ING KENE ANA CAHYA
Dening: Sri Setyo Rahayu
Esuk srengenge
wis dhuwur. Bocah Taman. Bocah Taman Kanak-Kanak nol-kecil wis mulih. Nanging,
Widuri isih durung mingket saka diapne. Mripate tumancep menyang jendhela,
nembus gorden kuning ing kono. Katon langit kang biru sumilak resik ing
antarane pang-pang lan godhong-godhong pelem. Ana manuk sajodho kang
pencolotan, oyak-oyakan, swarane pating crowet.
Widuri nyawang
kanthi sumringah. Ora krasa tangane diangkat, banjur drijine obah ngetheti.
Dheweke biasa ngetheti bethete bu Mitro, tangga sisih wetan kuwi. Ning wis
luwih seminggu iki dheweke ora weruh bethet kuwi. Wis luwih seminggu dheweke
mopo. Ah, manuk loro kuwi mencok ing ruji jendhela. Dheweke krengkangkrengkang
tangi, ning........
“Adhuh!!!”
Widuri bali
ambruk. Ah, sikile digips, ora kena obah babar pisan. Tangane sing kiwa kebak
perban. Oh! Dumadakan mripate teles. Wis luwih seminggu dumadine, nanging kaya
lagi wingi. Awan-awan mulih sekolah, sepedhahan beberengan karo Suryadi, panas
kenclang-kenclang, bareng truk amot watu kang lakune banter. Banjur Suryadi
alok....
“Wiiiid!!!!!”
banjur dheweke gugup, banjur....., banjur......., oh Gusti!
“Rodha-rodha
truk iku! Ana ngendi Suryadi saiki?”
Nalika eling lan
wis bisa ngomong, kancane iku ditakokake. Suryadi. Ngendhikane bapake.......
“Suryadi uga
padha dene dirawat, pada dene nandang tatu.”
“Nemen tatune?”,
pitakone, nalika kanca-kancane padha niliki.
“Padha karo
Widuri. Malah mbok menawa sikile kudu dioperasi, Wid. Balunge remuk.”
“Oh! Sikile
dipotong?”, Widuri njola.
“Iku lagi
perkiraan. Ning muga-muga ora.”
Widuri dadi
thenger-thenger. Saumpama dheweke ora tatu ngene, mesthi wis nggoleki Suryadi,
ketua kelas-e, klas III pasthi alam.
Oh, gek kaya
ngapa klase ditinggal Suryadi mengko? Mangka pertandhingan antar kelas ngadhepi
Harpenas wis wiwit. Apa bisa kelase mboyong piala bergilir maneh kang saiki
ngregani kelase, awit jago olahragane kepeksa ngaso ana dipan!
Nanging nganti
dina iki, nganti dheweke kena mulih, sanajan isih kudu turon bae, Suryadi
durung ana katon. Kanca-kancane tetep kandha, Suryadi isih dirawat. Malah ana
sing nggodhani, “Surya kangen karo kowe, Wid. Kowe ora kangen ta?”
Widuri mesthi
bae mbrabak. Wis dudu rahasia maneh, yen antarane dheweke lan Suryadi, ana
apa-apane. Kaya wis dadi dalil. ‘Jago kuwi mesthi ketarik karo jago.’ Mangka
Widuri jago matematika, jago Inggris, lan Suryadi jago olah raga, malah jago
segala macam pelajaran. Nah, dadi wis trep, pasangan kang ideal. Ndilalah,
jago-jago mau saiki padha dene kena musibah!
Widuri unjal
ambegan. Manuk sajodho ing ruji jendhela wis mabur maneh, wis pencolotan ing
pang-pang maneh, wis oyak-oyakan maneh, banjur mabur adoh. Bali sepi ngrajani
ati. Widuri ngeremake mripate. Pegel. Sikile krasa senut-senut. Dhawuhe dokter,
seminggu maneh lagi bisa dibukak. Iku bae isih kudu ana keputusan mengkone,
perlu operasi apa ora.
Lan dumadakan
bae Suryadi wis ana ngarepe.
“Suryadi!”
Widuri alok gumbira. “Surya!”
Surya mesem,
nyekel tangane. Widuri weruh, bocah lanang kancane iku wis seger, ora ketara
olehe lara babar pisan.
“Surya! Sikilmu
wismari ta? Ora sida dipotong ta?”, pitakone nricis.
“Ora. Ora sida,”
wangsulane sareh. Delengen, aku rak ora apa-apa ta?’
Widuri mesem,
nyawang sumringah.
“Ora,”
wangsulane kenes . “njur, kowe mlebu yen ngono. Ah, pertandingane mesthi bakal
menang maneh Surya. Pialane tetep duweke kene, ya!”
Suryadi mesem,
manthuk-manthuk,
“Harlan nggodha,
kowe kangen jarene”
“Aku pancen
kangen,”
“Aku uga.”
Dumadakan,
guyune pecah. Widuri mbrabak tomat. Suryadi nyekel tangane luwih rapet.
Kandhane lirih....
“Amarga truk iku
ya, Widuri. Truk iku kang nyebabake kita duwe rasa kangen. Yen kita....”
“Kita kangen,”
Widuri mesem.
“Lan tresna!”
“Mula kita
mbesuk milih jurusan kang padha, ya?”
“Iya. Kowe
kepengin nyang ngendi?”
“Kedokteran.”
“Kedokteran! Aku
uga, kita padha-padha nulung wong kang sengsara ya, Wid. Kaya dokter Herman
Susilo ing tivi kae. Ngutamake tetulung tinimbang golek rejeki. Kaya awake
dhewe iki. Hmmmmm, tujune ana dokter Pur..... Aja ana dokter Purnono ngono....”
“Iya. Bapak ya
ngendhika mangkono. Dokter Purnomo pancen wis misuwuur sosiale, kok.”
Banjur omonge
saya akeh. Widuri krasa yen dheweke waras. Bisa mlaku maneh, bisa sepedhahan
maneh. Lan kaya-kaya saiki wis bener-bener ngadeg jejer karo Suryadi,
padha-padha nganggo lab-jas, nyekel pinset lan peso bedhah ing kamar bedhah.
Ah!
“Kowe menawa
sing bakal nampa beasiswa, Wid.” Kandhane Surya.
“Ora! Kowe
mesthine, Kowe all-round, kok!”
“Ora, kowe.”
“Kowe!” Widuri
ngengkel.
“Kowe,” Surya
negesake.
“Kowe” Widuri
nirokake.
“Kowe, kok. Tenan,
kowe kok, Widuri.”
Widuri dumadakan
ngguyu weruh Surya dadi serius ngono kuwi. Banjur wangsulan nglendheh:
“Ya, ya. Aku
sing nampa beasiswa. Ah, Bapak Ibu mesthi remen banget.”
Lan Suryadi
ngguyu marem. Tangane saya kenceng nyekethem tangane Widuri, lan mripate saya
cedhak. Widuri gugup.....
“Oh!?”
Gragapan.
Suryadi ilang. Widuri ngelekake mripate amba. Suryadi ora ana! Sing ana: Bapak,
Ibu, Wali kelase.
“Slamet siang,
Widuri,” panyapane wali kelase.
Widuri isih
ngungun, ora mangsuli. Thenger-thenger nyawang wong-wong sing mesem ana
ngarepe.
“Kepenak rasane
saiki.”
Oh, Widuri lagi
sadhar saiki. Dheweke ngimpi. Ngimpi kang edi. Gragapan, saiki dheweke nyawang
wali kelase.
“Oh, pak Tamin.”
“Ana apa kok
sajak thenger-thenger?”
“Ah, mboten,
sampun saras kok. Anu, Pak.....,” dheweke nyawang wali kelase. “Anu, ....Surya
kados pundi?”
“Surya....”
“Nembe kemawon
dalem nyumpena, kepanggih Surya. Sampun saras. Malah criyos menawi kula nampi
beasiswa. Ah, mesthi Surya goroh, dheweke jagoan segalanya, kok. Inggih, pak?”
“Widuri....”
Bapak nyela, “Saumpama kowe sing nampa beasiswa, Wid rak seneng ta?!”
Widuri manthuk.
Bapake uga mesem.
“Pak Tamin
ngasta berita kanggo kowe. Sepisan, kelasmu nampa piala. Kapindho, Widuri nampa
gelar Pelajar Teladan ke III sa Jawa Timur!”
“Oh!’ Widuri
nyawang ora percaya. Wewayangane mitra rakete katon ngegla ing mripate. Groyok
swarane: “Lajeng, Suryadi....”
Ora ana sing
cemuwit. Kabeh kaya nahan ambegan. Oh, Gusti, dumadakan Widuri krasa sumendhal
atine. Dumadakan bae, Suryadi mesem ngregem tangane. Oh, Gusti, kaya ngapa
pucete esem iku saiki.
“A, a, Suryadi,
Bapak.” Swarane serak.
“Widuri!”
dumadakan Pak Tamin nyekel lengene, paningale kaca-kaca. Widuri, Suryadi....
ora bisa ditulung maneh, Widuri.”
“Oh!”
Kedokteran,
lab-jas. Kedokter, lab-jas. Widuri semaput.
Yen ana kabegjan
lan kasedhihan kang campur dadi siji, panggonane ana atine Widuri. Dheweke
kepeksa ditampa sawise nampa piagam penghargaan ing malam perpisahan sekolahe.
Sikile wis mari ning ana panggung salaman karo Direkture, dheweke kelingan
Suryadi. Suryadi! Lan kabeh siswa kang ngebaki aula SMPP kang munggah iku melu
trenyuh. Kabeh kelingan jago volly lan basket kang saiki wis tentrem. Si juara
kang sabenere taun iki nduweni hak kanggo gelar Pelajar Teladan ke I sa Jawa
Timur!
Ah! Kabeh unjal
ambegan. Widuri ngusap mripate, kaya katon cahya sumunar madhangi sakupenge
Suryadi. Cahya kang tumus ing jendhalaning atine. Cahya kang sumorot ing meja
bedhah. Cahya mripate Suryadi. Widuri saya mantep, dheweke kudu dadi sawijining
dokter kang mumpuni sakabehe. Kandel rasa kamanungsane kaya dokter Purnomo kang
nengenake tetulung.@****
Panjebar
Semangat No. 34 Tanggal 21 Agustus 1977
diambil dari
“Blangkon” kumpulan Crita Cekak PSJB
Halaman 9 sampai
15
Tidak ada komentar:
Posting Komentar