BONEKA CINDERELLA
Dening: Sri Setyo Rahayu
Nalika iku toko
rame banget. Maklum, tanggal enom. Apa maneh toko panggonanku nyambut gawe iki
klebu gedhe lan apa-apa ana. Yuli ing bagean klambi-klambi, dadi prasasat ora
kober ngusap kringet ing raine. Wida ing panggonan sepatu lan tas, uga
mangkono. Mas Joko ing bagian pembayaran uga padha dene.
Mung ing ngarep
etalase kang daktunggoni, rada sela. Boneka-boneka lucu pating trenguk nyawang
wong kang slira-sliri. Antariksawan Neil Amstrong, Batman, Putri Salju,
jejer-jejer rapi ing sacedhake montor-montoran lan kapal terbang.
Ana priya siji
kang suwe nliti pajangan boneka-boneka iku. Clilang-clileng mbungkuk, kaya ana
sing digoleki. Kawit mau aku ngawasake, lan kepengin takon kang dikarepake.
Nanging dheweke ketungkul liyane. Olehe milang-miling, tanpa ngrewes wong
blanja liya-liyane.
Maune aku
kuwatir, gek-gek dheweke duwe sedya ala. Nanging nalika dheweke ndengengek lan
mripate natap mripatku, aku dadi gragapan. Mripate sumunar ramah banget, lan
dheweke manthuk kurmat.
“Nuwun sewu,”
kandhane alon.
“Oh, boneka?”
aku nyawang etalase.
“Ingkang pundi?”
“Anu........,”
dheweke nyawang aku satleraman.
“Boneka
Cinderella”
“Boneka
Cinderella?” aku mlengak. Sajege aku ana toko iki, durung nate krungu jeneng
Cinderella iku. Banjur dheweke daksawang.”
“Kados pundi,
inggih?” pitakonku.
“Anu, kala emben
wonten. Kala emben nalika kula kaliyan Riri mriki, boneka punika taksih
wonten.”
Aku mikir-mikir,
karo nyawang boneka-boneka sing ana. Pancene aku ya nate maca buku dongeng sing
jeneng Cinderella ngono kuwi. Mula tanganku banjur ngranggeh Putri Salju.
“Punapa kados
punika, inggih?” pitakonku karo nuduhake boneka iku. Dheweke manthuk.
“Inggih, kados
punika. Nanging ingkang Cinderella punika langkung ageng, rambutipun dipun
klabang lucu, pitanan abrit. Rokipun jambon, werninipun tumpuk-tumpuk, sae
sanget.”
Oh, aku kelingan
saiki. Boneka iku panggonane ana ndhuwur etalase kene. Aku kelingen sing tuku,
bocah wadon umur telung taun karo ibune.
“Riri remen
kaliyan cariyos Cinderella punika. Mila nalika wonten boneka ingkang radi cocog
kaliyan gambaripun Cinderella punika, Riri lajeng mastani Cinderella mekaten.”
“Riri? Keng
putra inggih?” aku mesem takon mangkono.
Dheweke nyawang
aku. Aku kaget, panyawange murung. Gage dakterusake, “Nuwun sewu, menawi.....”
“Ah, mboten,”
pamunggele. Eseme katon maneh, samara sanget. Banjur dheweke nyekel Putri
Salju. Diiling-ilingi ngati-ati. Aku ngiling-ilingi dheweke. Dheweke simpatik.
Rambute rada dawa. Panganggone prasaja. Mesthine Riri iku anake. Nitik olehe
seneng Cinderella mesthine Riri wis gedhe, wis kelas telu SD. Ning jebul ora.
“Riri kelas
kalih,” omonge isih ngiling-ilingi boneka.
“Inggih,”
dheweke nyawang aku. Aku gragapan nampa eseme. Banjur sambunge karo nyelehake
Putri Salju, “Eman, piyambakipun namung kepengin Cinderella.”
Aku nyawang
kanthi rasa melu kedhuwung.
“Inggih,”
dheweke nyawang aku maneh.
“Ah, eman
sanget. Dhateng toko sanes mbok menawi kemawon wonten.”
Dheweke gedheg.
“Kala emben
sampun kula ubengi, Kepanggih dhateng mriki....Bing, kala emben yatranipun
kirang.”
Aku dadi ketarik
karo omongane, karo sikepe. Karo critane Riri. Nanging jam gemonthang kaping
loro. Toko wayah tutup. Kaya kaget dheweke, mandeng aku.
“Oh......, ”
wangsulanku sakecandhake. Anu, makaten kemawon. Seminggu malih boneka ingkang
dipun kersakaken punika sampun datheng. Mangke tindak mriki malih kaliyan Riri,
kersanipun milih piyambak.”
Dheweke mesem.
“Matur nuwun.
Inggih. Mbenjang kula wangsul malih.”
Sametune priya
iku, aku diacungi jempol Mas Joko. Aku ngguyu, ngerti maksude.
“Servise yang
bagus,” komentare kaya adat saben.
“Pembeli kan
raja, Mas Joko,” wangsulanku.
“Ah, ning
pembeli siji kuwi istimewa, Dhik Peni.”
“Mmmmmm..., Mas
Joko wis tepang karo dheweke?”
“Lho? Dhik Peni
apa durung tepung?”
“Durung.”
“Wah. Ketinggalan
jaman temenan. Dheweke kan penyiar kesayanganmu.”
“Eh, Tenane, Mas
Joko?”
Mas Joko nguyu
renyah. Wida lan Yuli kang mara nyedhak melu ngiyani. Aku dadi mbrabak abang.
Sebab, aku pancen kesengsem karo swarane penyiar sing dikandhakake Mas Joko iku.
Yen bener ngono sing golek boneka Cinderella iki mau jenenge Dino. Lan Mas Joko
nyambung maneh nggregetake.
“Kapan Dhik Peni
nyaguhi boneka Cinderella-ne?”
“Seminggu
maneh.”
“Semingga maneh?
Oke dakgolekake temenan.”
“Ah, Mas Joko
iki. Aku rak ora ngerti yen dheweke penyiar iku. Ngendikane kae, pembeli kudu
diladeni kanthi apik,” aku leruk.
Nanging
meneng-meneng, sajroning seminggu iki aku dadi mikir dheweke. Aku mikirake sapa
ta Riri iku? Yuli nate kandha dheweke isih single. Ah, persetan! Aku rak mung
pengagume wae. Salah sijine pengagume bae.
Mas Joko ora
nggorohi. Minggune maneh boneka iku teka temenan. Rambute diklabang loro, warna
emas. Embuh saka apa bahane. Nganggo pita bludru abang tuwa. Roke jambon,
wirune tumpuk-tumpuk, modhel longdress kang manis banget. Mripate biru, endah.
Ora kliru yen Riri menehi jeneng Cinderella. Mung regane, Masya Allah.
“Patang ewu, Mas
Joko?” pitakonku.
“Iya, ana apa?”
Mas Joko nyawang aku. Aku gedheg.
“Ora apa-apa.”
Patang ewu . aku
unjal ambegan dawa. Riri nyuwun boneka sing regane semono kuwi? Apane?
Aku kaget
jalaran digetak Mas Joko.
“Hayuh,. Kok
njur nglamun. Ora apa-apa. Saumpama dheweke ora sida tuku ya ora papa kok.”
Aku kecipuhan
temenan. Pambadhene Mas Joko marang isine atiku bener. Boneka mau banjur
dakpajang ana ndhuwur etalase. Ing sisihe dakjejerake boneka asu mawa pita
coklat. Ngendikane mas Joko, asu mau pengawale Cinderella. Dakgodha pisan, “Lha
tikuse ngendi, waluhe ngendi, labune ngendi?” Mas Joko ngguyu renyah.
“Kretane
Cinderella? Ach, ben digawekake dhewe.”
Kanca-kanca
ngguyu bareng krungu obrolan ngono kuwi. Ya obrolan ngene iki sing marahi aku
krasan nyambut gawe ana toko kene, Toko “Serba Ada” kang cukup gedhe. Tinimbang
nganggur yen esuk. Semono uga Wida lan Yuli. Aku bocah telu yen sore isih sekolah.
Mas Joko asring nggodha, jarene yen bengi tokone sepi. Amarga widodarine
ketungkul karo bukune dhewe-dhewe.
Dina Senen priya
iku teka temenan. Tekane wis meh nyedhaki toko tutup. Terus ngener panggonan
boneka. Weruh Cinderella, dheweke njegreg, thenger-thenger. Nalika aku nyedhaki
dheweke mesem, mbungkuk kurmat.
“Punika ingkang
dipun kersakaken?” panyapaku.
“Oh, inggih.
Matur nuwun,” gupuh wangsulane. Aku rikuh weruh sikepe sing formil ngono iku.
Dheweke nyekel Cinderella. Diiling-ilingi. Banjur didheleng regane. Aku ngira
dheweke kaget. Ning ora, praupane ora nuduhake rasa apa-apa. Malah banjur
rogoh-rogoh sak, njupuk dhompete.
“Riri kok mboten
ndherek?” pitakonku maneh.
“Riri?” dheweke
nglirik sethithik.
“Inggih. Keng
putra. Mesthinipun remen sanget saumpami boneka Cinderellla punika dipun
lengkapi kaliyan kreta lan pengawalipun,” aku ngathungake asu mawa pita coklat.
“Ah!”
Praupane dadi
murung. Aku dadi kaget. Dheweke katon cowong tinimbang seminggu wingenane. Oh,
apa bener dheweke Dino? Kak Dino? Penyiar kang dakkagumi suwarane? Nanging Mas
Joko mungkasi pambadheku.
“Hei, Dino.”
Dheweke noleh.
Banjur mesem. Nanging aku weruh,eseme kepeksa.
“Wis tepungan?
Dheweke pengagummu. Dino,” kandhane Mas Joko karo nuding aku. Raiku panas
dadakan. Mas Joko ngguyu renyah. Nanging Mas Joko, banjur nutugake gawene,
sawise ngomong sethithik. Aku ora wani nyawang penyiar iku.
“Oh, inggih ta?”
Dino saiki nyawang aku. Raiku sangsaya panas.
“Inggih,”
wangsulanku lirih. “Salah satunggaling pengagum suwanten Panjenengan. Pareng
ta?”
“Ah! Matur
nuwun. Sawijining bab ingkang mboten kula nyana.” Mripate manther. Aku mesem
karo nyekel Cinderella. Kothak wadhahe dakjupuk. Dheweke isih ngawasake.
Nanging omongane ngagetake atiku.
“Emanipun Riri
mboten saget pinanggih panjenengan.”
“Oh. Kenging
punapa?”
Dheweke unjal
ambega dawa. Mripate bali surem maneh. Sawatara dheweke nyawang Cinderella ing
tanganku. Banjur kandhane abot.
“Riri sampun
mboten wonten, sekawan dinten kapengker.....”
“Oh!”
“Kala emben,
boneka punika kula angkah saget ngiyataken semangatipun nglawan penyakit. Ah,
nanging..............”
“Ah, Riri....”
“Inggih. Riri,
adhik kula ingkang alit piyambak. Sapunika kedah kula tegakaken.”
Atiku
karanta-ranta krungu critane. Dakgambarake boch manis ngemban Cinderella iki,
lunjak-lunjak sumringah. Banjur dakgambarake maneh, bocah manis kang nglimpruk
tanpa daya ing ranjang, bocah manis kang lucu ijen ing petengan. Oh, mendak
sepine.
“Lajeng....punika
kagem sinten?” aku takon lirih.
“Kangge
gantosipun Riri.”
Aku tumungkul,
boneka mau dakkekep. Dumadakan wae, luhku nelesi mripat. Dumadakan bae aku
rumangsa kelangan....Riri, kepriye rupane? Aku kelingan adhiku kang isih
cilik-cilik ana omah.
“Piyambakipun
pancen ringkih. Boneka punika sampun dangu anggenipun ngimpekaken.”
Sawara kang
padatan dakkagumi lumantar Radio, saiki keprungu tanpa semangat. Tangane nyekel
boneka asu mawa pita coklat. Atiku sumedhot. Swara lirih.
“Punika kula
cepakaken kangge Riri. Kula remen sumerep lare ingkang sumringah. Ingkang lucu.
Oh, nyuwun duka menawi kula kumawantun nyuwun pirsa kala wau.”
Dheweke mesem.
“Mboten.... kula
malah remen, Kula mboten badhe nyelaki kanyatan menawi kula kecalan. Awit
sedaya punika mboten saget kita gerba saderengipun.”
Aku ora
mangsuli. Boneka Cinderella dakwadhahi kothak, semono uga boneka asu mawa pita
soklat. Ing njerone daktulisi Kanggo Riri. Sawatara suwene aku
nyawang boneka-boneka iku. Nganti krasa ana tangan ing pundhakku. Tangane Wida.
“Pen kowe
dienteni Mas Dino. Diajak niliki Riri sedhela. Kowe rak ora kabotan ta?”
Aku nyawang
Wida, nyawang Yuli, nyawang Mas Joko. Banjur aku manthuk. Boneka-boneka ing
bungkusan iku dakkekep ing dhadhaku.***
Gang Masjid,
April 1977
Panjebar
Semangat No. 32 Tanggal 6 Agustus 1977
diambil dari
“Blangkon” kumpulan Crita Cekak PSJB
halaman 16
sampai 24