Karya
menika kadamel saking suket kang saget kabentuk dados maneka warna pakaryan.
Salah satunggaling wonten ing nginggil menika. kula gadhah ide menika saking
tugas Pendidikan Lingkungan Hidup, tugas menika kula dipun utus damel pakaryan
saking bahan ingkang boten kaginakaken, kayata sampah, botol bekas, lan sapanunggalane.
Bahan-bahan
kang perlu disiapake kangge damel pakaryan ing nginggil menika yaiku, kerdus,
kertas HVS utawa kertas liyane inggih saget tergantung ingkang badhe damel, lem
kertas, solasi lan duble tip, ugi boten kesupen suket lan bahan ingkang boten
kaenggo.
Langkah-langkah damel pakaryan menika :
1.
Gunting kerdus dados bentuk persegi yen badhe kreasi bentuk
sanes nggih boten menapa.
2.
Tempelaken kertas putih ing kerdus kanthi bentuk ingkang
sami kaliyan bentuk kerdus.
3.
Lajeng tempelaken kertas warna dados bentuk bingkaai kayata
kertas warna abrit ing tuladhae menika.
4.
Bingkai menika kanthi lebar 2 cm kemawon.
5.
Susun kanthi sae suket tuladhanipun kayata ing nginggil
menika.
6.
Suket menika dipun taleni kaya sapu lajeng dipun solasi. Ing
nginggile solasi dipun paring double tip kangge nempelaken godhong suket kanthi
sae ugi ngandapipun.
7.
Lajeng kupu-kupu menika saking kembang ingkang dipun bentuk
memper kupu-kupu lajeng dipun tempelaken ngangge double tip
8.
Karya menika sampun dados.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar