Senin, 05 Januari 2015

Dhongeng

DONGENG
Dening: Djajus Pete

Ing alas ana kethek lanang sing lagi tapa.... Ora mangan ora turu nganti awake kuru lan mripate cowong. Weruh mangkono ana Dewa sing welas. Dewane mudhun, nakoni kethek iku. Duwe pepenginan apa kok nglakoni prihatin kaya mongkono?
“Anu, Dewa, kula pengin dados tiyang lan mimpin tiyang saknagari,” mangkono semambunge ibune Abi ndongengi Abi wayah ngarepake turu.
Karo mbenakake kemule Abi, Ibune mbacutake dongenge yen Dewa bisa minangkani kekarepane kethek kanthi mbalangake barang cumlorot sing adoh parane. Barang cumlorot iku ceblok dadi sendhang ing tengah alas, arane sendhang Anyar. Banyu sendhang bening kincling lerap-lerap. Kethek dikon kungkum ing sendhang kono rambah kaping pitu. Adus sepisan, wulune sing dhiwut-dhiwut ilang kaya dicukur resik. Adus maneh, ilang rai ketheke, malih dadi rai wong.
“Buntute, Bu?”
“Buntute suwe-suwe ya ilang bareng adus maneh. Sawuse adus kaping pitu kaya welinge Dewa, awak sakojur jibles wong,” wangsulane karo nyawang jam tembok.
Jam sanga persis, wayahe Dunia Dalam Berita ing TV. Nanging TV-ne ora diuripake. Lagi arep disetel mengko sarampunge siaran berita dunia, nonton sinetron.
Bacute dongeng, katrima anggone dadi wong menangan lan bisa ngalahake Ratune negara. Terus dheweke nggenteni dadi Ratu. Dhasar gagah, isih enom, katon ngengkreng mibawani. Kepenaking uripe dadi ratu uga dadi senenge kethek-kethek balane sing ana njero alas. Kajaba kethek-kethek iku diayomi keslametane, saben dina Ratu Anyar iku ngirimi pangan sak truk menyang alas. Sing dikongkon ngeterake prajurite sing bisa nyopir, Dikirimi sawernane buah-buahan, Sawernane roti lan sega salawuhe, komplit tekan ombene.
“Ngombene banyu sak drum, Bu?”
“Ora, wong Ratu sugih. Ngombene Aqua, Susu Kothak, Teh Botoh lan Sprite, kaya sing didol ana warunge Lik In kuwi,” wangsulane Ibune karo nggleges.
Segane dibungkusi, lawuhe werna-werna, endhog, iwak, daging, pindhang. Wong-wong tani seneng marang Ratu Anyar iku merga wis ora ana kethek-kethek sing ngebyong nyolongi tanduran bareng wis dicadhong pangan saben dina.
Tekan kono dongenge Ibune rampung. Sarana dongeng iku Ibune butuh ndhedher semangat ing atine bocah, yen sapa bae bisa klakon panjangkane waton kenceng pangudine. Kewan bae bisa keturutan kekarepane, apamaneh wong, ngono tembunge Ibune.
“Uler kae yang ngono. Nglakoni prihatin kepengin dadi kupu. Suwe-suwe ya keturutan, bisa mabur. Mulane kowe ya kudu sregep sinau lan ndonga supaya keturutan cita-citane. Suk pengin dadi apa yen wis gedhe?”
“Dadi tentara. Nembak, thor...thor...thor....!” wangsulane Abi sing klas siji SD, kelingan tentara nembak-nembak ing TV.
“Kethek-kethek sing nyolong tanduran ya tak tembak, thor....thor....thor.... Mati.”
“Ketheke wis ora nyolong tanduran wong wis wareg dicadhong Ratune.”
Nanging Abi terus ngecipris ngandhakake dongenge Bu Guru ing sekolahan ngenani kethek. Gurune nyritakake yen wateke kethek iku ala, srei, urikan, seneng ngapusi lan gelem nyolong ora uwis-uwis. Kethek yen weruh apa-apa mesthi diambu dhisik. Yen ambune seger, njajal diincipi. Yen enak terus nggetu dipangan nganti entek. Saka watege sing seneng ngambu-ambu iku njalari kethek akeh nemokake panganan. Apa-apa arep, apa-apa doyan. Kancil sing ora bisa menek uga tau kongkonan kethek supaya menekake gedhang mateng ing uwit. Kancile mung uman kulit sing diuncal-uncalake kethek mengisor.
“Nek aku dadi tentara, Kancil takewangi. Ketheke tak tembak, thor, thor, thor...!” semambunge Abi sigrak karo ngacungake tangane kaya nembak-nembak.
Ibune seneng krungu rembuge Abi sing lucu. Nanging Ibune ya anyel yen Abi ora turu-turu. Yen njaluk ditunggoni terus bisa keganggu enggone arep nonton sinetron. Dikeloni, diisik-isik sirah lan gegere, bocahe isih klisikan.
Lagi bisa ditinggal sawise nglepus. Kemule dibrukuti amrih anget awit hawane rada adhem. Ibune nonton TV, Abi nonton impene.
Ngimpi weruh buah-buahan saktruk diudhunake ing pinggir alas. Kethek-kethek gumerah rame pating crenguk lan pating cruwet. Akeh sing ora sabar, pating clingkrik munggah truk lan ana sing kerah rebutan buah sing paling gedhe. Prajurit sing nyopiri truk leren ngisis ing ngisor wit sawise ngudhunake krenjang-krenjang pangan momotane. Apel, jeruk, jambu, mangis, salak, rambutan, sawo, anggur, gedhang, roti-roti lan sega-sega bungkusan pepak saombene.
Ana wong ngemis lanang wadon kemecer weruh panganan mumbruk. Arep melu njupuk ora wani, wedi yen dikrayah kethek sing pating pringis kaya ora kena disanak. Kepeksa nembung marang prajurit sopire sing jedhal-jedhil rokokan sendhen wit.
“Pak kula nyuwun sekule niku, Pak. Mang pendhetake kalih bungkus mawon.”
“Piye unimu?! Kowe mrentah aku?! Takbedhil pecah ndasmu!” wangsulane prajurit mendelik mripate.
Sing disengap ngibrit nyingkrih karo nggeret sing wadon saka wedine. Abi nututi lan ngandhani yen ora kabeh entek dipangan kethek. Akeh sisa pangan sing mblader. Ana sing kalong separo lan akeh buah sing lagi dicakot sethithik terus dibuwang saka akehe p0angan sing cumepak tanpa kangelan. Yen truk lan kethek-kethek iku wis lunga, sisa pangan bisa digreseki kena kanggo tamba luwe yen doyan, ngono tembunge nyandhet wong ngemis diakon sabar sawetara.
Abi ora seneng karo prajurit sing galak iku. Nanging Abi ora ngerti, geneya marang padha wonge muni arep mbedhil. Yen marang kethek tangkepe kok malah apik, semanak. Ana kethek sing nrucak munggah menyang pundhake mung dietogake. Ana kethek sing ngeret-eret topine uga diumbar wae. Malah diajak guyon, topine dienggokake ing sirahe kethek.
Prajurit, sopir, sing isih gojek karo kethek-kethek dadi gugup lan nata panganggone bareng weruh sedhan ireng gilap kaiiring truk kebak prajurit. Ratu Anyar mudhun saka sedhan kaya kepengin nyipati senenge kethek-kethek dikirim pangan.
Marang ratu, Abi madulake tangkepe prajurit sing kasar arep mbedhil wong ngemis. Papane wong ngemis diduduhake, kena ditakoni yen ora percaya. Karepe Abi, supaya prajurit iku diseneni.
“Kowe anake sapa kok kendel omong. Isih bocah kok wis wani nyaruwe wong tuwa. Sapa sing mulang kowe?”
Abi mangkel, enggone wadul ora digape malah dheweke sing diurus tekan wong tuwane. Mula Abi kepengin males kanthi mbukak wewadine Ratu iku. “Kowe yang Ratu sing asale saka kethek tapa, diewangi Dewa.”
Sing kedumuk mbrabak abang. Lambene kumedhut nandhakake yen nesu banget. Tanpa diprentah, prajurit satruk gage tumandang. Nanging Abi wis njrantal mlayu mblusuk alas ketel, kesusu swara tembakan” thor...thor... thor....! Swara siyute mimis liwat ndhuwur sirahe. Playune saya dikebat, banjur ndhesel ing grumbul kandel karo ngasokake napase sing krenggosan. Merga ing sandhinge ana swara kethek pating kruwek kaya nuduhake pandhelikane, Abi mlayu maneh luwih adoh tekan pinggir sendhang sing banyune butheg angganda banger.
Apa iki Sendhang Anyar sing dicritakake Ibuku? Ah, mesthine dudu. Jare Ibuku Sendhang Anyar banyune bening kincling. Iki butheg kaya peceren, ngono batine dhewe mbantah karo niling-nilingake swara lan nyawang mubeng. Kuwatir yen ana glibete prajurit nguber dheweke.
Abi gage ngumpet weruh kledhange Ratu marani sendhang dietutake prajurit loro nyangklong bedhil tholang-tholang. Atine saya trataban awit Ratu sing terus cucul panganggo iku ora adoh karo papane ndhelik. Abi saya nyekete ing njero rerungkutan, nyawang sapari polahe Ratu tanpa kedhep liwat sela-selaning kekayon.
“Biyen aku nate adus ing Sendhang Anyar iki ambal kaping pitu. Suweku adus nganti kaping pitu njalari suwe anggonku dadi Ratu. Aku arep adus maneh kaping pitu.” Grenenge dirungu cetha dening Abi.
Ratu ambyur kungkum ing sendhang. Kaya ora nggagas marang butheg bangering banyu. Malah slulup-slulup katon seneng. Prajurit sing nunggu padha njumbul weruh Ratu sesembahane malih kethek tuwa dhiwut-dhiwut. Senajan mangkono isih bisa nggetak prajurite supaya ora ngowoh terus nyawangi dheweke.
“Iki Sendhang Pangalapan. Dhangkane dhemit ngganggu gawe aku, nganti aku disikara kaya ngene,” tembunge golek samudana, golek tiban nyalahake liyan.
Tembung mengkono iku emoh diarani yen alaning rupane saka kecemplung dening kaluputane dhewe. Kadereng saka kepengine dadi Ratu salawas-lawase nganti pandelenge sing wis lamur ora bisa membedakake bening butheking banyu sing dicemplungi. Wis kebacut dadi lakon, kaya wis ginaris dening kersaning Hyang Manon. Senajan mengkono atine meksa angluh nganti suwe anggone thenger-thenger. Lagi kumecap maneh bareng prajutite ajak omong.
“Lajeng kados pundi kersaninpun?”
“Aku arep ngaso ing guwa. Jaganen rapet lawang guwa karo kanca-kancamu, aja nganti ana wong sing nranyak mlebu,” tembunge mutusake ndhelik, emoh yen anggone kewirangan dadi tontonan.
Kaya wedi yen selak kaweruhan wong akeh, gegancangan tilas Ratu mlebu guwa, diiringi prajurit siji. Prajurit sijine terus nggoleki kanca-kancane diajak pacak baris njaga lawange guwa. Marga ana ayahan sing luwih penting kanggo njaga keslametane tilas Ratu. Abi sing durung kecekel wis ora diburu. Lagi Abi wani metu saka pandhelikane sawise aman. Niyate arep mulih, durung nganti metu saka alas, Abi weruh wong gemrudug pating braok mlebu alas. Padha nesu, mbengok misuh sauni-unine nggoleki tilas Ratune karo nyawati kethek-kethek kang ndhelik ndhepipis ing pucuk-pucuk uwit.
“Goleki ing njero guwa, aku ruh! Ndhelik ing njero guwa, aku ruh!” bengoke Abi ngandhani. Banter anggone mbengok kaya nglindur njalari Ibune sing nonton TV nggugah.
Nanging Abi wis lali sawutuhe impene. Elinge kari mblenyak-mblenyak, pedhot-pedhot, kaya barang pecah kang wis ambyar angel digathuk-gathukake endi sambungane.
“Ah, apa iya?” Ibune nggleges. “Mangka dongenge Ibu wis rampung ki. Ing dongeng kethek isih dadi Ratu kok.”
“Ora, Buk. Tenan, aku ruh.”
Jaya Baya, No. 1 Tanggal 5 September 1999.

diambil dari “Blangkon” Kumpulan Crita Cekak PSJB, halaman 76-83

Tidak ada komentar:

Posting Komentar