MBAH
DARMO
Wayah
wengi udan gerimis, Mbah Darmo kademen, pengen ngombe susu supaya large awake
rada anget. Sarene kentekan susu, Mbah Darmo menyang pasar golek susu bubuk.
Tekan ngarep salah suwijining kios kelontong, Mbah Darmo mlebu karo clingak-clinguk
nggoleki susu, ngantek diparani sing jaga
Penjaga: Badhe mundhut punapa Mbah?
Mbah
Darmo kaget diundang simbah karo penjaga toko. Bocah kuwi pantese dadi anake,
dudu putune.
Mbah
Darmo: Menawi Susu Bubuk wonten mboten Mbokdhe?
Sing
jaga kaget banget diundang Mbokdhe. Ngantek rambute njengat kabeh!. Banjur
protes keras marang Mbah Darmo
Penjaga: Loh kok diundang Mbokdhe tho? Kulo niki taksih enom loh Mbah!
Kok sakpenake dhewe diundang Mbokdhe. Umurku lagi selikur Mbah! Isih
kinyis-kinyis! Selikuuuuuur!
Mbah
Darmo: Lha sampeyan ngapa kok ngundang kulo simbah? Umurku lagi seket je, kok
diundang simbah?
Penjaga:
Loh, Romo kulo umure inggih seket siji sampun kagungan putu. Adhi kulo nikah
umur pitulas, sakmenika anake sampun kaleh! Panjenengan sampun pantes diundang
simbah, dadi aja protes rumangsa enom terus!
Mbah
Darmo: Yaaaaaaaah…. sampeyan injih mboten pareng protes diundang Mbokdhe! Wong
rayi sampeyan sampun kagungan putra kaleh! Injih Mboten???
Kanca-kancane Penjaga Toko
ngguyu kemekelen weruh bocah kuwi ora iso njawab pitakone Mbah Darmo.
Kepeksa Si Penjaga Toko ora sido ngundang simbah marang Mbah Darmo. Diganti
ngundang “Om” wae amarga luwih enom setahun tinimbang Romone
(Undil-2013)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar