ASAL-USULIPUN RAWA
PENING
Ngasem menika nami dhusun ingkang kalebet wewengkon
Kecamatan Ambarawa, Kabupaten Semarang. Kacariyos ing Ngasem wonten padhepokan
kondhang. Sedaya puthut lan endhang sebatan kangge murid jaler lan estri sami
mongkog manahipun pikantuk tuladha saking guru ingkang asma Ki Hajar
Salokantara. Ki Hajar kagungan budi wicaksana. Dene muridipun nama Ni Endhang
Ariwulan ingkang elok lan ayu.
Satunggaling dinten Ni Endhang bingung pados peso ingkang
biyasanipun kangge nyigar pinang ingkang badhe dipuncawisake kangge sesajen
wayah dalu. Kanthi ati kapeksa, piyambakipun matur dhateng Ki Hajar supados
kersa ngampili peso. Ki Hajar kaget, nanging amargi sampun mepet wekdalipun,
peso wau dipunparingaken kanthi wanti-wanti supados ngatos-atos lan sampun
ngantos peso kaselehaken ing pangkon.
Nanging Ni Endhang kesupen. Peso kaselehaken wonten
pangkonipun. Sanalika peso ical. Ni Endhang ngadhep Ki Hajar rumaos lepat,
nanging ingkang dipunlapuri boten duka.
Sawetawis dinten, Ngasem geger amargi Ni Endhang Ariwulan
nggarbeni. Ki Hajar Salokantara banjur dhawuh Ni Endhang ngadhep. Ki Hajar
badhe tapa brata ing Redi Telamaya lan maringi pirantiawujud gentha utawa
klinthingan ingkang badhe migunani kangge jabang bayi.
Boten dangu jabang bayi lair awujud naga. Nanging
polahipun kados jabang bayi sanes, saged nangis lan ngucap. Wingka katon
kencana, jabang bayi wau tetep dipunopeni kanthi asih tresna ngantos dewasa.
Warga ingkang sumerep naga menika boten telas-telas anggenipun ngawon-awon.
Naga ingkang sampun dewasa kalawau ing satunggaling
dinten nyuwun priksa dhumateng Ni Endhang, sinten sejatosipun bapakipun, Ni
Endhang maringi priksa menawi Ki Hajar menika bapakipun ingkang saweg tapa
brata ing Redi Telamaya.
Naga lajeng mbekta klinthingan, nusul ing Telamaya. Ni
Endhang saking katebihan ngetutaken. Naga wau medal lepen ingkang dawa, leren
ing ngandhap selo, ingkang samenika dipunwastani selo sisik lan nerasaken
lampah ngambah rawa, salajengipun liwat Kaligung, lerem malih ing satunggaling
selo ingkang nama Sela Gombak.
Boten kesupen naga wau ngginakaken
klinthinganipun.Ingkang sami sumerep lan mireng klinthinganipun naga ingkang
ngangge sumping menika lajeng marabi Baru Klinthingan utawi Baru Klinthing.
Saking dinten, wulan lan taun sampun dipunlangkungi, Baru
Klinthing dereng saged manggihaken panggenanipun Ki hajar Salokantara. Malah
samenika kendha boten gadhah daya. Nanging saking katebihan mireng kidung
lamat-lamat kados kidungipun Ni Endhang Ariwulan.
Saking ketebihan Ni Endhang ngetutaken Baru Klinthing
ingkang sampun manggihaken papanipun Ki Hajar Salokantara, lajeng manggen ing
Sepakung. Ni Endhang mapan ing celak sendhang. Sendhang menika lajeng kasebat
Sendhang Ari Wulana.
Ing pertapaan Telamaya, Ki hajar kaget mriksani naga
ingkang dumugi lajeng manthuk-manthuk ngormati ing sangajengipun. Ki hajar
pirsa menawi naga kalawau sanes naga ingkang ala, nanging naga ingkang gadhah
manah becik. Naga wau lajeng matur dhumateng Ki hajar Salokantara. Saya kaget
Ki Hajar, amargi boten nginten menawi naga wau saged wicanten.
Naga lajeng nyuwun pirsa, menapa leres menika dhusun
Telamaya, pertapanipun Ki Hajar Salokantara. Ki hajar ngleresaken. Baru
Klinthing bingah, lajeng matur menawi Ki hajar menika tiyang sepuhipun ingkang
sampun dangu dipunpadosi ing paran. Boten kesupen Baru Klinthing lajeng sujud.
Ki Hajar dereng pitados saestu, mila lajeng maringi pitakenan dhumateng Baru
Klinthing sinten ibunipunlan saking pundi papan dunungipun. Baru Klinthing caos
wangsulan menawi ibunipun asma Ni Endhang Ariwulan saking Ngasem. Ugi
boten kesupen Baru Klinthing nedahaken klinthingan tilaranipun Ki hajar
Salokantara.
Ki Hajar ngendika menawi klinthingan menika
dereng cekap, amarga ing donya menika boten wonten ingkang gampil, nanging
kedah wonten lelabetan lan kedah wonten panebusanipu. Supados saged dipunanggep
putranipun Ki hajar, Baru Klinthing kedah nglampahi laku tarak brata. Laku
tarak brata menika mlungkeri Redi Kendhil ngantos tepung galang.Tanpadipunmangertosi
Baru Klinthing, Ki hajar ngetutaken saking wingking.Baru klinthing
lajeng mlungkeri Gunung Kendhil ingkang dipundhawuhaken Ki Hajar, nanging sirah
lan buntutipun boten tempuk, kirang sakilan. Pungkasanipun Baru Klinthing nyambung
ngangge ilatipun. Ki Hajar lajeng medal mlumpat mungkes ilat menika.
Baru Klinthing kelaran nanging lajeng lerem manahipun. Ki
Hajar maringi priksa menawi kekiranganipun boten saged dipuntutupi ngangge
ilat, amargi ilat menika pusaka ingkang ampuh boten wonten tandhingipun. Ilat,
jembare mung sawelat, nanging darbe khasiyat. Yen pinuju nuju prana, bisa
amemikat, yen tan pener, bisa gawe getering jagad, “pratelane Ki hajar.
Baru Klinthing lajeng nerasaken tarak brata lan ilatipun
kedamel pusaka ingkang awujud tombak Kyai Baru Klinthing
Dinten, wulan, lan taun sampun kawuri, badanipun Baru
Klinthing ingkang mlukeri redi sampun boten ketingal. Ingkang ketingal namung
suket lan wit-witan ingkang ageng ing wana. Ki Hajar lajeng manggihi Ni
Endhang, maringi priksa supados Ni Endhang mapakaken putranipun Baru Klinthing
ing Dhusun Pathok menika kanthi laku ngrame.Pathok dhusun ingkang gemah ripah
loh jinawi, nanging warganipun boten gadhah raos syukur.
Wekdal menika warga Pathok nembe ngawontenaken pista
panen raya. Salah satunggalipun warga ingkang badhe mecah woh pinang kangge
campuran susur, anggenipun mecah dipuntataki wit ingkang sepuh lan cemeng
sanget. Jebul kajeng wau badanipun naga ingkang nama Baru Klinthing.
Naga lajeng dipunkethok-kethok kangge pista. Boten kanyana-nyana
sukma Baru Klinthing ngetutaken warga ingkang mantuk sarana njilma dados
pemudha bagus, gagah nanging reged. Namanipun Jaka bandung. Nalika pista
pemudha wau nyuwun pangan nanging dipunsingkang-singkang. Pungkasanipun pemudha
wau malah dipunsukani piwulang dening mbok randha ingkang asma Ni Endhang
Ariwulana. Sasampunipun nedha lan criyos, jaka kalawau nilar pesen menawi
mangke wonten swanten gumuruh simbok kedah mlebet lesung mbekta enthong lan
sangu saprelunipun
Jaka Bandung lajeng wangsul malih ing salebeting
pistanipun para warga lan nyobi nyuwun tedhan malih.Nanging malah dipuntampik
lan dipunisin-isin. Mila jaka nantang sinten ingkang saged njabut sada wau
badhe dipunsembah ping pitu. Nanging boten wonten setunggal-setunggala ingkang
saged.
Jaka bandung ingkang lajeng njabut sada wau. Sakala toya
nyembur saking siti sakathah-kathahipun, njalari banjir bandhang ngelebaken
dhusun saisinipun. Siti ingkang katut amargi sada dipunjabut dipununcalaken
mengaler lan malih rupi dados redi alit ingkang aran Gunung Kendhalisada.
Semanten ugi dhusun ingkang keleb amargi lumebering toya tilas sada, lajeng
dados tlaga ingkang bening toyanipun, ingkang katelah Rawa bening ingkan
samenika kasebat Rawa Pening.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar