperlu
takjaluki sraya amrih ngamping-ampingi Kurawa kang ngirit Lesmana Mandrakumara
tumuju Plasajenar saperlu nglamar Dewi Antiwati.”
“Sendika dhawuh, Bapa Guru. Kepareng kula mateg aji
pameling ngetab wadya Pulo Rajawedhi amrih njampangi lampahipun barisan
Ngastina.”
Dumadakan ketungka praptane Patih Sengkuni kang katon lungkrah
“Iya. Mangkono takwawas luwih prayoga.”
Begawan Druna bali menyang bebarisan Ngastina. Dene
Prabu Dewasegara enggal mateg aji pameling marang kadangira anom yakuwi Raden
Dewasamodra amrih ngirit wadya bala sagelar sepapan. Wadya saka Pulo Rajawedhi
ora mung jalma manungsa, nanging kacampuran raseksa. Mula bebarisan kapantha
dadi loro. Sing siji pepanthan para manungsa, dene kang sijine pepanthan
bebarisan para raseksa.
Ora kaya kang ana tamansari Plasajenar. Dewi Antiwati
nembe cangkrama kaliyan Patih Udawa. Janma kekalih kang katemben kasirep ing
donyaning asmara katon sarwa endah kang rinumpaka. Gegelitaning manah anane
amung seneng, adreng nedya enggal palakrama amrih enggal bisa nyecep jatinining
kanikmatan.
Dumadakan ketungka praptane Patih Sengkuni kang
katon……..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar