Senin, 05 Januari 2015

Boneka CINDERELLA

BONEKA CINDERELLA
Dening: Sri Setyo Rahayu


Nalika iku toko rame banget. Maklum, tanggal enom. Apa maneh toko panggonanku nyambut gawe iki klebu gedhe lan apa-apa ana. Yuli ing bagean klambi-klambi, dadi prasasat ora kober ngusap kringet ing raine. Wida ing panggonan sepatu lan tas, uga mangkono. Mas Joko ing bagian pembayaran uga padha dene.
Mung ing ngarep etalase kang daktunggoni, rada sela. Boneka-boneka lucu pating trenguk nyawang wong kang slira-sliri. Antariksawan Neil Amstrong, Batman, Putri Salju, jejer-jejer rapi ing sacedhake montor-montoran lan kapal terbang.
Ana priya siji kang suwe nliti pajangan boneka-boneka iku. Clilang-clileng mbungkuk, kaya ana sing digoleki. Kawit mau aku ngawasake, lan kepengin takon kang dikarepake. Nanging dheweke ketungkul liyane. Olehe milang-miling, tanpa ngrewes wong blanja liya-liyane.
Maune aku kuwatir, gek-gek dheweke duwe sedya ala. Nanging nalika dheweke ndengengek lan mripate natap mripatku, aku dadi gragapan. Mripate sumunar ramah banget, lan dheweke manthuk kurmat.
“Nuwun sewu,” kandhane alon.
“Oh, boneka?” aku nyawang etalase.
“Ingkang pundi?”
“Anu........,” dheweke nyawang aku satleraman.
“Boneka Cinderella”
“Boneka Cinderella?” aku mlengak. Sajege aku ana toko iki, durung nate krungu jeneng Cinderella iku. Banjur dheweke daksawang.”
“Kados pundi, inggih?” pitakonku.
“Anu, kala emben wonten. Kala emben nalika kula kaliyan Riri mriki, boneka punika taksih wonten.”
Aku mikir-mikir, karo nyawang boneka-boneka sing ana. Pancene aku ya nate maca buku dongeng sing jeneng Cinderella ngono kuwi. Mula tanganku banjur ngranggeh Putri Salju.
“Punapa kados punika, inggih?” pitakonku karo nuduhake boneka iku. Dheweke manthuk.
“Inggih, kados punika. Nanging ingkang Cinderella punika langkung ageng, rambutipun dipun klabang lucu, pitanan abrit. Rokipun jambon, werninipun tumpuk-tumpuk, sae sanget.”
Oh, aku kelingan saiki. Boneka iku panggonane ana ndhuwur etalase kene. Aku kelingen sing tuku, bocah wadon umur telung taun karo ibune.
“Riri remen kaliyan cariyos Cinderella punika. Mila nalika wonten boneka ingkang radi cocog kaliyan gambaripun Cinderella punika, Riri lajeng mastani Cinderella mekaten.”
“Riri? Keng putra inggih?” aku mesem takon mangkono.
Dheweke nyawang aku. Aku kaget, panyawange murung. Gage dakterusake, “Nuwun sewu, menawi.....”
“Ah, mboten,” pamunggele. Eseme katon maneh, samara sanget. Banjur dheweke nyekel Putri Salju. Diiling-ilingi ngati-ati. Aku ngiling-ilingi dheweke. Dheweke simpatik. Rambute rada dawa. Panganggone prasaja. Mesthine Riri iku anake. Nitik olehe seneng Cinderella mesthine Riri wis gedhe, wis kelas telu SD. Ning jebul ora.
“Riri kelas kalih,” omonge isih ngiling-ilingi boneka.
“Inggih,” dheweke nyawang aku. Aku gragapan nampa eseme. Banjur sambunge karo nyelehake Putri Salju, “Eman, piyambakipun namung kepengin Cinderella.”
Aku nyawang kanthi rasa melu kedhuwung.
“Inggih,” dheweke nyawang aku maneh.
“Ah, eman sanget. Dhateng toko sanes mbok menawi kemawon wonten.”
Dheweke gedheg.
“Kala emben sampun kula ubengi, Kepanggih dhateng mriki....Bing, kala emben yatranipun kirang.”
Aku dadi ketarik karo omongane, karo sikepe. Karo critane Riri. Nanging jam gemonthang kaping loro. Toko wayah tutup. Kaya kaget dheweke, mandeng aku.
“Oh......, ” wangsulanku sakecandhake. Anu, makaten kemawon. Seminggu malih boneka ingkang dipun kersakaken punika sampun datheng. Mangke tindak mriki malih kaliyan Riri, kersanipun milih piyambak.”
Dheweke mesem.
“Matur nuwun. Inggih. Mbenjang kula wangsul malih.”
Sametune priya iku, aku diacungi jempol Mas Joko. Aku ngguyu, ngerti maksude.
“Servise yang bagus,” komentare kaya adat saben.
“Pembeli kan raja, Mas Joko,” wangsulanku.
“Ah, ning pembeli siji kuwi istimewa, Dhik Peni.”
“Mmmmmm..., Mas Joko wis tepang karo dheweke?”
“Lho? Dhik Peni apa durung tepung?”
“Durung.”
“Wah. Ketinggalan jaman temenan. Dheweke kan penyiar kesayanganmu.”
“Eh, Tenane, Mas Joko?”
Mas Joko nguyu renyah. Wida lan Yuli kang mara nyedhak melu ngiyani. Aku dadi mbrabak abang. Sebab, aku pancen kesengsem karo swarane penyiar sing dikandhakake Mas Joko iku. Yen bener ngono sing golek boneka Cinderella iki mau jenenge Dino. Lan Mas Joko nyambung maneh nggregetake.
“Kapan Dhik Peni nyaguhi boneka Cinderella-ne?”
“Seminggu maneh.”
“Semingga maneh? Oke dakgolekake temenan.”
“Ah, Mas Joko iki. Aku rak ora ngerti yen dheweke penyiar iku. Ngendikane kae, pembeli kudu diladeni kanthi apik,” aku leruk.
Nanging meneng-meneng, sajroning seminggu iki aku dadi mikir dheweke. Aku mikirake sapa ta Riri iku? Yuli nate kandha dheweke isih single. Ah, persetan! Aku rak mung pengagume wae. Salah sijine pengagume bae.
Mas Joko ora nggorohi. Minggune maneh boneka iku teka temenan. Rambute diklabang loro, warna emas. Embuh saka apa bahane. Nganggo pita bludru abang tuwa. Roke jambon, wirune tumpuk-tumpuk, modhel longdress kang manis banget. Mripate biru, endah. Ora kliru yen Riri menehi jeneng Cinderella. Mung regane, Masya Allah.
“Patang ewu, Mas Joko?” pitakonku.
“Iya, ana apa?” Mas Joko nyawang aku. Aku gedheg.
“Ora apa-apa.”
Patang ewu . aku unjal ambegan dawa. Riri nyuwun boneka sing regane semono kuwi? Apane?
Aku kaget jalaran digetak Mas Joko.
“Hayuh,. Kok njur nglamun. Ora apa-apa. Saumpama dheweke ora sida tuku ya ora papa kok.”
Aku kecipuhan temenan. Pambadhene Mas Joko marang isine atiku bener. Boneka mau banjur dakpajang ana ndhuwur etalase. Ing sisihe dakjejerake boneka asu mawa pita coklat. Ngendikane mas Joko, asu mau pengawale Cinderella. Dakgodha pisan, “Lha tikuse ngendi, waluhe ngendi, labune ngendi?” Mas Joko ngguyu renyah.
“Kretane Cinderella? Ach, ben digawekake dhewe.”
Kanca-kanca ngguyu bareng krungu obrolan ngono kuwi. Ya obrolan ngene iki sing marahi aku krasan nyambut gawe ana toko kene, Toko “Serba Ada” kang cukup gedhe. Tinimbang nganggur yen esuk. Semono uga Wida lan Yuli. Aku bocah telu yen sore isih sekolah. Mas Joko asring nggodha, jarene yen bengi tokone sepi. Amarga widodarine ketungkul karo bukune dhewe-dhewe.
Dina Senen priya iku teka temenan. Tekane wis meh nyedhaki toko tutup. Terus ngener panggonan boneka. Weruh Cinderella, dheweke njegreg, thenger-thenger. Nalika aku nyedhaki dheweke mesem, mbungkuk kurmat.
“Punika ingkang dipun kersakaken?” panyapaku.
“Oh, inggih. Matur nuwun,” gupuh wangsulane. Aku rikuh weruh sikepe sing formil ngono iku. Dheweke nyekel Cinderella. Diiling-ilingi. Banjur didheleng regane. Aku ngira dheweke kaget. Ning ora, praupane ora nuduhake rasa apa-apa. Malah banjur rogoh-rogoh sak, njupuk dhompete.
“Riri kok mboten ndherek?” pitakonku maneh.
“Riri?” dheweke nglirik sethithik.
“Inggih. Keng putra. Mesthinipun remen sanget saumpami boneka Cinderellla punika dipun lengkapi kaliyan kreta lan pengawalipun,” aku ngathungake asu mawa pita coklat.
“Ah!”
Praupane dadi murung. Aku dadi kaget. Dheweke katon cowong tinimbang seminggu wingenane. Oh, apa bener dheweke Dino? Kak Dino? Penyiar kang dakkagumi suwarane? Nanging Mas Joko mungkasi pambadheku.
“Hei, Dino.”
Dheweke noleh. Banjur mesem. Nanging aku weruh,eseme kepeksa.
“Wis tepungan? Dheweke pengagummu. Dino,” kandhane Mas Joko karo nuding aku. Raiku panas dadakan. Mas Joko ngguyu renyah. Nanging Mas Joko, banjur nutugake gawene, sawise ngomong sethithik. Aku ora wani nyawang penyiar iku.
“Oh, inggih ta?” Dino saiki nyawang aku. Raiku sangsaya panas.
“Inggih,” wangsulanku lirih. “Salah satunggaling pengagum suwanten Panjenengan. Pareng ta?”
“Ah! Matur nuwun. Sawijining bab ingkang mboten kula nyana.” Mripate manther. Aku mesem karo nyekel Cinderella. Kothak wadhahe dakjupuk. Dheweke isih ngawasake. Nanging omongane ngagetake atiku.
“Emanipun Riri mboten saget pinanggih panjenengan.”
“Oh. Kenging punapa?”
Dheweke unjal ambega dawa. Mripate bali surem maneh. Sawatara dheweke nyawang Cinderella ing tanganku. Banjur kandhane abot.
“Riri sampun mboten wonten, sekawan dinten kapengker.....”
“Oh!”
“Kala emben, boneka punika kula angkah saget ngiyataken semangatipun nglawan penyakit. Ah, nanging..............”
“Ah, Riri....”
“Inggih. Riri, adhik kula ingkang alit piyambak. Sapunika kedah kula tegakaken.”
Atiku karanta-ranta krungu critane. Dakgambarake boch manis ngemban Cinderella iki, lunjak-lunjak sumringah. Banjur dakgambarake maneh, bocah manis kang nglimpruk tanpa daya ing ranjang, bocah manis kang lucu ijen ing petengan. Oh, mendak sepine.
“Lajeng....punika kagem sinten?” aku takon lirih.
“Kangge gantosipun Riri.”
Aku tumungkul, boneka mau dakkekep. Dumadakan wae, luhku nelesi mripat. Dumadakan bae aku rumangsa kelangan....Riri, kepriye rupane? Aku kelingan adhiku kang isih cilik-cilik ana omah.
“Piyambakipun pancen ringkih. Boneka punika sampun dangu anggenipun ngimpekaken.”
Sawara kang padatan dakkagumi lumantar Radio, saiki keprungu tanpa semangat. Tangane nyekel boneka asu mawa pita coklat. Atiku sumedhot. Swara lirih.
“Punika kula cepakaken kangge Riri. Kula remen sumerep lare ingkang sumringah. Ingkang lucu. Oh, nyuwun duka menawi kula kumawantun nyuwun pirsa kala wau.”
Dheweke mesem.
“Mboten.... kula malah remen, Kula mboten badhe nyelaki kanyatan menawi kula kecalan. Awit sedaya punika mboten saget kita gerba saderengipun.”
Aku ora mangsuli. Boneka Cinderella dakwadhahi kothak, semono uga boneka asu mawa pita soklat. Ing njerone daktulisi Kanggo Riri. Sawatara suwene aku nyawang boneka-boneka iku. Nganti krasa ana tangan ing pundhakku. Tangane Wida.
“Pen kowe dienteni Mas Dino. Diajak niliki Riri sedhela. Kowe rak ora kabotan ta?”
Aku nyawang Wida, nyawang Yuli, nyawang Mas Joko. Banjur aku manthuk. Boneka-boneka ing bungkusan iku dakkekep ing dhadhaku.***

Gang Masjid, April 1977

Panjebar Semangat No. 32 Tanggal 6 Agustus 1977
diambil dari “Blangkon” kumpulan Crita Cekak PSJB
halaman 16 sampai 24


Tidak ada komentar:

Posting Komentar