Tetuladhan Serat Angling Darma Ambya Madura
Dineng nagara Malowopati, langkong raddja sarta kerta gemma, nagara ngada’in tase’, ban mongkorragin goenong, ngapet songaj ngorebin pergin, tana landoe ta’ djama’, tatanemman tolos, reng kene’ toro’ pernatan, berkattepon rato bitjaksana adil, rangrang oreng doerdjana.

Samak buku- Cariyos Roman Anglingdarma anggitanipun GWJ Drewes
Makaten pethikan Serat Angling Darma Ambya Madura pupuh I Artate. Anggitanipun Raden Sosrodanoekoesoemo. Wedalan Pangecapan G Koff and Co Surabaya taun 194l. Sampun kacathet wonten bukunipun Henri Chamber Loir sarta Oman Faturrahman asesirah Khazanah Naskah: Panduan koleksi naskah-naskah Indonesia sedunia wedalan Ecole Francais d’Extreme Orient sarta Yayasan Obor Jakarta taun 1999. Dene suraosipun tetembungan ing nginggil kirang langkung makaten
Nagari Malowopati punika langkung ageng sarta subur, nagarinipun ngajengaken seganten, ngungkuraken gunung, kaapit lepen ingkang ngelebi pasabinan sarta pategilan ingkang subur, tulus sadaya tetaneman, lampahipun mawi pranatan sarta dipun asta ratu ingkang adil wicaksana, awis sanget wonten tiyang tumindak durjana.
Wonten ing pupuh I Raden Sosrodanoekoesoemo ugi nedahaken bilih anggenipun nganggit Serat Angling Darma Ambya Madura punika nedhak saking cariyos Jawi Kina. Namung kemawon boten dipun sebataken nedhak Serat ingkang pundi sarta anggitanipun sinten.
Panganggitipun adhapur sekar macapat. Naminipun sekar sami kemawon kalihan sekar Jawi kina. Ingkang benten basa ingkang dipun ginakaken. Kados ta Artatesami kalihan Dhandhanggula, Senom-Sinom, Kasmaran-Asmarandana, Kenante-Kinanti, Pangkor-Pangkur, Pocong-pucung, Mejil-Mijil.

Henri Chamber Loir (ngagem bathik) mbabar naskah lami Nusantara
Pambaginipun Serat boten mawi istilah pupuh ananging mawi istilah bageyan. Saben bageyan dumados saking sawatawis sekar. Upaminipun Bageyan I bubukaning Serat mawi pupuh Artate, lajeng kasambet Senom, Mejil sarta Kasmaran. Bageyan II Kenante, Pangkor, Mejil, Durma sarta Senom. Bageyan III Mas Kumambang, Artate, Kasmaran, Artate, Pangkor, Kenante sarta Artate. Bageyan IV Kenante, Mejil, Kenante, Senom, Artate, Kenante, Mejil sarta Durma.
Ingkang nenarik wonten ing Serat punika mawi methik sawatawis tembung Jawi kangge ningkataken bobot sarta daya kekuwataning sastra. Panyeratipun wonten ingkang pleg sami, upaminipun tembung nganggit, punjul sarta sentana. Wonten ingkang dipun wewahi supados laras kalihan guru lagu sarta guru wilangan. Upamanipun tembung kayungyun dipun gantosngajoenjoen, sak solahe dipun gantos sasolana, wusana dipun gantos basanana.

Digitalisasi naskah kina Madura
Lajeng kangge nedahaken warninipun sekar ingkang dipun angge mawi sasmita gendhing.Inggih wujud tetembungan ingkang kangge pratandha sekar ingkang dipun ginakaken. Saged mawi tembung lugu kadosta tembung sandika sang roba mano, enggi sang balibis pote, tole kabit bang-tembangan, arareppen tembang mejil.Sampun cetha bilih sekar salejengipun ingkang dipun angge inggih sekar Mijil.
Ananging wonten ingkang mawiakronim, upaminipun tembunggaja duli cabissagin, sang raja pon nete en jarwanipun titiyan gajah sampun saumdya, sang prabu lajeng bidhal. Tembung bidhal punika wosipun sami kalihan tembung medal utawi mijil. Kangge pratandha namining sekar candhakipun.
Sarta mawi tetembungan ingkang ungelipun sairib. Upaminipun tembung pote minangka sesandining tembung Artate. Jangkepipun Lok-ologan kaja da’ ké demmang duli, du paman paneka’, kula ollé blibis pote, bagus tor téra’cajana. Wosipun anggenipun ngaturi Demang kanthi sora, paman, kula pikantuk peksi meliwis pethak, bagus tur malih mawa cahya wulunipun.

Buku kina- Gambar lampahan Anglingdarma kalihan Dewi Setyawati
Wonten ing ngriki Raden Sosrodanoekoesoemo anggenipun maringi irah-irahaning Serat mawi tembungambya utawi ambyah ingkang jarwanipun mratah. Wosipun pangganggitipun serat punika supados saged mratah dipun sumerepi kalihan tiyang Madura sadaya. Sepuh anem sami tulus. Kacihna wonten tetembungankengeng badi baca’an da’ sabannya’epon bangsa Madura sadaja, towa ngoda me’ oneng semmona toles.
Sarta menangka’an toladan utawi minangka tetuladhan. Awit ngandhut sawatawis pengaji luhur ingkang dunungipun meh sami kalihan piwulang Niti. Inggih kawicaksanan minangka gegebenganing ratu salebetipun ngasta pusaraning praja. Kacihna wonten sawatawis bageyaning cariyos. Kadosta
Sepisan mituhu. Ingkang winastan mituhu punika wajib menggahing tiyang gesang. Punapa malih menggahing murid punika wajib mituhu dhateng wulang wurukipun guru pandhita. Kados ingkang kasebat wonten ing Bageyan I mawi tetembunganban potrana guru, enggi sang maha pendita, Mani’sutro mela kaemanen, eanggep panjimadan. Tegesipun kula panjenengan kedah mituhu sarta ngurmati dhateng guru sang maha pandhita, awit sadaya pangandikanipun saged dipun anggep minangka jejimat.
Kados ingkang dipun tindakaken Anglingdarma. Sanajan jejeripun ratu tetep nggadhahi wajib mituhu dhateng guru sang maha pandhita. Awit manawi mboten mituhu guru punika nama duraka, mesthi badhe nemahi bebendhu. Kados kasebat ing tetembungan Bageyan II, ungelipun reng nerrak larangna guru, maste daraka epanggi.

Pasareyane Anglingdarma ing Kedu, langkung rame ing wulan Sura
Kaping kalih tansah eling ing Gusti Ingkang Mahasuci. Ingkang dipun wastani eling punika panindakipun mboten namung manawi nembe nemahi kasisahan ananging prayogi katindakaken saben dinten. Kadosdene ingkang dipun lampahi Anglingdarma. Bab punika kasebat wonten ing Bageyan I ungelipun nalekana ngoladin, solana mano’ se bannya’, semmona ta’ bida oreng, emot da’ Maha Socce. Ingkang dipun wastani eling punika panindakipun mboten manawi nalika nemahi sanggarunggi ananging prayogi katindakaken saben dinten.
Kaping tiga rumaket ing raos paseduluran. Menggahing gesang bebrayan ing Madura wonten unen-unen kenca polatan, kanca taretan. Wosipun kanca ingkang polatanipun sae punika nglangkungi sedherek piyambak. Bab punika nedahaken bilih raos paseduluran kalihan tiyang sanes punika rumaketipun saged nglangkungi raos paseduluran kalihan sedherek piyambak. Awit tansah jaga jinagan. Kadosdene ingkang katindakaken Naga Partala, tansah anjagi Anglingdarma. Ing serat kasebataken mawi tetembungan Naga Pertala se esambadin, ganeko pan kenal lebat becce, ban bula ajanji, lebbi tretan onggu.
Kaping sekawan tuhu setya ing jangji. Menggahipun tiyang gesang tuhu setya ing jangji punika wajib. Punapa malih menggahing Anglingdarma manawi boten tuhu setya ing jangji badhe sangsara gesangipun. Kados ingkang kasebataken wonten bageyan III ungelipun nangeng sengko’ poma-poma ja’ padaddi rato gun dinna’, karan sengko’ reya laggi’ epaste nyandang sangsara.
Saged ugi kapidana dening para Dewa. Awit jejering ratu punika boten sanes minangka silih swantenipun Gusti Ingkang Maha Suci. Kados ingkang kasebataken wonten Bageyan II monggu rato cedra oca’ dibi’, kenneng okom laban diba lebbi, seda la epaste dapa’ claka’epon.
Mila punika kedah wantun ngakeni kalepatan sarta nyuwun gunging sih wilasa dhumateng Gusti ingkang Maha Suci kanti cara mertobat. Ing Serat kasebataken mawi tetembungan pan sengko’ dibi’ ta’ enda’ da’ totor bagus, sang raja Angling Darma lebat ngennes dalem ate, pan atobat sang rato da’ ka dibana.
Kaping gangsal santosa ing tekad. Sanajan jejering ratu punika prasasat kanggenan saliring daya kasekten ananging salebetipun nindakaken waradharmaning ratu prayogi santosa ing tekad, awit kathah godha rancana saking setan sarta iblis ingkang saged dados pepalanging lampah.
Kados ingkang dipun ngendikaken Anglingdarma dhateng Patih Batik Madrim makaten ungelipun gun jalan pan raja coba, lamon kodu maksa ngereng, kodu kellar merrangenna gudana syetan ban bellis.***
Tidak ada komentar:
Posting Komentar