Nglaras Endahing Wirama Diatonis lan Pentatonis

Sindhen lan pengrawit saka Semarang iki ditanggap ing pawiwahan ana Jakarta
Uyon-uyon utawa tetembangan Jawa kanggoku bisa nuwuhake swasana tentrem. Rumangsaku kok kaya lagi lungguh ing ngiringan omah kanthi sesawangan endah. Wayah awan rada sumuk nanging ana angin tumiyup. Tipas-tipas nanging kaselan nyruput teh anget.
Saiba senengku dene saiki ing sadhengah papan, gamelan sasindhene katon sansaya aji. Ditanggap ana pawiwahan-pawiwahan ageng. Kaya ta kang nate dakprangguli ing adicara ana Jakarta. Aku kober motret lan uga takon-takon. Jebul sindhen kasebut sapengrawite asli Semarang.

Cascadance Trio nalika manggung ing Surabaya
ng kalodhangan liyane, sindhene sok-sok ana sing lemu jejer karo sing ayu. Dudu kok banjur sing lemu ora ayu. Nanging iki ngatonake wiwit ana regenerasi. Sing lemu iku maksude ya pancen wis ngumur, wis ibu-ibu. Nyandhing pawestri sing katon kinyis-kinyis mratandhani luwih enom.
Saliyane seneng uyon-uyon lan campursari, aku uga bisa anteng jenjem nonton konser musik ala Eropa. Contone konser piano, biola, lan cello. Kaya kang tau dipitontonake ana Seraphim Music Studio, Surabaya. Kang main biola jenenge Danny Ceri. Pawakane gedhe dhuwur. Dene pemain cello rambute gondrong digelung mendhuwur. Jenenge Ade Sinata. Pianise estri, pawakane sedheng lan katon sumanak. Jenenge Airin Efferin.

Airin Efferin kang prigel mainake piano
Tetelune mujudake paraga kang sinau musik ing Ngayogyakarta. Banjur nggawe grup iku, kang dijenengake Cascadance Trio. Prestasine Danny, Ade, lan Airin ing babagan musik uga akeh. Saliyane ing tingkat nasional, para nom-noman kasebut wis kerep manggung ing njaban rangkah. Ing Surabaya, Cascadance Trio mainake lagu Gypsy Trio by Haydn, Trio no 1 in F major anggitane Saint Saens, lan Four Seasons of Buenos Aires by Piazzola.
Lelorone hiburan kang dakcritakake mau, kanggoku nduweni kaunggulan dhewe-dhewe. Akeh kang nganggep dene alat musik piano, biola, lan cello iku kapetung modern. Dene gamelan iku tradhisional.
Nanging miturut pamawasku ora mangkono. Piano, biola, cello mbiyene saka tlatah Eropa. Dene gamelan saka Nuswantara. Ing asale kana, tetelu alat musik iku wis ana kawit biyen. Mula tontonan utawa konser-e ya wis dadi tradhisi. Tetembangan kang dimainake ana sing klasik, kontemporer (campuran), lan modern. La, gamelan ing jaman saiki uga asring kanggo ngiringi tembang-tembang anyar, kaya dene pop, kepara malah rock.

Saiba senengku mangerteni akeh paraga mudha kang remen gamelan lan uyon-uyon
Kang mbedakake, miturut wawasanku, perangan unine. Piano, biola, cello, mujudake alat musik diatonis. Dene gamelan kalebu pentatonis. Diatonis iku, dhasare ana pitung nada (titi laras). Kaya kang dimangerteni, c d e f g a b utawa sok diunekake do re mi fa sol la si.
Dene pentatonis dilongi loro, mula mung ana lima. Yaiku, yen dipadhakake titi laras diatonis, ana kang sinebut laras slendro. Dene nadane yaiku c d e g a c. Sijine maneh yaiku c e f g b c kang diarani laras pelog. Saliyane gamelan Jawa, alat musik pentatonis uga ana ing Tiongkok. Kaya ta gucheng utawa siter Tiongkok lan rebab.

Danny Ceri, pemain biola kang gagah iku pranyata isih enom
Sanadyan beda cacah titi larase, nanging ora ateges diatonis lan pentatonis ora bisa dimainake bareng. Kepara saiki akeh kang nggawe aransemen musik campuran, nganggo gamelan lan piano, biola, cello, uga trompet. Hya pancen ora gampang. Kena diarani kerja pindho, amarga perlu nyelarasake antarane kang pitung nada karo limang titi laras.
Kang wis tau daktonton kreasine Djaduk Ferryanto ing Ngayogya. Malah wektu iku ora mung gamelan Jawa, nanging uga ana saka Bali. Jian apik tenan. Saliyane nglipur, uga nuwuhake rasa mongkog. Dene para seniman nuswantara ora kalah prigel klawan seniman tingkat internasional. Mula, ayo para mudha aja cilik atine. Gaweya kreasi kang edi peni. Ora mung babagan musik, nanging uga maneka warna miturut karemane dhewe-dhewe. (Lanny/SDN Sempor I)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar