Minggu, 21 Desember 2014

Olahraga.

Sawise Emas AG, Maria Londa Digenjot Kanggo ABG

Anyar KatonOlahraga - Posted by  on November 3, 2014
Maria Natalia Londa
Maria Natalia Londa
Maria Natalia Londa sajake ora nduweni wektu akeh kanggo nenikmati kasuksesane ing Asian Games 2014. Sawise kasil ngregem medhali emas Asian Games lumantar lompat jauh 6,55 meter, Londa bali siap-siap mudhun maneh ing kajuwaran Asian Beach Games (ABG) ing Phuket Thailand, November  mengko.
Sawise aweh wektu ngaso seminggu, pelatih Londa, I Ketut Pageh, enggal bali nggembleng anak buahe kuwi kanggo ngadhepi ABG.
Lan senajan tetep nargetake oleh medhali emas maneh, nanging Pageh mung bakal ngedhukake Londa ing saknomer wae. Bab iki beda karo atlet kang oleh medhali emas loro ing SEA Games Myanmar, mudhun ing rong nomer uga ing Asian Games, yakuwi lompat jauh lan lompat jangkit. Londa kemungkinan mung bakal mudhun ing saknomor wae yakuwi lompat jauh.
Senajan mangkono Pageh tetep optimis bias mepaki target mau, mung wae pepalang sing diadhepi dinane iki yakuwi sithike informasi bab medan utawa arena kang bakal didadekake tandhing ing ABG mengko.
Kanggo ngawekani bab ksb, Pageh bakal nindakake latihan ing rong panggonan yakuwi ing track biasa lan track pasir. Bab iki ditindakake kanggo njagani yen mengkone pertandingan bener-bener dianakake ing pasir gembur.
Jenenge Londa keri-keri iki cukup kondhang sawise dhewe kesukses ing Asian Games. Tampil kanthi stasus non unggulan, Londa justru bias dadi ratu lompat jauh Asia lan kasil nyingkirake kompetitore lumantar penco­lodane kang adohe 6,55 meter.

Kirim 75 atlet ing Asian Paralympic Games
Atlit Asian Paralympic Games
Atlit Asian Paralympic Games
Sautara kuwi Indonesia bakal ngirim 75 atlet kang melu wolung cabang olahraga kanthi target nimbus peringkat sepuluh besar ing Asian Paralympic Games (APG) 2014 ing Incheon, Korsel, tangal13-27 Oktober 2014 iki.
Deputi Pembudayaan Olahraga Kemenpora Faisal Abdulah ing Jakarta ngandhakake optimistis yen target mau bias kagayuh kanggo mbeciki peringkate ka-22 APG 2010 ing Guangzhou, China. Nalikaiku, kontingen Merah Putih nggawa mulih emas loro saka cabang bulutangkis.
Asian Paralympic Games mujudake pesta olahraga multi event kanggo atlet nyandhang tuna  kang rutin digelar sawise Asian Games kang mentas rampug tangal 4 Oktober kepungkur ing Incheon.
Kawolune cabang kang abakal dieloni mau yakuwi panahan, bulutangkis, ten pin boling, tenis kursi rodha, atletik, angkat berat, renang lan tenis meja.
Manut Faisal, atlet kang njanjekake nyumbang medhali emas saka cabang renang, atletik, bulutangkis, tenis meja lan angkat berat.
Faisal uga nandhesake yen apa wae bisa kedadeyan kanggone kontingen Indonesia kaya kang dialami ing ASEAN Para Games 2013 ing Myanmar kepungkur kanthi ngrebut gelar juara umum.
Mangka, nalika budhal menyang Myanmarmau, kontingen ora tau mbayangake bakal oleh medhali paling akeh. (d)***


Tidak ada komentar:

Posting Komentar