Upacara tradhisi
sing dilaksanake warga Desa Nglurah, Kecamatan Tawangmangu, Karanganyar ing
dina Selasa Kliwon wayah wuku Dhukut, utawa nem lapan sepisan ing pranatane
petung Jawa, minangka wujud muji syukur marang Gusti Kang Maha Kuwasa. Kejaba
saka iku, uga minangka srana mengeti para leluhur sing dadi cikal bakele desa
Nglurah Lor lan Nglurah Kidul.
Miturut kandhane Krama Pawiro, salah sijine pawongan
soko desa Nglurah Lor, tradhisi sing diarani Dhukutan iki wis katindakake wiwit
biyen mula.
Gegayutan karo tradhisi kasebut, kacritakake dene
biyen nate ana pwongan asma Narotama kang uga karan Kyai Menggung. Sebutan Kyai
Menggung sejatine mono saka laku prihatine Narotama sing duwenui karep
Manunggal Maneges marang Gusti, nalika dheweke ndherek Prabu Erlangga.
Nalika Narotama manggon ana tlatah Nglurah Lor, ana
sawijining estri kang dumunung ana Nglurah Kidul, kang tansah gawe mangkeling
ati. Jenenge Nyai Rasa Putih, lan tansah congkrah klawan Narotama. Lelorone
padha disengkuyung warga desane dhewe-dhewe.
Anyel nanging tresna. Sanadyan Narotama lan Nyai Rasa
Putih padha cecangkrahan, nanging sejatine lelorone nduweni rasa tresna. Mula
anggone cecongkrahan ora suwe, banjur wong loro malah padha sarimbit bebrayan
omah-omah. Anggone dadi penganten milih dina Selasa Kliwon wayah Dhukut.
Hya mulane tradhisi Dhukutan katindakake ing dina
Selasa Kliwon, lan ing petungan Jawa ngepasi wayah Dhukut. Sajroning acara
Dhukutan ana kang diarani tawur sesaji, antarane warga desa Nglurah Lor klawan
Nglurah Kidul. Tawuran kasebut kanggo mengeti cecongkrahane Narotama klayan
Nyai Rasa Putih.
Upacara Dhukutan
Kejaba wujud pengetan, tawur sesaji kanggone warga
desa uga katujokake minangka panulak sengkala, utawa nulak bala. Amrih anggone
padha golek sandhang pangan tansah gancar lan antuk rejeki kang linuber.
“Wengine sarampunge upacara tradhisi Dhukutan, ono ing Candi Menggung digelar
ringgit wacucal sewengi natas,” ujare pak Kromo.
Pagelaran ringgit iki, miturut pak Kromo, uga
minangka wujud panuwune warga desa marang Gusti, awit kaparingan rejeki. Mula
para warga nglumpukake saperangan rejekine banjur dinggo nanggap wayang.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar