JERIT BUBAR MAHGRIB
Dening: J.F.X. Hoery
Sidane sing
diarep-arep teka tenan sawise mahgrib. Mulihe iki sengaja ora nggawa
perlengkapan apa-apa, kajaba glathi kang tansah sumlempit ing bangkekane. Ajaa
ketemu bakul tanggane sing kandha yen dheweke diarep-arep supaya bali amarga
Emboke lara nemen ngono, dheweke ora ngarah gelem bali. Ya liwat bakul sing
ngandhani iku, dheweke banjur meling yen bengi iku bakal mudhun, sawise
nyerahake tugas-tugase lan aweh pituduh marang wakil lan mitra-mitrane.
“Jare lara nemen
Mbok, kathik katon seger bae?” pitakone sawise mlebu ngomah lan nyumurupi yen
Mboke ora apa-apa.
“Iya.
Cucul-cucul lan ganti dhisik, Har.”
Sing dikandhani
ora mangsuli. Klambi dril ijo sing wis luntur ijone, diuculi terus dicantholake
ing saka. Dheweke terus menyang sumur, adus. Bubar adus mung nganggo clana lan
sepatu. Ora lali glathine kang tansah sumlempit. Klambine isih cumanthel ing
saka.
“Embokmu kangen
banget, Har,” kandhane Bapake sawise padha lungguh ngadhep meja tengah omah
mburi.
“Ngono kok jare
Simbok lara nemen, tak Pak. Kamangka kahanan tambah gawat ngene. Tenaga lan
pikiranku dibutuhake dening perjuangan kanggo mempertahanake kamardikan sing
wis kita kumandhangake,” wangsulane Hardiyanto.
Lha yen ora ora
takakal ngono, kowe tangeh lamun gelem mudhun. Karodene kowe ngerti yen kahanan
sangsaya gawat ngono, apa isih arep tetep blusukan terus-terusan turut ngalas?
“Kersane Bapak?”
“Perjuanganmu
bebasane timun mungsuh duren, Har. Apa landheping pring wuluh sing mung kairing
bedhil-bedhil karaten iku kuwana nandhingi pasukan Landa sing gegamane sarwa
lengkap lan modern? Iku dudu tandhinge, Har.”
“Pak, kanggone
para pejuang ora bakal miris ngadhepi mungsuh senajan nggawa gegaman kang
lengkap. Semangat lan tekad perjuangane putra-putra bangsa, bakal luwih ampuh
katimbang katimbang mriyem-mriyem, mitraliyur sarta sawernane gegamane Landa.”
“Muspra,
har...muspra! Landa bakal unggul jurite ing payudan iki.”
Hardiyanto
meneng krungu omongane bapake sing mangkono panemu sing kaya ngono. Kamangka
nalika dheweke pamit nggabung kanca-kancane mbentuk Laskar Tentara Pelajar
ndhisik ora mangkono. Panjurung lan pandonga sing ditampa. Semono uga nalika
dheweke tilik mulih telung sasi kepungkur. Nanging saiki, ya gene Bapake duwe
panemu kaya mangkono? Pikirane dadi judheg. Wong loro isih padha
meneng-menengan.
“Wis rampung kae
lho! Nyang mburi mangan dhisik!” Kandhane mboke njedhul saka lawang pawon.
Hardiyanto karo bapake ngadeg, terus memburi ngadhep meja mangan. Dhasare budhal
mau durung klebon apa-apa, dikon mangan terus bae mlaku.
“Kok mbeleh
pitik barang ta mbok?”
“Pancen nyawisi
awakmu, sawise ndhek emben dikandhani yen kowe bengi iki arep teka. Bola-bali
anggonku melingake, supaya kolwe tilik mulih.”
“Ngono kok
kandhane jare sampeyan lara.”
“Yen ra ngono
kowe mesthi emoh bali. Iku awakmu nganti kaya ngono wis ora mbok openi, betheke
anggonmu katrem mburu kidang sing durung genah papan grumbule.”
“Mburu kidang
sing durung genah papan grumbule?”
“Wis ah, mangan
dhisik! Mengko omong-omonge, “ pamunggale Bapake.
“Lha iya, simbok
iki lho wong jamane kaya ngene kok ya masak-masakak kaya ngene!” Kandane karo
nyiduk sega.
“Iku rak
kanugrahan ta Har! Waregana, aku ndak-nggawe kopi.”
Sing dikandhani
terus mangan. Nanging pikirane terus ngrambyang, meruhi kahanane wong tuwane
sing adoh banget bedane panguripane laro nalika dheweke bali telung sasi
kepungkur. Saiki jamane saya angel, keamanan saya gawat lan ekonomi saya seret.
Nanging sajake wong tuwane bisa urip kanthi ayem. Tentrem, lan kepenak.
Kamangka mrana-mrana rakyat padha sesambat angele golek pangan. Kok wong tuwane
bisa mangan sarana turah-turah paribasane, miturut kanan sing diadhepi iku.
Banjur apa karepe mboke, kandha yen kabeh iku jare kanugrahan? Senajan lagi
nengahi mangan enak, nanging rasane ora enak. Dheweke eling perjuangane, eling
tugase mempertahanake kamardikan lan daerahe. Uga eling marang kanca-kancane
sing ditinggal ing nggunung daerah gerilya, sing mesthine bengi iki
nindakakeprentahe supaya nyusup menyang daerah pertahane mungsuh. Dheweke
kesereten, bola-boli keselak. Kepeksa anggone mangan dirampungi.
“Wis Har,
tinggal bae,” kandhane bapake. Wong loro banjur bali maneh menyang omah.
Hardiyanto kaget, weruh cawisan ing meja.”
“Iku lho Har,
wedange!” kandhane mboke.
“Mbok,......
Pak....! Iki susu lan roti saka ngendi? Jajan-jajan smene iki saka ngendi?”
pitakone Hardiyanto karo isih ngadeg ing ngarep meja, sedhela nyawang isen-isen meja terus
nyawang bapake lan mboke genti-genten.
“Mau rak wis
dikandhakake mbokmu ta Har, yen kabeh iku kanugrahan, mulane kowe takkon
mulih.”
“Kanugrahan?
Kanugrahan saka ngendi pak?” Hardiyanto katon wiwit ora sabar.
“Sabar Har,
Sabar. Mau aku rak wis kandha ta, yen sejatine perjuanganmu iku pindhane timun
mungsuh duren.”
“Dadi bapak lan
simbok saiki wis kena pangglembuke mungsuh?”
“Pikiren Har,
aku wong tuwamu. Sawise dakrasakake seprana-seprene, banjur apa sing
diarep-arep saka asile kamardikan? Coba pikiren, uripe dhewe wiwit jaman Jepang
nganti ngancik jamane kamrdikan urip kaciingkrangan terus-terusan bae. Balik
saiki, sawise Landa bali tekan kene maneh! Embokmu wis ora nate blanja. Susu,
gula, beras, kopi, lan liyane wis meh telung sasi mlaki iki, terus dikirimi
saka tuan van Hendrik.”
“Bapak!”
pambengoke Hardiyanto karo nggebrak meja, krungu kandhane bapake. Atine tambah
getem-getem maneh, bareng krungu jeneng van Hendrik sing ora liya Komandan
Markas Landa ing kuthane. Saiki dheweke ngerti yen wong tuwane wis kena
pangglembuke Landa, lan dheweke dikon mulih iki ora liya mesthi akale mungsuh.
Mulane har, kowe
becik bali bae.” Mboke nrambul kandhane, trus bacute.
“Tuang Hendrik
arep menehi kalungguhan yen kowe gelem nyelehake senjatamu. Kaya Daroji kancamu
kae, saiki kepenak melu serdadu Landa. Lan sing kerep mrene diutus tuan Hendrik
ngeterake barang-barang iku yang dheweke. Mula amrih slamete awake dhewe lan
amrih kepenakae turuten.”
“Bangsat! Kurang
ajar! Dadi Daroji sing dadi pengkhianat. Yen ngono dheweke sing mbocorake
marang Landa, nganti penyerbuane kanca-kanca gagal, lan akhire dheweke dianggep
ilangb dhisik? Saiki dheweke dadi gedibale Landa, lan ya dheweke sing bisa
ngracuni wong tuwaku?” Kanepsone Hardiyanto ora bisa dibendung.
“Wis ta Har,
turuten panjalukku!”
“Pak, jiwa
ragaku wis dak tegakake kanggo tumbaling kamardikan.”
Dumadakan krungu
swara sepatu pating ketheprok. Wong telu padha meneng, lan pandeng-pandengan.
Swara sepatu keprungu saya cedhak lan sajak akeh. Hardiyanto sadar yen ing
saroning bebaya. Trengginas dheweke nyaut klambine kang cumanthel ing saka, mencolot
memburi terus nggeblas metu lawang pawon, nasak petenging wengi. Sing ditinggal
mlayu ora bisa apa-apa, mung pating dlongop.
“Ora suwe pating
jedhul serdadu Landa wis mlewbu njero omah nggawa cucuk laku Daroji.
“Endi anakmu
Hardiyanto? Wis teka kaya janjimu dhek wingi?” pitakone pimpinan serdadu sing
arep nyergap hardiyanto marang bapake Hardiyanto saran tembung sing kagok.
“Eh....uu....uu
Durung te...teka Tuan,” jawabe bapake Hardiyanto glogap-glagep gupuh. Sing
wadon ngewel saka wedine, cangkeme kaya disumpeli ora bisa kanggo omongan.
“Durung teka? Ah
bohong. Iki cawisane sapa?”
“Bener Tuang,
dheweke durung teka. Iki, ....iki....kanggo nyawisi dheweke yen mengko teka.”
“Kowe ngapusi
ya!” pambengoke pimpinan serdadu Landa iku, karo ngarahake pucuke sangkur
marang bapake Hardiyanto.
“Daroji, lan
liyane coba golekana anjing Republik Hardiyanto, menawa isih ndhelik ana njeri
kene!” daroji lan serdadu andahane wiwit tumandang ngubres ing njero omah iku.
Nanging sing digoleki ora ketemu.
“Lawang pawon sing
mburi menga, Tuan. Lan ing meja bubar ana wong mangan, piringe durung dikukuti.
Nanging Hardiyanto ora ana,” kandhane salah sijine serdadu Landa totok.
“Ha....ha....ha.....
kowe ngapusi ya!”
“Ora Tuan. Sing
bar mangan aku dhewe lan bojoku mau saka sumur durung ditutup.”
“Bohong!
Kokdelikake ana ngendi anjing republik iku?
“Be...” Durung
nganti tutug omongane bapake Hardiyanto, dumadakan, Pyar!.... Sakabehing
isen-isen meja ambyar disampluk popor.
“Kowe.....kowe
anjing ngapusi aku ya? Iki sing mbok jaluk?” Prak,....brug!.... Bapake
Hardiyanto ditarik terus ditampani sabetan popor, tiba gumebrug natap lawang
terus ora obah. Sing wadon njerit nubruk sing lanang, Serdadu Landa wis ora
maelu panjerite wong wadon sing blulungan jeir-jerit iku. Padha buyar metu lan
ora suwe keprungu swara pating jedor saka panjebluge senjatane. Landa sing
ngawut-ngawut peluru ing des kono. Swara jerit bubar mahgrib binarung
panjebluging senjatane Landa.@
Panyebar
Semangat, No. 33
Tanggal 16
Agustus 1975.
diambil dari “Blangkon”
kumpulan Crita Cekak PSJB
Halaman 36
sampai 43
Tidak ada komentar:
Posting Komentar