DUDU SALAHKU
Dening: J.F.X. Hoery
Kebeneran banget
pas aku oleh giliran penataran, mas Anto prei seminggu. Dadi bisa ngejak Aniek
ana ngomah. Maune wis dadi pikiran bae, kepriye mengko Aniek yen dak tinggal
nganti jam loro sajrone seminggu iku. Yen dak tinggal ngomah mesakake eyange
sing dina keri-keri iki iya sering gerah. Tujune bae kok mas Anto ya bapake
Aniek preine bisa ngepasi wektu aku penataran, atiku dadi cumemplong.
Kanthi anane penataran
iki, kajaba kanggo peningkatan sarta nguwasani kurikulum anyar, kanggoku uga
pinangka wektu kang becik lan kebeneran banget bisa ketemu kanca-kanca lawas,
sing saploke pengangkatan wis arang-arang banget ketemu. Kanca-kanca sing biyen
saben dina bebarengan abunemen sepur bakal kumpul maneh sajrone seminggu.
Seneng. Senanjanta sebageyan gedhe wis padha rumah tangga, kepara sing putri
wis padha momong kabeh. Klebu aku dhewe. Gumawang ing pangangen swasana lan
kenangan nalika abunemen biyen. Jam setengah lima kudu wis siyap ing stasiun
Pandangan. Yen wayahe mulih saumpama wulangane 8 jam pelajaran, kepeksa jam
pungkasan ora mlebu aliyas mbolos mung saperlu kanggo nututi sepur. Marsini,
Siti, Tatik, Wiwin, Naniek, iku kanca-kancaku kang paling raket. Kanca-kanca
mau sumebar ing desa-desa sajroning telung wilayah kecamatan, yaiku Purwosari,
Padangan, lan Kasiman.
Tenan, dina
kapisan mlebu penataran apa sing sing dakgambarake dadi kanyatan. Kanca-kanca
saangkatanku meh kabeh oleh giliran penataran bareng aku. Bareng padha ketemu,
wah senenge nganti katone wis padha lali yen padha duwe anak bojo. Padha
rangkul-rangkulan, gablog-gablogan lan sapanunggalane anggone ngesok rasa
kangen marang kanca. Apamaneh Marsini bareng ngerti yen aku uga ing bahasa
Indonesia bungahe ora jamak, dheweke nggablogi aku karo kandha,
“Mengko awor
dadi sabangku ya, mbak AR!”
“Iya. Dhik Yayuk
ana ngendhi?”
“Dheweke oleh
bageyan matematika. Piye mbak Ar, Aniek wis bisa apa?”
“Wis playon,
wong umur sepuluh wulan wis bisa mlaku. Malah wis suwe olehku mareni emik.”
“Lha ana ndalem
karo sapa?”
“Karo bapake.
Kebeneran pinuju prei.”
“Mas Anto isih
ana Cirebon pa?”
“Ora. Wis pindah
ana Geothermal ing Garut.”
Saben ketemu
Marsini mesthi nakokake Mas Anto. Kajaba pancen wis kenal, pancen dheweke
kancaku sing dhisik dhewe ngerti kisahku karo mas Anto. Kathik pancen hubungane
wiwit dhek isih sekolah kaya sedulu bae.
Kajaba
kanca-kanca saletingku, arang sing tak kenal. Amarga pengangkatan sangisorku
sing akeh saka sajabane Bojonegoro.
Dina kapisan wis
lumaku. Bali dadi murid maneh, lan swasana kaya nalika ana SPG bali tumimbul
ing penataran iki. Aku sida jejer karo Marsini ing bangku larikan nomer telu.
Mburiku wis dienggoni guru-guru putra, sing sebageyan gedhe durung dak kenal
amarga dudu lulusan SPG Bojonegoro.
Nyandhak dina
kapindho nalika awayahe nyatet, Marsini diulungi kertas sasuwek saka kanca guru
mburine. Bareng kertas dibukak lan aku melu maca, wong loro dadi mesem. Marsini
noleh memburi lan aku nglirik, semu geli. Kertas mau ditulisi sing muni
mangkene:
“Bu Mar, aku
dikenalake kanca sandhingmu iki. Wiwit ketemu wingi aku kok simpatik. Trims
yaaaa....”
Kepriye olehku
ora geli, wong wis pak Guru ndadak kenalan bae njaluk pearantara. Bubar noleh
memburi, Marsini ngingeti aku karo driji dudinge ditumpangake lambene. Tulisan
mau ora dibalesi, Marsini lan aku terus nyatet pelajaran. Bareng bel ngaso
muni, aku diglandhang Marsini menyang pojok gedhung sisih mburi. Karo mlaku aku
takon,
“Sapa sih Dhik
asmane pak guru kancamu mau?”
“Pak Darmadi. Benne
Mbak Ar, ayo dikapokake.”
“Sa sekolahan
ya? Paketan saka ngendi dheweke?”
“Ana SD
Batokan-Dua. Eltheha saka Magetan.”
Aku wong loro
ngguyu bareng. Durung tutug anggonku omong-omongan, pak darmadi nyedhaki, terus
takon Marsini.
“Kepriye, Bu?”
“Beres. Tapi
kudu ngerti syarat-syarate jaman saiki.”
“Wah, ngono bae
mosok kudu nganggo pelicin?”
“Lha yen ora
gelem mengikuti kahanan jaman ya terserah. Kari milih kepingin batal apa
kasil.”
“Okelah yen
pancen mangkono syarate. Menyang endi, nonton apa Miroso?”
“Karo-karone.”
“Ya wis beres,”
njawab mangkono, Pak darmadi terus nyawang aku. Banjur kawetu tembunge,
“Kepriye Dhik,
kersa ta?”
Aku meneng bae,
ora mangsuli, kuatir yen salah kedaden. Masiya mung guyon rak ndrawasi, jer
nyatane aku wis duwe anak-bojo. Nanging sajake pak guru darmadi sing mesthine
adhik kelasku iki malah nekad lan kandhane tetep ora basa.
“Jenengmu rak
Aryati ta, mau aku dikandhani pak Pur. Rak isih single ta. Mosok meneng bae?”
Aku tetep meneng
bae, lan sajake dheweke grisinen kabukten terus ninggalake aku, karo kandha
marang dhik Marsini.
“Tenanan lho Bu
Mar!”
“Dhik Mar, mbok
dheweke dikandhani sapa sabenere aku iki. Mundhak kisinan lan mesakake.”
“Bene Mbak Ar,
ben ditutugake. Pancen ana kono sifate iku sing ora daksenengi. Yen durung ketanggor
rak ora kapok, mulane iki kesempatan sing apik kanggo ngapokake dheweke.”
Wis telung dina
penataran lumaku. Pak Darmadi saya nekad anggone nyedhaki aku. Malah nalika bel
mlebu dheweke gageyan nglingguhi kursine Marsini karepe arep njejeri aku. Nanging
bareng, Marsini mlebu terus diuring-uring lan Pak Darmadi sidane isin dhewe.
Jane aku ya mesakake, niyatku arep dakblakani yen aku wis duwe anak bojo.
Nanging Marsini tetep ora oleh.
Mlebu bubar
ngaso aku dadi kontring dhewekan amarga buku cathetanku ora ana. Kamangka mau
daktumpuk ing njero laci meja. Marsini daktakoni, dheweke uga ora ngerti malah
melu bingung nggoleki. Daktakokake ngiwa nengen ora ana sing ngerti. Sidane aku
mupus, tujune isih ana buku kosong liyane. Nanging cathetan sing wing-wingi
iku, aku rak kepeksa kudu nyathet maneh. Nganti mulih buku cathetanku ora
ketemu lan ora ana sing ngakoni nggawa.
Dina esuke
nalika aku mlebu ruang arep ndeleh buku ditututi pak darmadi karo nyangking
buku kandel. Dheweke terus nyedhaki aku karo kandha,
“Iki lho Dhik
Ar, bukumu wis dak salinake ing buku kandel iki. Mengko ora susah nyatet,
daktulisake maneh bae.”
Aku kaget. Dadi
sing njupuk bukuku wingi dhewekwta. Ngono dhek wingi ditakoni Marsini ora
ngaku. Ngono dhek wingi diatkoni Marsini ora ngaku. Atiku ddi mangkel, pamaneh
kathik ngundang aku dhik. Lagi, umure bae jelas tuwa aku. Masa dhinese ya
dhisik. Aku. Aku banjur setuju banget karo trekahe Marsini arep ngapokake
dheweke. Iki kudu dhendham, mung sawijining pepenget amrih dheweke luwih
ngati-ati ngadhepi bocah putri apamaneh kanca-kanca guru putri.
“Ngono wingi ana
wong kontring kok kendel bae,” kandhaku mbukani rembug.
“Mergane aku
seneng sampeyan,” jawabe mblubut. Aku tambah mangkel. Sidane aku mantep karo
krenahe marsini anggone arep ngapokake. Durung nganti dakwangsuli maneh,
kaselak Marsini mlebu kelas.
“Hayo, semayan
apa iku!” pambengoke Marsini lan Pak Darmadai dhewe terus metu nglungani.
“Dhik, tibake
bukuku dheweke sing nggawa!”
“Aku dhek wingi
wis ngira.”
Buku kandel lan
buku cathetan dhek wingi dibalekake. Bareng dakbukak, ing njero ana amplope.
Amplop dakulungake Dhik Marsini dakkon mbukak. Tibake ing njero amplop isi
layang katresnan kanggo aku. Kathik isine terus blaka suta bae.
“Dhik Ar.
Arepa kepriye
aku ora bisa pisah karo sampeyan. Wiwit ketemu ana kantor sawatara wektu
kapungkur aku tansah katon-katonen bae. Mulane bubar penataran mengko aku wis
sedya arep nglamar dhik Ar. Lan wiwit mengko yen kodur dakterake.”
Salam tresna:
DARMADI
“Percaya ora
saiki awakmu Dhik Mar, rak tambah gendheng ta. Coba yen ngene iki kepriye, wis
saiki bae blakanana.”
“Wis ngene bae
saiki Mbak, sampeyan semayani gelem diterake suk pungkasan penataran lan kudu
karo aku barang. Benne ngerti dhewe. Karone aku ya wis kangen karo Aniek.”
“Ya wis yen
karepmu ngono. Aku setuju, karone yen mengkone dheweke kisinan ya dudu salahku
lho Dhik Mar.”
Tenan, mulih
penataran karepe Pak Darmadi arep ngeterake aku, nanging daksemayani suk
pungkasan penataran bae bebarengan karo Dhik Marsini barang. Dheweke nampa
janjiku iki.
Dina penutupan
penataran mulihe jam sewelas, amarga acarane pancen mung penutupan bae. Pak
Darmadi sida tindak omahku. Aku sepedahan dhewekan, dene Pak Darmadi
mboncengake Dhik Marsini. Ing dalan wong telu ora pati akeh jejangongan.
Batinku sejatine ya ora kepenak lan mesakake Pak Dar.
Marang mas Anto
kabeh mau dakcritakake, kepara layange barang diwaos Mas Anto. Mas Anto mung
gumujeng bae, amarga kedadeyan ngene iki ora pisan pindho.
Biyen wis nante
kancane mas Anto ngira yen aku iki adhike Mas Anto. Aku ditembung menyang Mas
Anto jare arep dipek. Mas Anto kepeksa gumuyu lan dikon kandha dhewe, nanging
durung nganti kandha wis diomongi kancane yen aku dudu Adhike Mas Anto, nanging
bojone. Tibake saiki, sawise aku duwe anak siji, isih ana maneh sing kecelik.
Sepisan maneh iki dudu salahku.
Tekan nglatar
keprungu swarane mesin ketik, kang ora liya mesthi Mas Anto ngrampungake
naskah-naskahe. Aku ngebel karo mudhun saka sadhel. Krungu swara bel sepeda,
Aniek mlayu metu karo bengok-bengok.
“Ibu awuh....
Ibu awuh, ..... Apaaakkk, Ibu awuh.....”
Aniek nubruk
aku, Mas Anto nututi metu saka kamar kerjane. Marsini mudhun saka boncengan
terus ngrebut Aniek sing dakbopong, diciweli pipine karon disun. Aku nyawang
memburi katon Pak darmadi kaya wong bingung, ndomblong lan praupane katon
mbrabak.
“Mangga Pak,
pinarak. Dhik Mar, Pak Dar diaturi ta, kok ditinggal.”
“Eh, iya, mangga
Pak Dar!” pangajake Dhik Marsini. Mas Anto metu ngerti ana Dhik Marsini banjur
mbagekake.
“Oh, Dhik Mar,
kadingaren. Nganti Aniek wis playon lagi tindak mrene maneh.”
“Kenalke Mas
Ant, kancane Dhik Mar.”
“Oh,
mangga...mangga pinarak.”
Aku ndhisiki
mlebu ngomah terus nata kertas-kertas tik lan nata majalah-majalah basa Jawa
sing mblangkrah ana meja, ketoke bar nggo dolanan Aniek. Pancen majalah-majalah
basa Jawa kang dadi pasrene omahku.
Wong papat
banjur padha lungguhan, aku karo mangku Aniek kang lagi ngedhot. Pak Darmadi
ora pati ana guneme, kapara akeh menenge lan ora wani nyawang aku. Senajan aku
karo Marsini nggawe suwasana biyasa, nanging Pak darmadi katon sajak nanggung
rasa isin.
Nganti pamitan
Pak darmadi ora akeh omongane ora kaya dhek ana penataran. Embuh ana ndalan
utawa ana sekolahan sesuk, Marsini dikapakake dening Pak darmadi. Aku melu
ngrasa mesakake marang Pak darmadi sing digambar Dhik Marsini. Nanging kabeh
iki rak dudu salahku. Senajan mangkonoa aku karo nguntapake tekan ndalan isih
mbukani rembug.
“Aja kapok
tindak gubugku lho, Pak Dar.”
“Inggih, matur
nuwun,” jawabane malih basa terus melahi sepedhahe sawise Marsini ngamplok ing
boncengan.
(Jaya Baya Nomor
45, Tanggal 12 Juli 1981).
Diambil dari
buku “Banjire Wis Surut” kumpulan crita cekak, anggitane J.F.X. Hoery), halaman
45-53).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar