Senin, 22 Desember 2014

contoh resensi novel jawa

Sinopsis Novel Jawa


Wis Ora Djaman’e Kawin Peksan

Judul                : TRESNA TOH PATI
Karya               : ANY ASMARA
Penerbit           : USAHA “KAWAN” CV
Tanggal terbit   : 15 Djuni 1962
Tebal               : 38 halaman

Piyayi kuna kuwi jen arep ndojokake anake nganggo dipetong disik. Neptune dina pasaran botjah lanang lan wadon dietung, digunggung, bandjur dipara-para jen tinemu ala ora sida digatukake. Saiki djamane wis madju, petungan kuwi ora mesti benere. Sing arep nglakoni kuwi botjahe, jen anadudu wong tuwane, mula jen ana tindak sing peksan kaja mengkono, kuwi klebu tindak kleru.
Achmad, pengarang muda, sugih tjrita, sugih kasusastran kang edi, peni, luwes, nganti bisa gawe sengseming para maose kabeh, nanging dheweke miskin katresnan nganti nemahing pati merga dajaning kawin peksan. Dheweke gandrung katresnan kalijan R. Adjeng Uminarsih, dene Uminarsih uga mengkono, ananging wong tuwane ora setuju amarga petunganing dina pasaran ora tjojok. Pungkasing Uminarsih didjodohake kalijan wong lanang kersaning rama. Ati sedih kang dirasaake Achmad ora bisa dilipur kanggo apa bae, dheweke nyoba lungo plesir menyang Semarang, ton-tonen tjitrane Uminarsih tetep ora bisa ilang. Nganti sawidjining wengi Achmad tekan sangarepe omah kang lagi duwe gawe, embuh omahe sapa ora weruh. Bandjur mandeg saperlu arep ngrungoake krontjong. Bareng weruh penganten sarimbit metu, dheweke kaget, ora njana jebul Uminarsih, awake ora kuwat bandjur tiba semaput. Dheweke digotong menjang jero omah, bareng wes sadar Achmad krasa isin lan kepengen menyat mulih. Bareng metu saka kamar, ing djobo wis ana Uminarsih, bandjur Uminarsih menehi lajang kang tekan ngomah bandjur dak watja karo Achmad, surasane Uminarsih dadi penganten kuwi ora merga blendjani djanji karo Achmad dhisik jen arep urip bebarengan, ananging amarga kersaning rama kang ndjodokake kalijan Dokter Trenggono. Katimbang urip saben dina mung tansah ginoda ing rasa tresna bae, aluwung mati. “Mas, pandjenengan dak enteni ana ing ngareping lawang kasuwargan.”, panutuping lajang Uminarsih. Uminarsih bali ing pangajunaning Pangeran djalaran ngombe ratjun.
Let telung dina saka kedadejan kuwi Achmad krungu kabar Uminarsih wes bali menjang ngarsaning Pangeran. Saja krasa remuking ati Achmad, dheweke mlebu rumah sakit nganti pirang-pirang wulan ora bisa mari, malah kang ana saja ora guna. Awit tiba mangsane Achmad wes ngrasa bener ora kuwat, dheweke pesen kaliyan Any jen sakpungkure dheweke, kon gubah sakabehing lelakone dheweke, dadekne tjrita saperlu kanggo katja benggala tumraping masarakat kang iseh kelu ing panganggep kuna, bisaha didandani, kudu melu enuting djaman, dadi ora kaja lelakone dheweke. Any anamung mangsuli “Insya Allah”. Let sepasar Achmad sida bali menjang pangajunaning Pangeran. Innalillahi wa’inna ilaihi rodjingun.
Kaluwihan novel         : tjritane njata
                                      nrenjuhake
Kekirangan novel        : anamung poto kopian
                                      basane tasih basa djaman bijen
                                      tulisane kang ora pati tjedtho
Piweling                       : ora sisah njodokake anak nganggo etungan-etungan ora mesti bener
                                      tresna kang sedjati iku nganti oncating pati
                                      kudu bisa nglaksanaake karepe rama sanadjan ora tjotjok karo karepe
                                      ora apik mati kanthi bunuh diri
                                      ora blendjani njanji karo wong sing daktresnani

Minggu, 21 Desember 2014

Sinopsis Novel "Purnama Kingkin"

Sinopsis Novel “Purnama Kingkin”
Arini Kenya ayu, lincah, kenes, grapyak, tinarbuka, terus terang nresnani priya nggantheng kancane kuliah, namanipun prono jalaran sifate kang kendel sarta rada isinan.
Asih Kenya ayu, lembut, alus, meneng, sing didherekake ibune prono wiwit kuliah nganti diangkat dadi bidhan meneng-meneng uga nyimpen rasa tresna marang prono.
Prono dadi bimbang miyar-miyur milih Asih napa Arini. Nanging wong tuwane prono luwih seneng Arini tinimbang Asih. Jalaran status sosial wong tuwane Arini luwih cetha tinimbang keluwargane Asih. Arini sida dilamar wong tuwane Prono. Ing acara resepsi pernikahane, Asih teka nyalami Prono lan Arini karo nangis jalaran ora bisa ngampah pangrasane. Wiwit kadadeyan iku Arini dadi sangsaya rangu marang katresnane Prono marang dheweke.
Andik mahasiswa sing nate KKN ana desa panggonane dhinese Asih, bola-bali nyedhaki lan nelakake tresnane marang Asih nanging ora nate digape, senajan atine Asih dhewe satemene uga seneng lan kagum marang Andik.
Dhasar atine Prono dhewe isih miyar-miyur senajan wis mbagun bale wisma karo arini, nganti kedadeyan Prono meneng-meneng nemoni Asih ana polindes. Nalika padha lungguh jejer lan omongan ngglenik, kedadeyan sing ndadekake gonjang-ganjine rumah tanggane Prono karo Arini. Arini ndakwa yen katresnane Prono wis ora bisa dipisah saka katresnane Asih. Arini banjur njaluk pegat.
Asih sing rumangsa luput banjur nyuwun pindhah panggonan dhinese cedhak kaliyan griyanipun ibune ana Nganjuk. Ya ing wektu iki Asih didhawuhi ibune yen sabenere duwe sedulur kembar sing dipupu marang wong liya. Asih rasane nelongso kepengin ketemu sedulur kembare. Lan kepengin nggoleki ing ngendi saiki omahe lan dipupu sapa.
Ing selane sepi Asih ngarep-arep tekane Andik kang nate kandha katresnan marang dheweke, lan saiki wis dadi dhosen muda ana ing kampuse. Nalika Andik ngurusi KKN mahasiswane, ANdik tepung karo Asri sing mirip banget karo Asih sing nate disuntheki rasa tresna nanging ora ditampa. Andik rumangsa entuk gantine Asih, Andik raket banget karo Asri. Andik wis nganggep hubungan iki temenan lan kepengin nglamar Asri. Sateruse Asri banjur dilamar Andik. Andik karo Asri nggoleki Asih, ketemu menyang omahe. Ing patemoan iku ibune bukak wewadi yen sabenere Asri iku sadulur kembare Asih. Atine Asih bungah banget bisa ketemu sedulur kembare sing pisah wiwit cilik.
Nanging atine bali sedih jalaran Asri wis dilamar Andik, sing nate nelakake katresnane sing nganti saiki during nate diwangsuli, sedhela maneh arep nikahan.
Arini sawise pegatan sawatara wektu, banjur nikah maneh karo bule asal saka jerman, Asih uga teka ana ing pernikahane Arini bareng Andik lan Asri.
Prono bola-bali nyedhaki Asih. Nalika Asih gelem ngancani mlaku-mlaku menyang rumah makan, Prono nelakake katresnane, lan ngajak mbangun bale wisma bebrayan, nanging Asih kanthi teges nulak. Jalaran dheweke rumangsa luput sing njalari pisahe Arini karo Prono. Yen Asih gelem nikah karo Prono ateges dheweke ngedegake bebrayan ing sandhuwure tangise Arini.
Sorote rembulan purnama nimbus liwat cendhela kaya-kaya melu sedhih nyekseni katresnan sing biyen nate tuwuh subur, saiki kepeksa ora bisa manunggal. Purnama kingkin.





Warta.

Tatarakiting Rongrongan Omah Jawa

Anyar KatonKawruh Sapala - Posted by  on November 24, 2014
Skema bentuk Omah Joglo lan bagiane
Skema bentuk Omah Joglo lan bagiane
Tata rakiting rongrongan (ruwangan) tumrap omah Jawa, gumantung marang ukuran gedhe cilike omah kasebut, sarta gumantung marang kabutuhaning kula­warga. Mungguh sing kagolong ruwang­an yaiku kamar-kamar kang ana ing ru­wangan omah kasebut. Umume, kabeh kamar ing jero ruwangan kasambung ing antarane cagak siji lan sijine, lan mapan pener ing sangisor blandar.

Tatanan/susunan ruwangan ing omah Jawa, yaiku:
  1. Omah Panggangpe. Ruwangan mung ana siji, dipigunakake kanggo warna-warna kabutuhan. Yen kanggo kebutuhan keluwarga kang penting, bisa gawe ruwangan anyar kanthi nam­bah wangunan emper ing sisih buri omah. Kanthi tambahan emper iku, wu­jude omah panggangpe dadi bentuk pang­gangpe Gedhang Salirang, Gedhang Setangkep, Ceregancet, Trajumas, lsp.
  2. Omah Kampung. Wujud susunan ruwangan omah kampung kaperang dadi 3 bagean, yaiku ngarep, tengah, buri. Ru­­wangan tengah diperang dadi telung senthong (kamar), yaiku senthong kiwa, senthong tengah, senthong tengen. Uga bisa ka­tambah ruwangan tambahan sing cukup diwatesi mawa rana (slintru). Dene yen mbutuhake ruwangan maneh, bisa ka­tam­bah wangunan maneh ing sisih buri. Kanthi mangkono wujude Omah Kam­pung baku, owah dadi wujud omah Kam­pung Paculgowang, Srotong, Darage­pak, Ceregancet, lan sapiturute.
  3. Omah Limasan. Wujude susunan ruwangan uga kaperang dadi 3 bagean, yaiku ngarep, tengah, buri. Ruwangan tengah luwih jembar katimbang ruwang­an ngarep utawa buri. Ing ruwangan buri kanggo telung senthong, yaiku senthong kiwa, tengah, lan tengen. Uga bisa katam­bah senthong maneh, mapan ing sisih kiwa utawa tengen senthong sing wis ana. Dene yen mbutuhake ruwangan ma­neh, bisa katambah wangunan ma­neh ing sisih buri. Saengga wujude Omah Limasan baku, owah dadi wujud Limasan Lawakan, Gajah Ngombe, Ga­jah Njerum, Gajah Mungkur, lsp.
  4. Omah Joglo. Omah Joglo mujud­ake tipe ideal mungguhing omah Jawa. Tatanan ruwangan omah Joglo sacara umum kabage dadi telung perangan, yaiku pendhapa (ruwang patemonan), pringgitan (ruwang tengah, umume kang­go pagelaran ringgit/wayang), lan dalem utawa omah jero (ruwang buri). Ing ruwang buri ana senthong 3 (kiwa, te­ngah, lan tengen). Omah Joglo sing dilenggahi golongan priyayi biasane bangunane luwih pepak. Ing sakiwa-tengen pringgitan/dalem, ana wangunan ndlujur sing aran gandhok tengen lan gandhok kiwa. Gandhok uga asring diwa­ngun kamar-kamar. Mungguh pawon lan papan abragan, manggon ing larikan gandhok mburi. Ing antarane dalem (omah jero) lan gandhok ana gapura cekli (lawang), aran seketheng. Seke­theng iku minangka wates antarane pla­taran jaba lan omah jero.
Wangunan omah Joglo ana kang migunakake wates pemisah antarane pendhapa karo pringgitan, yaiku wujud lurung cilik aran longkangan. Pigunane kanggo dalan titihan kreta utawa mobil kulawarga. Terkadang ana wangunan ing ngarep pendhapa sing disebut Kun­cung. Komplek omah Joglo jaman biyen, ing platarane dibangun beteng mubeng lan ana dalane mlebu sing disebut regol. Sumur/jedhing dumunung ing sisih tengen pendhapa rada mengarep. Lang­gar ing sakiwa sumur. Dene gedhogan (kan­dhang jaran) utawa garasi ing sa­kiwa pendhapa semu memburi.
  1. Omah Tajug. Minangka wangu­nan mesjid dumadi saka ruwangan-ru­wangan mirunggan, kang aran mikrab, liwan, surambi, ruwang wudu. Mikrab (pangimaman), yaiku papan palenggah­ane imam (pemimpin salat). Papane ing keblat sisih kulon perangan tengah, ben­tuke yen kasawang saka njaba kepara mecungul mangulon. Dene Liwan, yaiku wujud rongrongan jembar (ruwangan baku) kang mapan ing sisih tengah, sarta kanggo lenggah para jamaah kang pandha salat bareng (makmum) manut imam. Mungguh Surambi (emper), wu­jud wangunan omah Kampung utawa Limasan kang mapan ing sisih ngarep bangunan baku. Dene ruwang wudu, kanggo sesuci, mapan ing satengen surambi.

Wangunan Omah Jawa Ora Ucul Saka Prabawa Njaba
 Joglo Pendhapa Dalem Joyodipuran Yogyakarta
Joglo Pendhapa Dalem Joyodipuran Yogyakarta
Pangrembakane wangunan omah Jawa iku, ora ucul saka anane prabawa saka njaba, kayata pengaruh saka Kulo­nan (Eropah). Pengaruh kuwi ana kang banjur dadi ngowahi, ngilangi, utawa nambahi wujuding omah Jawa sing asli kaya jaman biyen. Wujuding wangunan omah Jawa saiki banjur kalaras karo kebutuhan jaman saiki. Mungguh dene pengaruh iku utamane ing babagan ba­han-bahan bangunan. Wangunan omah Jawa biyen, umume migunakake bahan bangunan sing akeh digawe saka kayu lan pring. Jalaran pengaruh jaman maju, bahan-bahan iku saiki akeh disu­lihi watu, semen, bata/batako, wesi/waja, asbes, lan liyane.
Faktor ekonomi kang luwih migatek­ake ing bab efisiensi (kayata pengiritan dana), kekuwatan lan keawetan bangu­nan, uga mrabawani marang kekarepa­ning manungsa kanggo mbangun omah anyar sing luwih praktis, ora ribet kaya omah Jawa jaman biyen. Maksude, murih ing bab pangreksaning wangunan ing wektu-wektu sabanjure, bakal ora banget repote lan ora kakehan ngetokake wragad. Mula saka iku, saiki wis akeh perangan wangunan omah Jawa, sing diganti. Umpamane, aling-aling gedheg disulihi tembok (bata, batako), balungan kayu (cagak, blandar) diganti balungan wesi sing dicor semen, umpak diganti pondhasi cor beton cakar ayam, gedheg/sirap diganti asbes gelombang lsp.
Jaman saiki, kanggo mbangun sawe­nehing wangunan omah cakrik Jawa (ka­ya ta Joglo), pancen mbutuhake wragad kaluwih larang, tur ribet memet. Mula akeh pawongan kang umume banjur mba­ngun wangunan cakrik Jawa sing “ora jangkep”. Kaya ta proyek-proyek pe­rumahan utawa pasar sing racake mi­gunakake wangunan omah cakrik Kam­pung utawa Panggangpe kang luwih pra­saja, murah, bakuh lan corake ngenut jaman.
Kajaba iku, yen dijingglengi, wangu­nan omah Joglo ing jaman saiki, tetela wujude wis ora pepak kaya Joglo jaman biyen. Omah Joglo jaman biyen, umume dumadi saka perangan rongrongan, ka­ya ta pendhapa, pringitan, senthong, dalem (omah jero), lan gandhok. Na­nging saiki wangunan pringitan lan gan­dhok wis arang digawe.
Jaman biyen, wangunan omah Jawa dibakuhi nganggo cagak minangka pa­nyangga bangunan kang diadegake ing sandhuwure umpak. Pamrihe, yen ba­ngunan omah kuwi arep dielih, bisa kan­thi luwih gampang anggone nandangi (cara kasebut diarani bedhol omah). Nanging jaman saiki, wong Jawa wis ora seneng mbangun omah kanthi wujud omah kaya jaman biyen.

Nanging, sanadyan mangkono arsi­tek­tur omah Jawa tekan saiki tetep dile­luri dening para priyayi kang remen nyeng­kuyung marang kabudayan, yaiku wong Jawa iku dhewe. Isih akeh para priyayi kang tetep ngukuhi marang aji­ning wewangunan tradhisional Jawa, sa­nadyan wis ora sacara wutuh, utawa mung katon ing wujud njabane bae. Ka­yata wewangunan omah-omah Jawa (kayata joglo lan pendhapa) kang diba­ngun dening instansi pemerintah. (*)

Adat.

Adat Tatacara Panganten Jawi Ing Surakarta Saha Ngayogyakarta (1)

Anyar KatonFlashKawruh Sapala - Posted by  on December 1, 2014
Abdidalem Karaton Ngayogyakarta badhe ngayahi pasang tarub
Abdidalem Karaton Ngayogyakarta badhe ngayahi pasang tarub
Bab tata cara panganten Jawi kados ingkang lumampah ing tlatah Surakarta utawi ing Ngayogyakarta, asring minangka pathokan tumrap lumampahing tatacara panganten adat Jawi ing pundi papan. Upacara panganten kanthi adat Jawi punika engga sapriki taksih kathah katindaken. Inggih punika ing kitha-kitha ageng, utawi ing papan-papan tebih ingkang kathah dipunpanggeni tiyang Jawi. Para priyantun Jawi ingkang mukim ing nagari manca, ugi kathah ingkang nindakaken tatacara palakrama kanthi adat Jawi makaten wau. Malah wonten ingkang ngantos ndhatengaken juru paes saking tanah Jawi, komplit kalihan juru cucuk lampah.
Nanging ingkang perlu kawuningan, sajatosipun nindakaken palakrama kanthi tatacara Jawi punika gumantung dhumateng tiyang ingkang gadhah hajad piyambak. Manawi ingkang kagungan hajad punika priyantun brewu mlekethu, temtu wedharing tata cara penganten saged katindakaken kanthi jangkep, sae, sarta ageng. Nanging kagem priyantun ingkang kagolong kirang mampu, tumapaking tata cara penganten padatanipun inggih namung kalampahan sacara prasaja sarta miturut kabetahan kemawon.
Wondene bab tatacara adat panganten Jawi ingkang badhe kaandharaken punika, lelandhesan saking kepekan sarta seratanipun bapak Winarno Wiromidjojo, priyantun winasis ingkang lebda ing bab kabudayan sarta kagunan Jawi, ingkang lenggah ing kitha Surakarta. Ugi katambah saking katranganipun ibu Ruminah Wiromidjojo ingkang pidalem ing Ngayogyakarta. Ing sawatawis wekdal kapengker, bapak Winarno Wiromidjojo nate sesorah babagan tatacara perkawinan Jawi ing Kantor Proyek Javanologi Yogyakarta.

Lelampahan Saderengipun Palakrama
Bab-bab umum ingkang kedah kalampahan saderengipun nindakaken palakrama, inggih punika sasampunipun wonten rembag antawisipun pehak calon penganten kakung kalawan pehak calon penganten putri. Kekalihipun sampun sami sarujuk badhe gesang bebrayan pinangka salaki rabi. Pramila lajeng katetepaken benjing punapa wekdalipun (dinten “D” nipun) kangge palakrama.
Kangge kabetahan punika lajeng kabentuk panitia ingkang nggadahi warni-warni jejibahan. Kadosta:
– Pinangka atur palapuran kangge urusan surat ijin nikah (dhumateng RT, RW, dhukuh, lurah, camat), KUA (Kantor Urusan Agama), Gereja utawi Kantor Catatan Sipil.
– Ngrembag bab nawala ulem (undhangan) prakawis gedhung, pengeras suara, dokumentasi, jurupaes, among tamu, MC/panatacara, hiburan, pasegahan, lsp.
– Ngrembag bab kabetahan adat, kadosta wilujengan, pasang tarub, damel sekarmayang, sesaji, lan sanesipun.
– Matah tetiyang ingkang pinangka tetuwangganipun adicara (padatanipun pinisepuh, utawi Ketua RT/RW), sarta tetiyang ingkang kajibah atur pambagya, atur panampi, lsp.
– Malah tetiyang ingkang badhe paring pambimbing dhateng calon panganten, sarta tetiyang ingkang ngawat-awati rancanging dhaharan, urusan tampi sumbangun, urusan pangintunan nawala ulem, pembantu umum, lsp.

Upacara Jonggolan
Tarub ngajeng kori, rinengga mawarni tetuwuhan
Tarub ngajeng kori, rinengga mawarni tetuwuhan
Ngancik pitung dinten saking dinten “D” kawontenaken Upacara Jonggolan. Ing mriku, saweneh petugas KUA rawuh ing daleminipun tiyang sepuh calon penganten putri, saperlu nanjihaken dhumateng calon penganten putri lan calon penganten kakung, punapa kekalihipun saestu badhe sagah nindakaken palakrama kanthi tanpa pineksa. Pinangka seksi, wakil saking keluarga calon penganten puti-kakung.
Ngancik tigang dinten tumuju dinten “D”, wiwit damel sesajen sarta wilujengan. Padatan ing Kraton Surakarta, caos sesaji ing Sitihinggil Kraton Surakarta kagem Nyai Setomi (mriyem), Kyai Surak (gong), sarta Kyai Sala (ingkang cikalbakal kitha Solo). Ugi mundhut pasir ing sakidul Bangsal Witana, pados ron waringin lumah-kureb ing sangandhap waringin kurung Kyai Jayandaru lan Kyai Dewandaru ing Alun-alun Ler, sarta mundhut toya tempuran lepen Bengawan Solo. Menggah ing Kraton Ngayogyakarta, kanthi caos sesaji ing Pasarean Kutha Gedhe sarta Imagiri.
Salajengipun nuli samekta sesaji kangge ing petanen sarta pendaringan. Petanen inggih punika senthong (kamar) ingkang bakal kangge papan pagulingan panganten, dene pedaringan inggih punika papan kangge nyimpen uwos.

Pasang Tarub
Ngancik tigang dinten tumuju dinten “D”, wiwit kaayahan pasang tarub. Lajeng sadinten saderengipun dinten “D”, ing kanan-kering tarub ngajeng kori nuli kapajang rerenggan mawarnai tetuwuhan, dumados saking: Setunggal tandhan pisang raja ingkang meh mateng (kalih uwit), tebu Arjuna sapasang, cengkir gadhing tuwin cengkir legi sarakit, pantun sagedheng kabage kalih, otek sagedheng kabage kalih, sarta mawarni ron-ronan (kluwih apa-apa, alang-alang, kara, maja, girang, kemuning).
Tetuwuhan kasebat kapasang kukuh ing cagak, nyawiji kalihan gedebog pisang raja. Tebu Arjuna kapasang jejeg, sangandhapipun kapasang cengkir gadhing lan cengkir legi. Sadaya wau gumantung kalihan janggan tandhan pisangipun. Dene ron kluwih pendhak tigang lembar kapasang ing gedebog pisang, sangandhap cengkir gadhing lan cengkir legi. Sangandhap ron kluwih kapasang rerangkenan pantun sarta otek sapalih gedheg ingkang rinengga ngupengi gedebog pisang. Sangandhapipun kasusul rerangken ron apa-apa, alang-alan, kara, maja, girang, kemuning (sadaya wau katindakaken kanthi sae dening piyantun mirunggan ingkang saestu kuwagang. Satemah ngasilaken rerenggan ingkang asri, maujud dados rerangkenan ingkang ceples menggahing tradhisi tarub pengaten Jawi).
Sesajen kanggo tarub lan tetuwuhan dumadi: sekul lulut (pulen) 2 ambeg, sekul wudhuk (gurih) 2 ambeg, sekul asahan (basahan) 2 ambeg, sekul golong 22 glindhing, jajan pasar (dhawet, rujak, pecel ayam, jangan menir, ulam ayam lembaran (saking jago pethak), jenang (abang putih, baning, baro-baro), jangkong, inthil katul, pisang, pisang ayu, suruh ayu, abon, jambe, gambir, mbako, injet.
Sesajen ingkang katanem, dumados saking empluk kaisenan tigan ayam 3, gereh pethek, kacang ijem, kedhele, kemiri, gepal jendhul, gantal (suruh ingkang kalinting lan lebetipun kaisi apu/injet sarta katangsulan). Nanemipun ing sangandhap petanen, sangajeng kori tengah, sangajeng pawon, sarta ing margi prasekawan. Nanging boten katanem inggih boten punapa, cekap kaselehaken kemawon. Menggah ujubipun kapasrahaken kaum.

Damel Sekar mayang
Sekar mayang utawi kembang mayang ugi minangka kalengkapaning palakrama. Kadamel dening saweneh piyantun sepuh ingkang estu lebda ing karya, kabiyantu dening para kaneman. Kangge damel sekar mayang kabetahaken ubarampe serta bebakal (bahan-bahan), kadosta: Kecohan (paidon) ageng cacah kalih, gedebog lan sindur gula klapa panjang kalih kilan cacah 2, janur kuning sekawan papah ingkang wetah, ron-ronan (girang, kemuning, waringin) ingkang kathah kapendhet sami gagang sarta epangipun, who nanas ingkang sampun mateng sajambulipun cacah 2, sujen deling ingkang kandel panjang tigang kilan cacah 2, sekar (mlathi, kanthil, sarta sekar sanesipun ingkang kapanggalih sae), dom bundhel lan dom bolah sacekap, degan cacah 2 kaparas  (keceripun katilar).
Dene ingkang kedah sampun kadamel utawi ingkang sampun sumadiya langkung rumiyin, inggih punika rerangken janur ingkang kadamel wawangunan maneka warni, kados keris-keris, manuk-manukan, uler-uleran, sarta conthongan sacekapipun.

(Wonten Sambetipun)

Adat.

Adat Tatacara Panganten Jawi; Panggih Panganten

Upacara Dhahar Klimah Panganten Surakarta
Upacara Dhahar Klimah Panganten Surakarta
Panganten kakung sampun dumugi sarta lumebet pendhapa, nanging taksih jumeneng ngrantu badhe wiwitipun upacara panggih panganten. Panganten kakung ngasta sekar gantal kangge upacara balangan. Sekar gantal punika dumados saking sedah (ron suruh) ingkang kalinthing, lajeng kaisenan jambe, apu, nuli kaiket mawi benang lawe sampun ngantos udhar. Manawi sampun sumadiya, panganten kakung lajeng katuran lumampah alon sacekap, kalaras miturut ungel wiramaning gangsa, mapag panganten putri.
Panganten putri ingkang sampun lenggah ngrantu, katuran jumeneng sarta lumampah alon sacekap tumuju kori tengah pendhapa kangge nindakaken upacara balangan. Sadaya upacara kairingan dening para sesepuh. Sasampunipun panganten putri ngasta gantal, sadumuginipun ngajeng kori tengah, upacara balangan lajeng kawiwitan. Sinten ingkang badhe mbalang gantal langkung rumiyin kasumanggakaken miturut pirembagipun.
Manawi panganten kakung ngagem kuluk utawi udheng, langkung rumiyin binuka sakedhik, kangge kausap mawi toya sekar ing sirah/palarapan dening pinisepuh ingkang tinanggenah. Pinisepuh ingkang mbikak kuluk/udheng, dene garwanipun ingkang ngusap kanthi toya sekar ambal kaping tiga. Kuluk/udheng lajeng kawangsulaken malih kanthi sae. Panganten putri lajeng jengkeng ing ngajengipun panganten kakung saperlu nata tigan ayam cacah tiga ingkang badhe kapidak dening panganten kakung ing upacara midak tigan.
Tigan kacawisaken kanthi winungkus plastik, murih manawi kapidak ingga pecah boten damel reged. Tigan cacah tiga kaseleh ing nginggil bokor. Sasampunipun cekap, panganten putri lajeng ngulap sukunipun panganten kakung mawi toya sekar setaman kaping tiga. Jaman rumiyin, pikajengipun kangge ngulapi sukunipun panganten jaler ingkang kotor sasampunipun upacara midak tigan.
Salajengipun, panganten putri jumeneng jajar ing sakiwanipun panganten kakung. Panganten kekalih lajeng lumampah lirih sesarengan tumuju dhampar panganten. Ing sawingking panganten kekalih, ibunipun panganten putri ndherek lumampah kanthi ngasta sindur ageng ingkang kakrukubaken dhumateng panganten kekalih.
Sadumuginipun ngajeng dhampar, panganten kakung lajeng lenggah dhapar sisih tengen, dene panganten putri lenggah ing dhampar sisih kiwa. Nuli kalajengaken upacara kados ing ngandhap punika:

  1. Upacara Dhahar Klimah. Panganten kakung kapurih nedha sekul walimah lawuh pindhang antep. Pindhang antep punika wujud ulam terik mawi kluwak. Panganten kakung lajeng ngepel sekul, kadulangaken dhateng panganten estri.
  2. Upacara Kacar-kucur. Panganten kakung paring guna kaya dhateng panganten estri. Patrapipun, panganten kakung ngesokaken gunakaya (kacar-kucur) ingkang dipun- wadhahi klasa bangka. Kacar-kucur punika isinipun kacang, kedhele, wos jene, arta receh/pecah suwang saprapat. Katampi panganten estri kanthi ngginakaken kacu gembaya, inggih kacu ageng ingkang warninipun abrit. Anggenipun nampi sampun ngantos wonten ingkang kecer. Sabab warilipun gesang mindhak boros.
Dening panganten putri guna kaya nuli kaaturaken ingkang bu. Dening ingkang ibu tumunten winadhahan ing klemuk sarta kaseleh ing sangajeng petanen, celak kursi panganten. Klemuk cacahipun kedah kalih. Klemuk ingkang satunggal isi kacar-kucur, ingkang lebetipun isi wos jene, kluwak, kemiri gepak, jendhul, bendho, tigan ayam, arta suwang saprapat. Klemuk ingkang satunggal isi toya tempuran.
Ing nalika upacara kacar-kucur, para ibu pinisepuh sesarengan ngandika makaten:“Kacar kucur atuta kaya sedulur, kacang kawak kedhele kawak atuta kaya sanak”.
  1. Upacara Pangkon. Sasampunipun upacara kacar-kucur, panganten kakung lan putri lajeng kapangku dening ramanipun panganten putri. Panganten kakung ing sisih tengen, dene panganten putri ing sisih kiwa. Ibu panganten putri tumuli tanglet dhumateng ingkang garwa “Anake abot endi Pake?”. Dipun jawab ingkang garwa“Padha bae abote.”
Upacara Panggih Panganten ingkang kasebat ing nginggil, punika upacara panggih kagem panganten kakung ingkang taksih jejaka pikantuk panganten estri ingkang taksih rara/prawan.
Nanging Upacara Panggih Panganten wonten wewaton malih, manawi:
– Prawan pikantuk dhudha kembang (dhudha dereng kagungan putra), saratipun penganten putri kedah nyiram tumper wonten tengah kori.
– Jejaka pikantuk randha lanjar (randha dereng kagungan putra), wewatonipun penganten kakung kedah nyiram tumper wonten tengah kori.
– Penganten kakung utawi penganten putri pikantuk sedherek misan, saratipun kedah madhung tumpeng ing sanginggiling pipisan.
– Lare ingkang kanikahaken dhawah pambajeng (langkung-langkung lare estri), dipunwonteni Upacara Bubak Kawah. Tatacaranipun sami, nanging katambah cawisan rujak manis sarta rujak degan. Caranipun, sabibaripun pangih, rujak manis lan rujak degan kaladosaken kagem bapakipun panganten estri. Ingkang bapa lajeng dipuntakeni semahipun, “Rujakipun eca pundi, Pak? Rujak degan kalih rujak legi?”. Wangsulanipun ingkang bapa makaten: “Seger sumyah. Wis ora ana sing kurang, Bu”.
Busana Basahan Panganten Ngayogyakarta
Busana Basahan Panganten Ngayogyakarta
– Lare kang kanikahaken dhawah wuragil (langkung-langkung lare estri), dipunwonteniUpacara Tumpak Ponjen. Inggih punika upacara pangkon, kalajengaken upacara ngedum ponjen. Ponjen-ponjen (kanthong, pundhi-pundhi) kadamel saking barang sembet (gombal) warna-warni, lajeng kaisi anggi-anggi bumbon craken/jamu, arta selaka, arta tembaga sapepakipun. Langkung utami mawi arta emas. Ponjen-ponjen nuli kasok ing sangajeng panganten, nuli kangge rebatan sadherek-sadherekipun panganten tuwin para putra wayah sanesipun. Nanging arta-arta wau lajeng kawangsulaken malih.
Kanthi makaten Upacara Panggih Panganten sampun paripurna. Kalajengaken pangandikan atur panuwun saking ramanipun, panganten putri (utawi priyantun ingkang kapatah). Sasampunipun cekap, lajeng pasugatan kawedalaken. Manawi wonten lelangen (acara kesenian) inggih saged nuli kawiwitan. Pasugatan ugi wiwit kawedalaken ngantos sacekapipun.
Adicara salajengipun panganten sarimbit katuntun mrepegi para lenggah, sarta katepangaken dhumateng para rawuh, utaminipun para tamu pangageng sarta tamu ingkang kinurmat. Lajeng kawontenaken Panganten Kirab. Inggih punika panganten kakirabaken Maksudipun amrih sadaya para lenggah ingkang wonten wingking saha sadaya ingkang paring pambiyantu, para sinoman tuwin sanesipun, saged mriksani kanthi trawaca panganten kekalih. Salajengipun panganten kekalih lumebet dalem saperlu tukar busana.
Manawi sampun cekap, panganten sarimbit tindak dhateng pendhapa malih sarta lenggah ing dhampar panganten. Sasampunipun kapanggalih cekap ing samudayanipun, panganten sarimbit lajeng mandhap saking dhampar panganten, kalarabaken tumuju sangajeng pendhapa minangka asung pakurmatan dhumateng para tamu ingkang badhe kondur. Para tamu paring pamuji donga pangestu dhumateng panganten kekalih. Ing wekdal punika, bapa-ibu panganten sarimbit, sesepuh, sarta sadherek sanesipun sami ngampingi panganten.
(Wonten Sambetipun)

Warta.

Kejuaraan Dunia Taichi; TKW Indonesia Nyumbang Medhali Emas 3

Anyar KatonYak Opo Kabare - Posted by  on November 24, 2014
Eulis Komariah
Eulis Komariah
Meneng-meneng sawijining wanita Indonesia asal Bandung kang aran Eulis Komariah kasil ngarumake jeneng Indonesia ing Kajuwaran Dunia Taichi kang digelar ing Taipei, Taiwan, tanggal 18-19 Oktober 2014 mentas iki.  Eulis kasil mborong medhali emas telu lan medhali perak siji.
“Aku bahagia banget bisa ngarumake jeneng Indonesia ing kejuaraan dunia iki” ujare Eulis sarampunge nindakake peragaan sawenehing jurus taichi ing ajang “The Fifth World Cup Taichi Chuan Championship”. Kajuaran iki dieloni peserta saka sawenehing negara klebu Taiwan minangka tuan rumah ing Taipei Arena, Minggu.
Wanita umur 46 taun kang nyambut gawe minangka pembantu rumah tangga ing Pingtung County iku oleh medhali papat saka peragaan 37 jurus lan 13 jurus ing bagian putri.
“Aku mung duwe kalodhangan melu lomba sedina wae. Saupama wiwit wingi-wingi, aku bisa oleh medhali emas papat” ujare ibu kanthi anak loro kang asale saka Bandung, Jawa Barat, ksb.
Eulis Komariah
Eulis Komariah
Prestasi Eulis ing taun iki pancen luwih apik merga ing kajuwaran kang padha ing Touyuan, Taiwan, rong taun kepungkur dheweke mung oleh medali perak loro.
Ing sela-selane kesibukane ngramut wong jompo ing kutha pelabuhan kang jarake kurang luwih 300 kilometer arah kidul Ibu Kota Taiwan ing Taipei iku, Eulis kepara uga isih sempat ngajarake jurus-jurus taichi marang para nelayan asal Indonesia.
Manut Eulis , Taichi dudu mung saderma olahraga bela diri wae, nanging uga salah sijine seni olah pernafasan kang tumangkar apik ing Tiongkok wiwit jaman kuna makuna.
“Aku ajar taichi wiwit 3,5 taun kepungkur saka juraganku ing Pingtung” tambahe Eulis kang wis pitung taun nyambut gawe minangka pembantu rumah tangga ing Taiwan iku.
Mula, samulihe saka Taiwan mengko, Eulis duwe kekarepan bakal ngembangake ilmu bela diri khas masyarakat Tiongkok iki ing Tanah Air.

“Aku pengin ana bibit-bibit atlet taichi kang mumpuni ing Indonesia” panutupe. (d)

Warta.

MDS Nuju Kampung Sukses

Anyar KatonYak Opo Kabare - Posted by  on December 17, 2014
Para bapak kang aweh semangat marang wargane
Para bapak kang aweh semangat marang wargane
Wali Kota Surabaya Tri Rismaharini sajak tumemen ba­nget anggone ngawekani program ‘cinta lingkungan’. Bukti­ne, pesta Merdeka Dari Sam­pah (MDS) tansah dipamerake nalikane ana kalodhangan lunga menyang manca. Salah sijine, wali kota nate paring sesorah kegiyatan taunan iki ing Ame­rika Serikat.
Risma-paraban akrabe Tri Ris­maharini-, mratelakake bab kasebut nalika paring sesorah ing acara awarding MDS 2014 kang digelar ing Taman Surya, Balai Kota Surabaya, Senin (16/11) kepungkur. Risma nandhes­ake yen program kanggo nres­nani lingkungan kasebut wis samesthine dipamerake jalaran nduweni wawasan (visi), keka­repan (misi), mesisan akibate kang apik banget.
Ora mung saya mundhak katresnane warga Surabaya marang lingkungane, acara kasebut nuwuhake gotong-royonge war­ga saya kukuh. “Kita iki mung sader­ma duwe SDM. Kita ora duwe sumber da­ya alam. Dadi, kita kudu tansah nindak­ake gotong-royong kanggo majokake kutha iki,” ujare Ris­ma klawan sema­ngat kang makantar-kantar.
Lomba MDS ngga­- yuh pucake di­na Minggu (16/11). Ta­un iki RT-09/RW-03, Kelurahan Ma­nukan Kulon, Keca­matan Tandes kasil mbo­yong gelar Best of the BestMDS 2014.
MDS di-launching nalika 11 September kepungkur. Sawise rong sasi mlaku, kegiyatan ka­sebut ditutup klawan awarding kang kaleksanan regeng ba­nget. Kepriye ora, wiwit esuk, ewonan uwong tumplek-blek ngebaki Taman Surya, Balai Ko­ta Surabaya. Dheweke kabeh kuwi dudu mung warga kang wewengkone klebu 33 wilayah terbaik MDS 2014. Nanging uga ana warga kota liyane kang nduweni kawigaten mligi ma­rang gerakan cinta lingkungan.
Acara kasebut tambah re­geng jalaran sadurunge nampa penghargaan, dheweke kabeh padha ngubengi Taman Surya mamerake sakehing sragam khas kang digawe saka barang bekas utawa kang wis didaur ulang. Ing antarane ana botol tilas inuman kanggo makutha kang awujud kembang, kar­dhus kanggo sakehing sragam, karung semen kanggo klambi, plastik kanggo rok, klawan sa­kehing corak lan warna kang mobyor.
Sinambi jejogedan kabeh mu­beng karo nenabuh sa-anane kang wis digawa saka ngomah. Ana panci, ember, galon wa­dhah banyu, ken­thongan, lan teta­buhan gamelan sarta grup jaranan.
Meruhi saiyege warga kasebut, Wali Kota Surabaya Tri Rismaharini sajak mongkog lan gu­mun banget. Wanita nomer siji ing jajaran Pemkot Surabaya iki ora ana kendhate anggone ngawe-aweake astane bi­narung mbengoka­ke anggone eram ma­rang wargane kang karep banget. “Mer­deka,” pam­bengoke wali kota. Semangate wali kota iku uga diwangsuli warga kang ora ka­lah makantar-kantare. “Merdeka, Bu Ris­ma,” pambengoke atusan uwong kasebut sajak bareng ambata rubuh.
Ing kalodhangan iki tilas Kepala Dinas Kebersihan dan Pertamanan (DKP) Sura­baya iki uga nelakake atur panuwune ma­rang warga kang wis mbiyantu lan gotong-royong anggone njaga karesikan lingku­ngane. “Yen warga ora saiyeg lan rukun, nglengkara kabeh iki bisa maujud,” tan­dhese tilas Kepala Badan Perencanaan Pem­bangunan Kota (Bappeko) Surabaya iki.
Ibu-ibu PKK RT-07 RW-04 Medokan Ayu, Jl Medayu Selatan XI, Surabaya
Ibu-ibu PKK RT-07 RW-04 Medokan Ayu, Jl Medayu Selatan XI, Surabaya
Isih ing kalodhangan iki, Risma ngajab marang warga sing wilayahe durung nge­loni MDS taun iki, supaya taun ngarep wis bisa ngeloni kegiyatan kasebut. “Yen sing liyane bisa engga saiyeg kaya ngono, ge­neya ora ditiru,” ujare.
Sawatara iku Best of the Bestkaperang dadi nem kelompok, yaiku Kampung Parti­sipasi Terbaik, Kampung Pemilihan Sampah Terbaik, Kampung Penghijauan Terbaik, Kam­pung Sanitasi Terbaik, Pahlawan Ling­kungan, lan Pembina (Road Show). Saben kelompok Kampung Terbaik ana wolung RT, dene Pahlawan Lingkungane ana wong lima, lan Pembinane uga ana wong lima.
Mligi tumrap Kampung Sanitasi Terbaik kang diembani dening Lurah Medokan Ayu, Bambang H.E.S, STP, dalasan Ketua RW-04 Drs.Ec Moelyono padha ngandhakake yen penghargaan kang ditampa kuwi merga asil saka gotong-royonge warga ngeng­gon, kang tansah dipikuwati dening sema­ngate Ketua RT-07, Jl.Medayu Selatan XI, yaiku Drs H.Sudiyono MM, dalah ibu-ibu PKK-ne.
Jl. Medayu Selatan XI, Kelurahan Me­dok­an Ayu, Kecamatan Rungkut iki katelah minangka ‘Kampung Mangga’. Awit, ing sa­dawane dalan kasebut akeh tanduran pe­lem ngrembuyung eyup, nyenengake ba­nget.


“Aku mongkog, awit nembe sepisan melu lomba wis klebu 30 besar,” ujare Su­diyono marang “PS”. Karo nambahake, “Te­rima kasih warga, terima kasih marang se­kabehane. Muga-muga taun ngarep bisa nggayuh juwara,” tandhese. (Bsh)

Warta.

Warga Neneka Bisa Ngurus SKTS Liwat Online

Anyar KatonYak Opo Kabare - Posted by  on December 8, 2014
Ngurus SKTS Liwat Online
Ngurus SKTS Liwat Online
Warga Surabaya wis di­gam­pangake anggone ngurus administrasi kependudukane. Sebab, warga neneka (urban) saiki bisa ngurus Surat Ketera­ngan Tinggal Sementara (SKTS) kanthi online. Bab iki jalaran Per­da Kota Surabaya Nomer 14 Ta­un 2014 ngenani owah-owahan marang Perda Kota Surabaya No­mer 5 Taun 2011 ngenani Pe­nyelenggaraan Administrasi Ke­pendudukan wis lumaku.
Kepala Dinas Kependudukan dan Cacatan Sipil (Dispenduk­capil) Surabaya Suharto Wardo­yo ngandhakake, SKTS iki kang­go ngganti kartu identitas pen­duduk musiman (Kipem) sing sasuwene iki lumaku. Liwat program SKTS online kasebut, war­ga musiman ing Surabaya diajap enggal ngurus SKTS.
Iki minangka program laya­nan sepisan dhewe ing Indonesia. “Yen sasuwene iki warga musiman kang ngurus kipem kudu nggawa surat keterangan pindhah sementara saka dha­erah asale, kanggo ngurus SKTS wis ora perlu nganggo surat ke­terangan pindhah sementara maneh. Sing wigati ana jaminan tempat tinggal ing Surabaya. Liwat program SKTS online iki, warga musiman bisa kanthi cepet ngurus SKTS,” ujare Suharto mentas iki.
Suharto nambahake, kanggo proses pengurusan, warga mung kari teka menyang kantor kelu­rahan utawa papan kang ana jaringan internete supaya SKTS online-ne bisa diakses. Pendhaf­taran bisa ditindakake liwat situs Dispendukcapil. Yen ngurus ing kantor kelurahan, pemohon bisa njaluk bantuwan petugas kang­go ngakses SKTS online dalasan ngisi form SKTS. Bubar ngisi form pepak karo jati dhirine, pemohon nggawa form iku dijalukake tan­dha tangane ketua RT lan ketua RW papan dununge. Sabanjure tandha tangane lurah.
Menawa telu-telune perang­kat kasebut wis tandha tangan, pemohon bisa nggawaform iku menyang kantor kecamatan lan kari ngenteni tandha tangan pe­ngesahan saka camat. “Carane gampang, cepet, gampang cak-cakane, transparan, lan motong jalur birokrasi. Prosese mbutuh­ake wektu dina kerja pitung dina. Dene njupuke SKTS kang wis ram­pung, cukup dijupuk ing kantor kecamatan ngenggon. Dadi, ora perlu teka menyang kantor Dispendukcapil,” jlentrehe Suharto.
Adhedhasar Pasal 9 Perda Kota Surabaya Nomer 14 Taun 2014, saben pendhudhuk WNI sing dedunung sawatara ing dha­erah suwene telung sasi wajib duwe SKTS. Dispendukcapil Su­rabaya wis nindakake sosialisasi program layanan paling gres iki marang perangkat desa saka 154 kelurahan lan perangkat saka 31 kecamatan ing kantor Dispen­duk­capil Surabaya dhek sasi September 2014 kepungkur. “Klawan program SKTS online iki, Pemkot Surabaya bisa antuk data lan nggampangake pengawasan ma­rang kegiyatane pendhudhuk musiman ing Surabaya,” kan­dhane tilas Kabag Hukum Pem­kot Surabaya kasebut.
Tumrap warga musiman kang ora ngurus utawa ora duwe SKTS bakal ketamansanksi slaras karo Pasal 97 Perda 14 Taun 2014 yaiku pidana klawan kuru­ngan paling suwe telung sasi utawa dhendha. Dispendukcapil Surabaya kanthi ora kendhat ba­kal nggandheng Satpol PP nin­dak­ake operasi yustisi.
Klawan anane program SKTS online, petugas bisa langsung ngecek datane warga musiman kang kejaring operasi. Apa warga musiman iki wis kecathet lan ngurus SKTS apa durung. “Petu­gas bisa ngecek langsung datane warga liwat smartphone. Datane rak wis online karo Dispenduk­capil. Dadi, sanajan ora nggawa SKTS, nanging yen datane wis ana, ya ora bakal ditindak,” tan­dhese.


Kepala Seksi Program Satuan Polisi Pamong Praja (Satpol PP) Surabaya Bagus Supriadi nan­dhes­ake, pehake ajeg nggelar operasi yustisi. Operasi kuwi kanggo ngendhaleni cacahe pendhudhuk klawan matesi te­kane warga neneka (urbanisasi) menyang Surabaya. Beda karo taun sadurunge, operasi yustisi kang dileksanakake taun iki langsung diterusake klawan si­dhang ngenggon. (Bsh)

sang inspirator.

Maujudake Taman Asri Amrih Latar Amba Ora Ngegla

Anyar KatonFlashTaman Wanita - Posted by  on December 8, 2014
Sesawangan ngarepan omah
Sesawangan ngarepan omah
Duwe omah kang kinupeng latar amba? Kanggone jaman saiki mesthi nyenengake. Apamaneh yen pomahan kasebut mapan ana tengah kutha. Ing atase rupeking dalan lan we­wangunan kang jentrek-jentrek, duwe papan jembar bisa kena kanggo ngeng­gar-enggar manah. Bisa ambegan kan­thi lega.
Mula banget prayogane dene plata­ran kasebut tinata kanthi permana. Adate banjur ditanduri maneka wit lan tetu­wuh­an. Utawa suket, kaya ta suket teki, amrih katon asri. Kaya kaya omah kase­but ngadeg ana sandhuwuring klasa ijo royo-royo. Luwih edi kanthi maneka ke­kembangan kaya ta anggrek, mawar, mlathi, uga lili.
Dene yen kepengin latar kasebut, sa­liyane endah, uga migunani, ana sa­weneh srana kanggo mujudake. Kang ka­pisan yaiku kanthi ngedegake pen­dhapa. Banjur diwenehi meja lan kursi, kang bisa kanggo lungguhan. Yen mapan ana ngarepan omah, bisa minangka pa­pan nampa tamu. Bisa rembugan kanthi swasana santai, sinambi nyawang wit lan kekembangan. Uga ngrasakake su­miliring angin.
Kursi lan meja kayu kang ngrenggani taman
Kursi lan meja kayu kang ngrenggani taman
Saperangan wong milih kursi saka kayu kanggo nggrenggani papan kaya kasebut ing ndhuwur. Ngatonake alami lan jumbuh klawan kiwa tengen kang ke­bak tetanduran. Kang perlu digatekake yaiku pangrumate kayu kang diseleh ana njaban ruwangan. Kena panas, kepara malah kecipratan banyu udan yen wayah rendheng.
Adate kayu kang dipilih kagolong sing kuwat. Kaya ta kayu jati utawa glugu. Lan uga ora ngono bae digawe meja kur­si. Nanging uga diamplas alus, di-cet, utawa dipernis. Panjangkep iki ora mligi amrih katon kimpling, nanging uga murih kayu luwih awet lan tahan maneka mangsa.
Yen latar amba, bisa direnggani kursi-kursi kayu
Yen latar amba, bisa direnggani kursi-kursi kayu
Kanggo ngrenggani pendhapa, ana maneka warna piranti kang bisa dipilih, selaras karo karemane sing kagungan dalem. Yen kepengin swa­sana klasik, bisa milih lampu kanthi riasan tembaga utawa ku­ningan. Digantung ana tengahing cungkup pendhapa.
Ingon-ingon uga bisa kapajang minangka rerenggan pendhapa. Sing paling gampang, manuk. Kanthi dipapanake ana kurungan kang di-cet warna-warna, wus bisa dadi sesawangan kang merak ati. Apamaneh yen manuke kagolong kang dhemen manggung utawa ngoceh. Sakala latar kaya dene taman ing pinggiring alas.
Meja kursi dhahar kang mapan ing njaban omah
Meja kursi dhahar kang mapan ing njaban omah
Dene yen kepengin sing luwih murah, bisa uga milih kursi saka bahan lan kwalitas sacukupe. Yen latare banget ambane, mbokmenawa uga mbutuhake kursi kang luwih akeh. Uga tetan­duran kang luwih maneka warna. Mula pancen kudu ditrapake karo cepake ragad. Kursi kanthi kayu tan­pa di-cet utawa plitur, pan­cen luwih gam­pang te­po. Jumbuh karo rega­ne, yen wa­yahe diganti ya ora patiya larang.
Latar kang jembar uga bisa digunakake kanggo nata papan dhahar. Padha karo ing ndhuwur, wiwit­ane di­bangun pendhapa. Ban­jur ing njerone di­tata meja lan kursi dhahar. Kulawarga bisa kembul bojana andrawina kan­thi swa­sana kang seger. Kepara yen kepengin nggawe acara beba­karan bareng, ora ka­ngelan mapanake uba­rampe mangsake.

Kanggo latar ukuran nanggung, kanthi omah kang kapetung modern minimalis, bisa direnggani kursi gantung saka bahan wesi lan plastik. Wujude cekli, uga migunani. Bisa kanggo lungguhan santai, lan ora ngentekake papan akeh. Adate kursi kaya mangkene di­papanake ana pojokan latar. (nana)