Cerita Lucu Bahasa Jawa: Pitik Mogok Mangan
Bar nganakke pengajian Mbak Dewi ngresiki ruang tamu karo njukuki
turah-turahan suguhan sing ora dipangan karo tamune. Salah suwijining panganan
yaiku lumpia sajake wis rada lawas. Lumpia iku akeh sing kur dicokot sithik
karo tamune, ora dienthekake. Mbak Dewi ngambu lumpia kuwi, banjur
celathu menawa lumpiane wis rada banger. Apike dipakakke pithik wae. Ndilalahe
pithike Mbak Dewi krungu omongan iku banjur grenengan marang kancane.
Pithik Blorok:
Wah lumpia sing wis
mambu kae mesthi dipakakke aku
Pithik Putih:
Loh njuk ngapa tho?
Pithik Blorok:
Awake dhewe wiwit mbiyen
dipakani sing mambu-mambu terus, ora tau sing enak-enak. Mbok pisan-pisan ora
sah dienteni mambu!. Makani barang apik ora iso popiye?
Pithik Putih:
Hooh bener Blo!. Awake
dhewe kur diwenehi turah-turahan. Nek ngono mengko ethok-ethok ora doyan mangan
wae po?
Pithik Blorok:
Bener Put!. Engko nek
diwenehi lumpia dieker-eker wae rasah dipangan.
^_^
Wasan rampung ngresiki ruang tamu, Mbak Dewi njukuk lumpia
sak gegem, diuncalke ning lemah ben dipangan pithike.
Ananging pithik loro kuwi malah kur ngeker-eker lumpia nganthek sumebar
tekan ngendi-endi. Babar pisan ora gelem mangan.
Weruh pithike ora doyan lumpia, Mbak Dewi banjur njukuk sega
mambu ning pawon. Segane dilebokake ning trempolong ben dipangan pithike.
Nanging pithike malah kur nendang-nendang trempolong nganthek segane tumplak.
Mbak Dewi bingung, apa sebape pithike ora gelem mangan?.
Untunge dheweke kelingan nduwe roti tawar lawas sing wis
njamur. Mbok menawa pithike doyan roti. Rotine dijukuk ning nduwur meja,
banjur dioncalke ning ngarepe pithike. Ternyata padha wae nasibe karo lumpia
banger lan sega mambu. Roti jamuran iku blas ora dipangan karo pithike. Malah
ditendang-tendang ngantek kontal ning ndalan. Mbak Dewi kaget marang pokale pithike.
Dumadakan Adhine Mbak Dewi metu saka omah karo nuntun Ponakane
sing melet-melet kepedesen merga mangan arem-arem. “Kowe ki
durung doyan pedes Le, wis dilepeh wae arem-areme” celathune marang
Ponakane. Weruh adhine metu saka omah, Mbak Dewi banjur cerita menawa
pithike dho ora doyan mangan.
Adhine:
Wooo, sajake pithikmu
padha gering ki, saiki lagi musim Penyakit Tetelo loh!
Mbak Dewi:
Wooo ngono tho, nek
ngono digolekke obat apa ya?
Adhine:
Rasah diobati. Dibeleh
wae. Soale mengko malah nulari kanca-kancane.
Pithik Blorok kaget banget krungu usulan dheweke dibeleh
wae. Blorok tambah kaget wasan weruh Pithik Putih ujuk-ujuk notholi lepehan
arem-arem.
Pithik Blorok:
Kowe ki piye tho ? Awake
dhewe wis nolak mangan sega, kok malah trima mangan lepehan arem-arem ki piye.
Rak yo luwih njijiki tho?.
Pithik Putih:
Timbangane dibeleh, aku
milih mangan lepehan arem-arem wae. Ben kowe wae sing ora doyan mangan
luwih pantes dibeleh...
Pithik Blorok:
Enak wae. Aku ya
ora gelem dibeleh ki..... (Pithik
Blorok banjur cepet-cepet melu notholi lepehan arem-arem karo mripate merem
amarga jijik)
Pithik loro kuwi rebutan ngentekke lepehan arem-arem. Mbak
Dewi lan Adhine dadi gumun. Pithik sing mau ora doyan lumpia, sega lan roti kok
saiki malah rebutan lepehan arem-arem. Lucu tenan pithik jaman saiki
(Undil-2012).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar