Ijazahe Mono Mung SMP Ananging Mrantasi Gawe
Rikala Susi Pudjiastuti dipercaya Presiden Jokowi mimpin Kementrian Kelautan & Perikanan (KKP), akeh sing ngremehake. Ing atase SMA wae ora tamat kok didadekake mentri, apa kurang uwong? Ning “manusia besi” saka Pangandaran (Ciamis) kuwi pancen nyolong pethek. Ben ta mung lulusan SMP, nanging malah mrantasi gawe. Suwalike sing sarjana mung padha kakehan teori.

Mentri KKP Susi Pudjiastuti
RIKALA ditimbali Presiden Jokowi saperlu diangkat dadi mentri, Dirut “Susi Air” Susi Pudjiastuti rumangsa ora pantes, awit ngrumangsani awake kuwi pengusaha sing edan. Jebul Presiden Jokowi malah ngakoni yen pancen lagi golek mentri sing sugih gagasan edan. Merga sikepe presiden sing kaya ngono, wekasane Susi Pudjiastuti ora kabotan didhapuk dadi Mentri Kelautan lan Perikanan.
Wiwit awal-muawal Susi pancen rumangsa ora cocog dheweke dadi mentri. Mergane, mentri liyane cacah 33 kabeh darbe pendidikan dhuwur, wiwit S1, nganti S3, Mangka dheweke mung S….. MP. Banjur mengko kepriye tumanggape bebrayan? Lha rak tenan! Lagi wae dheweke diumumake dadi mentri KKP, ing medsos (media sosial) wis pating clanthet tembunge wong, sing kabeh ngremehake awake. Kaya kekurangan wong wae, mung tamatan SMP didadekake mentri.
Maksiate BBM Subsidi
Giri lusi janma tan kena ingina. Ambak-ambak mung lulusan SMP, nanging Susi Pudjiastuti mrantasi gawe. Wis akeh karyane kanggo negara. Suwalike wong liyane, akeh sing wis S2 nanging malah dadi tuna karya alias pengangguran, jalaran sing sarjana mung padha kakehan teori. Ing sakawit kalangan pengusaha dhewe uga nyumelangake katiyasane Susi, mentri lulusan SMP bisa apa? Bareng Bu Mentri ngudhar gagasane, kabeh padha cingak. Jebul Susi Pudjiastuti nglonthok lan nguwasani bab theg kliwere jagad kelautan lan perikanan, amarga pancen wis suwe dadi pemain lapangan.

Susi potret ing ngarepe sawenehing pesawat carteran darbeke
Adate mentri anyaran kuwi isih gagap-gagap, nyalarasake karo kahanan. Bareng Susi ora ngono, sedina rong dina dadi mentri wis wani ngetokake kebijakan strategis. Upamane, Bu Mentri kontan nglarangi kapal bongkar muat iwak ing tengah segara, amarga iku mbukak kalodhangan kanggo nyolongi iwak-iwak Indonesia. Kejaba kuwi Bu Mentri uga nglarangi kapal penangkap ikan ukuran gedhe saka ngamanca mlebu perairan Indonesia. Izin tangkap ikan kanggo kapal anyar uga dimoratorium (disumenekake) sajroning nem sasi. Kersane Mentri KKP, kanggo inventarisasi gunggunge kapal-kapal sing pating sliwer ing samodra Indonesia, klebu kapal-kapal sing nyolongan.
Bu Mentri uga gregeten banget, ing atase jembaring wilayah Indondosia tikel matikel saka Malaysia, Thailand, nanging ekspor iwake mung sakprolimane negara-negara mau. Jebul wewadine, negara-negara mau ekspore luwih gedhe amarga saka nyolongi iwak-iwak segara Indonesia. Sok ngonowa pajeg-pajeg kanggo kapal asing kuwi murahe ora mekakat. Mongsok, kapal ukuran 30 GT (gros ton) mung dipajegi Rp 100.000,- mangka kapal mau ngangkuti iwak Indonesia (urang lobster) sing sekilone Rp 400.000,- nganti Rp 1 juta.
Mentri Susi Pudjiastuti uga setuju satus presen BBM Bersubsidi dijabel, awit kanthi subsidi BBM malah nuwuhake tumindak maksiat. Mergane, kapal sing bobote 30 Gros Ton entuk BBM Subsidi, suwalike kapal nelayan sing bobote mung 10 GT ora kebageyan. Ya ing kene iki sumbering maksiat, nelayan dadi wegah golek iwak, milih dodolan bensin menyang kapal manca. Ngendikane, “Yen dadi penyelundup, apa kuwi dudu tumindak maksiat?”
Bu Mentri saiki uga bali ngancam, kapal sing nangkep ikan nganggo jaring trawl bakal dicabut izine. Awit senajan larangan mau wis ana wiwit taun 1980-an, nanging nganti seprene isih akeh kapal sing nyolong-nyolong. Yen ta konangan, akeh sing banjur dirampungake kanthi “dhame.” Nanging wiwit saiki aja takon dosa, yen kadenangan bakal didhendha lan dijabut ijine.
Duwe pesawat seket

Mentri Susi Pudjiastuti sepisanan ngantor ing KKP
Ing atase mentri wadon, nanging tegas lan galake ngungkuli wong lanang, ya nembe Mentri Susi Pudjiastuti. Kejaba suwarane sing gedhe antep, pancen tandang grayange nglanangi. Yen lagi ngrokok jan luwes temenan, malah sikile kiwa dipasangi tato manuk phunix barang. Mula ora nggumunake, pakar menejemen Rhenald Kasali ngarani, Susi Pudjiastuti kuwi “manusia besi” seka Pangandaran. Amarga senajan nampa pacoban abot nanging Susi Pudjiatuti tetep tanggon.
Ing ndalem program “Rumah Perubahan”, marang Rhenald Kasali crita yen rikala miwiti bisnis urang lobster lan kodhok nate saben dina numpak truk Cirebon – Jakarta, tanpa wedi dijawat sopir-sopir truk senajan lungguhe jejer sopir. Susi Pudjiastuti uga nate bakulan iwak saka Pengandaran menyang Sukabumi. Bareng usahane saya maju, Susi kepengin uga ekspor urang lobster menyang manca negara. Pepalange, saben ngirim barang, urang sing mati bisa nganti 10-25 % dhewe. Mangka urang lobster mono yen isih urip sekilo bisa tekan Rp 400.000,- nanging yen wis mati mung diajeni Rp 100.000,-
Kanggo ngawekani pepalang iki, ora ana dalan liya kudu duwe pesawat dhewe, sing bisa nggelak laku Pengandaran – Jakarta lan Jakarta menyang negara tujuwan. Rega pesawat cilik wae kala semana wis USD 2 juta utawa Rp 20 miliar. Dhuwit seka ngendi? Golek silihan bank, ora ana sing percaya. Nembe 4 taun candhake ana bank sing ngerti karo visi lan misine Susi Pudjiastuti, saengga bank mau wani aweh kredit cukup kanggo tuku pesawat loro cacahe. Pratelane marang Rhenald Kasali,” Alhamdulillah, jroning 7 taun kredit bank lunas.”
Saka bisnis ekspor perikanan kasebut, saiki Susi kasil ndarbeni pesawat cilik 50 cacahe, lan ngerigake pilot asing 140. Merga golek pilot mono ora gampang, Susi banjur duwe gagasan mbukak sekolah pilot. Kanyatan kasil kanthi sukses. Saka bisnis ekspor iwak, pesawat carteran lan sekolah pilot kasebut, “blanjane” minangka direktur utama sesasine nganti Rp 2 milyar. Coba bandhingake karo gaji mentri sing mung Rp 20 juta.
Ewa semono Susi Pudjiastuti gelem nglakoni dadi mentrine Jokowi, senajan ta mung kudu “kerja bakti”. Awit tujuwane dadi mentri ora golek dhuwit, nanging asung sumbang-surung kanggo ndandani masalah kelautan lan perikanan sing tetep kether senajan kementrian mau wis madeg wiwit taun 1999. Mula mentri Susi wanti-wanti, gandheng tujuwane ngangkat dadi mentri kanggo makmurake wong cilik liwat kedaulatan ekonomi, mula diajab Presiden Jokowi aja nganti intervensi. Yen nganti melu nyampuri kebijakane, Bu Mentri sing basa Inggrise cas cis cus kuwi “ngancam” luwih becik mundur lan pulang kampung!
Neng-nengan karo bapak
Susi Pudjiastuti lair 15 Januari 1965 ana Pangandaran Kab. Ciamis. H. Ahmad Karlan – Hj. Suwuh Lasminah wong tuwane, asal saka Jawa Tengah kang wis suwe bebadra ana Pangandaran. Dhasare bocah lantip, wiwit SD nganti SMP Susi pijer juwara kelas. Nanging bareng sekolah ana SMAN I Yogyakarta, dheweke lagi krasa yen sekolah sing diayati saiki ora ana gunane. Ketambahan pijer lelaranen, dheweke nekad metu seka sekolahan rikala lagi kelas II, lan bali mulih menyang Pangandaran. Ramane nesu-nesu bareng ngerti Susi emoh sekolah, lan milih bakulan. Ana setaun bapak-anak neng-nengan.
Kanthi ngedol gelange sing payu Rp 750.000,- dheweke wiwit dodolan bedkaver cicilan. Ora mung kuwi, Susi uga bakul iwak ideran, saengga bareng saya ngrembaka banjur wani nyoba ekspor urang menyang manca. Saka kene iki dheweke ngedegake pabrik pengolahan iwak PT ASI Pudjiastuti Marine Product, kasambung ngedegake PT ASI Pudjiastuti Aviation sing ngladeni penerbangan carteran Susi Air. Saya ndrebala usahane, Susi Pudjiastuti banjur ngedegake sekolah pilot Susi Flying School <http://id.wikipedia.org/w/index.php?title=Susi_ Flying_School&action=edit&redlink=1>.
Kaya lumrahe wong bisnis, Susi uga nate “kapusan”. Ana pengusaha Jepang ngajak kerjasama. Nanging bareng Susi wis ngetog kabeh dhuwite kanggo gawe pabrik ing Pangandaran, jebul pengusaha mau ora mbalik maneh. Merga kentekan modal, temahan Susi bibrik-bibrik saka cilik maneh. Rahayune banjur ana pengusaha Jepang liyane sing kepengin kerjasama waton wis ana pabrike. Kaya tumbu oleh tutup, bareng entuk suntikan pawitan 2.700 dolar AS usahane Susi bangkit maneh lan tambah ndrebala.
Maneka warna penghargaan sing wis tau ditampa Susi Pudjiastuti, wiwit saka kampus nganti Presiden SBY. Saka anggone mangun bebrayan nganti kaping pindho, Daniel Kaiser lan Christian von Strombeck, saiki kasil peputra telu yaiku: Panji Hilmansyah, Nadine Kaiser, lan Alvy Xavier. Kaya keng ibu, putra mbarepe SMA-ne uga ora rampung. Sing lucu, ing medsos ana sing ngojok-ojoki Kaesang putrane Jokowi, supaya macari Nadine Kaiser. Nanging tanggapane Kaesang,“Nggak berani ah, orang dia anak mentri.”
(Gunarso TS)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar