2 – 8 Nopember 2014
CAPRICORN ( 21 Des – 19 Jan ):
Keuangan
ora stabil. Butuh pangaturan kang professional. Aja sok nyepelekake lan
nggampangake. Kudu dhisiplin, tumindak teges, tumemen anggone nindakake
tanggung jawab. Tansah dikontrol, aja seneng-seneng dhisik. Aja brah-breh.
AQUARIUS ( 20 Jan – 18 Feb ):
Kudu
prihatin. Aja ngaya lan ngangsa. Kanthi ngirit bae ora bisa mrantasi gawe. Mula
dilakoni apa anane, aja emosi lan aja spekulasi. Sing ana digarap kanthi
sregep lan tumata. Yen ora penting banget aja cucul dhuwit.
PISCES ( 19 Feb – 20 Mar ):
Wayahe
gumregah nindakake rancangan anyar. Nggayuh asil lan bebathen. Aja mung trima
meneng ngalamun, gaweya owah-owahan. Bisa ngejokake lamaran utawa nindakake
pakaryan sing ana, selaras karo kabisane. Aja rangu-rangu lan kakehan alesan.
ARIES ( 21 Mar – 20 Apr ):
Akeh
kang simpati lan nyengkuyung rancangan panjenengan. Tindakna kanthi krenteging
ati, sinambi ndedonga nyuwun palilah Gusti. Aja golek jeneng utawa
pangalembana. Kudu lila lan eklas, amrih enggal kasembadan. Keuangan lancar,
aja lali ngamal.
TAURUS ( 21 Apr – 20 Mei ):
Asile
wiwit katon lan bisa dirasakake. Undhakna terus krenteg kanggo nggayuh
cita-cita. Jembarna pasrawungan marang wong kang wis sukses. Golek tambahan
elmu lan wawasan. Butuhe urip sansaya akeh lan kudu wani saingan. Sing mantep,
aja mencla-mencle.
GEMINI ( 21 Mei – 20 Juni ):
Kasarasan
badan mlorot, kudu ngaso. Sing abot-abot dipasrahake wong liya, lan aja
kewengen anggone turu. Kerja santai, nanging tumemen lan dipetung. Yen krasa
ora penak awake, enggal priksa menyang dhokter.
CANCER ( 21 Juni – 20 Juli ):
Perjuwangan
panjenengan kasil. Akeh kang nyengkuyung, bisa nindakake kongsi ngleksanakake
rancangan anyar. Panemune aja molah-malih. Mbaka siji kudu dirampungake nganti
tuntas. Keuangan lancar, aja rejeki nomplok. Gunakna kalodhangan becik iki.
LEO (21 Juli – 21 Agust):
Kepengin
maju terus? Mangga, aja rangu-rangu lan katut swaraning liyan. Tindakna kanthi
sregep, tlaten, lan sing pinter srawung. Anakna tukar panemu marang wong-wong
kang wis pengalaman. Sisihna wektu kanggo nekani uleman, lan aja lali
nyelengi.
VIRGO ( 22 Agust – 22 Sept ):
Waspada
marang wong-wong ing sakupeng panjenengan. Ati-ati anggone nggawe keputusan.
Amarga ing minggu iki ana wong kang ora bener, meri lan arep ngapusi. Urusan
pribadi enggal dirampungake, ora susah melu guneman kang ora ana paedahe.
LIBRA ( 23 Sept – 23 Okt ):
Butuhe
akeh, wis mesthi bakal ngetokake dhuwit kang ora sethithik. Mula, amrih ora
buneg, gaweya itung-itungan kang tliti, uga bukti lan kwitansi. Aja lena, royal
lan kumalungkung amarga pangalembana. Aja gelem kanggo wadal, dipalaki, lan
dikuwasani liyan.
SCORPIO ( 24 Okt – 22 Nop ):
Aja
kesusu nganakake owah-owahan. Dipikir sing jero, dietung tuna lan bathine, lagi
katindakake. Kritik, panemu, lan pambiyantu, ditampa kanthi rena. Ndedonga kudu
luwih sregep, amrih sunar pituduh sansaya padhang.
SAGITARIUS (23 Nop – 20 Des ):
Sing
uwis ya uwis, ditinggal wae, nindakake sing anyar. Insya Allah pepenginane
kabul. Yen perlu pindhah menyang kutha liya, ganti penggaweyan lan mbukak usaha
anyar. Sing sregep, tlaten, ngirit, lan sabar. Mertobat lan sembahyang. Akeh
kang nyengkuyung.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar