Jumat, 19 Desember 2014

yok ziarah.

Ziarah ing Makame Ki Ageng Pantaran

Ing Komplek Makam Ki Ageng Pantaran ana kuburan 5 sing dianggep keramat, awit  jasad 5 sing di kubur iku nalika uripe tansah nggulawenthah petuahe para wali kanthi turun temurun. Mula saiki ing makam iku banjur padha disuyuti para peziarah, sing dipercaya bisa nuwuhake kabecikan.

Totok Sanyoto
Totok Sanyoto
Kajaba saka kuwi para peziarah banjur padha ngarep-arep bisa oleh buntelan mori putih sing asale saka suwekan luwur (klambu tutup makam) sing isine beras, jinten lan merica. Buntelan mori putih cilik-cilik iku dipercaya bisa minangka sarana  pelarisan kanggone pedagang, tolak ama yen dipendhem ing tengah sawah, murih bisa nduweni asil pari utawa palawija sing di tandur ing sa­wahe para petani. “Yen kanggo pelarisan, buntelan mori putih mau bisa diselehake ing ndhuwur lawang toko utawa panggo­nan bisnis” ujare Totok Sanyoto, juru kunci komplek makam Ki Ageng Pantaran ma­rang PS sing nemoni minggu kepungkur.
Nanging yen minangka sarana jimat keslametan, buntelan mori putih iku di­leboke dompet, supaya bisa tansah di- gembol ing sadhengah panggonan. Luwih adoh Totok miterang, mung wae buntelan mori putih bekas luwur mau lagi bisa di tam­pa mligi ing dina Jum’at, pungkasane sasi sura, nalika diadani prosesi ritual  buka luwur. Komplek makam ing kono ana  ma­kam 5 sing diwenehi luwur sing manggon dadi sakcungkup. Pancen ing kono uga ana puluhan kuburan liyane, nanging ku­buran sing ana njaban cukup iku minangka kuburan umum, mligine kanggo ngubur warga kono sing wis pupus nyuswa. “Bun­telan mori putih mau sakliyane kanggo ji­mat, uga minangka sarana nglestareke bu­daya para wali,” ujare.
Gapura Makam Syeh Maulana Ibrahim Mahgribi
Gapura Makam Syeh Maulana Ibrahim Mahgribi
Awit budaya para wali mono, ujare To­tok, kebak petuah lan makna filososi sing becik kanggone wong urip ing alam ndo­nya sing bakale mati tumuju ing alam ka­langgengan. Petuah tinggalane para wali mau ing antarane budaya tulung tinulung ma­rang sasama sing sugih nulungi sing mlarat, sing kurang nulungi sing kurang, lsp. Saliyane kuwi anane tradhisi nyadran (reresik kuburanne para leluhur). “Kajaba kuwi uga budaya manunggaling kawula lan Gusti, rakyat marang pemimpinne lan isih ana saperangan maneh sing ora bisa sinebut siji-siji ing kene” kandhane
Ajaran tetulung marang sasama mau katon ing antarane warga kono nalika pro­sesi ritual bukak luwur ing komplek makam Ki Ageng Pantaran. Wanci kuwi meh kabeh warga kumpul ing kiwa tengene komplek makam, kanthi padha nggawa baskom sing di buntel taplak utawa sarung. Baskom mau isi sega jangkep karo lawuhe. Ing kom­plek makam kuwi, kabeh padha iwut mbungkusi sega lan lawuhe ing njero plastik, uga ana sing diwungkus nganggo godhong gedhang sing wis dicawiske sakdurunge. “Saben wungkusan isi sega lan lawuh sambel goreng ati/kenthang, bre­gedel, suwiran daging pitik, ragi (srun­deng), endhog godhog, jumlahe atusan wungkus,” tuture
Masdjid Pantaran
Masdjid Pantaran
Sega bungkus mau banjur didum (di bagi) marang sadhengah wong sing ing wanci kuwi ana kono, minangka petuah dana driyah (shodaqoh) utawa ngedum sa­perangan rejekine sing saksuwene se­taun diklumpuke. Budaya nyadran lan we­weh marang sesami iku minangka petuah para wali sing dumadi kanthi turun temu­run. Saengga budaya sedhekah mangkene iki, wis sakmesthine, kandhane Totok, kudu di uri-uri, awit minangka tradhisi sing be­cik. Budaya nyadran mono mbiyen uga di­ajarke para wali, kanthi reresik kuburan pa­ra leluhur utawa kuburane wong tuwa­ne lan sedulure. “Nanging sawise reresik kuburan, diteruske nganake umbul donga,” imbuhe Totok.
Mula saka iku budaya lan tradhisi sing diwulangake  para wali mau dening warga Dukuh Pantaran, Desa Candisari, Kecama­tan Ampel, Boyolali, Jawa Tengah  terus di uri-uri nganti saiki. Para warga Dukuh Pantaran ngaku yen tradhisi iki wis dumadi secara turun temurun saka leluhur sing ja­rene niru lelakune para wali lewat Ki Ageng Pantaran lan 4 tokoh spiritualis legendaris sing dimakamke ana tlatah kene, sing dumadi wiwit atusan taun ke­pungkur. “Budaya iki uga minangka pepe­ling marang wong sing isih urip, yen wis titi wancine uga bakal mati lan di kubur kaya ngene iki,” Totok nerangake.
Mula kabeh manungsa mono kudu tan­sah tumindak becik marang sasama, tulung tinulung, ngedohi laranganne Pangeran lan nglakoni kabeh prentahe Gusti Kang Maha Kuwasa. Saka amal becik mau diya­kini bakal bisa ngalisake dosa-dosa sing wis tau dilakoni. Totok uga nyritakake sapa wae sing sumare ing njero cungkup mau, yaiku Syeh Maulana Ibrahim Maghribi, Ki Ageng Pantaran, Dewi Nawangwulan, Ki Ageng Mataram lan Ki Ageng Kanigoro sing nganti saiki di uri-uri, dikramatke makame, awit minangka tokoh legendaris sing nu­runke warga kono. “Bukak bukak luwur mono minangka tradhisi ngganti kelambu makam sing suwene setaun, di ganti ngang­go luwur anyar,” kandhane.

Tetepungan.
Sega lan lawuh diwungkus kantong plastik sadurunge didum
Sega lan lawuh diwungkus kantong plastik sadurunge didum
Mula bekas potongan luwur mau ban­jur di bagi-bagi marang sapa sing mbu­tuhke, sakwise dibunteli lan diisi beras, jin­ten, mrica, lsp. Sing dipercaya sadhe­ngah wong bisa minangka sarana pengla­ris, jimat kanggo ngusir ama sawah lan jimat keslametan. Banjur kepriye asal mua­sale bisa ana tradhisi kasebut ? Di­critake, ing zaman kelakone ana sawijine wong sing lagi tapa ing lerenging Gunung Merbabu. Sakwise pirang-pirang ndina ang­gone tapa, wong mau banjur katekan sawijine ngulama sing ngaku jenenge Syeh Maulana Ibrahim Maghribi saka Persia. “Syeh Maulana iki oleh dhawuh saka para wali amrih nglakoni tugas suci nye­bar­ake agama Islam ing tlatah Jawa,” Totok miwiti critane.
Gandheng ing kono ana wong lagi tapa sing di sangka wong asli kono, mula Sang Syeh banjur njaluk idzin lan palilah marang wong mau, yen dheweke bakal manggon kono sawetara kanggo nyebarke lan nga­malake agama Islam. Kekarepane Sang Syeh iki dianggep becik, mula banjur di­idzini. Wiwitane ya mung wong siji loro sing teka kanggo nyinau lan ngamalake aja­ran agama Islam ing alas lerenge Gu­nung Merbabau kuwi. Nanging suwe-suwe bebarengan karo owah-owahane zaman sing ajar ngaji lan agama islam tambah ngrembaka. Mula saka kuwi Sang Syeh banjur nduweni karep mbangun Masdjid ing kono. “Syeh Maulana banjur ngutus wong sing sepisanan ditemoni mau, kang­go marak ing Kraton Demak,” pangungkape.
Atusan wong kumpul ing area komplek makam
Atusan wong kumpul ing area komplek makam
Karepe supaya njaluk kayu jati sing mengko bakal kanggo saka guru (cagak panyangga pyan masdjid) sing bakal di bangun. Gelising crita, sakwise tekan Kra­ton Demak, panjaluke utusane Syeh Mau­lana iku ditulak alias ora diwenehi. Mula utusan iki banjur bali maneh ing lereng Gunung Merbabu kanggo laporan marang Syeh Maulana yen lungane mau ora ngga­wa asil kaya sing dikarepke. Nadyan mang­kono, nanging wong iki tetep pengin mersudi mudjudake masdjid. Kanthi ma­nekung lan ndedonga marang ngarsane Pangeran Kang Maha Agung, wusanane dheweke oleh wangsit yen ana ing alas perenging Gunung Merbabu mau uga ana kayu jati sing wangun lan gedhene padha karo saka guru sing bakal digunake mbangun ing Masdjid Demak.
Pancen wektu semono ing Kraton De­mak uga lagi mbangun Masdjid. Cekake crita, Masdjid mau bisa mawujud, sakwise dibangun kanthi gotong royong, bebareng­an warga kono. Gandheng masdjid mau ma­dege sepantaran (meh bareng) karo Masdjid Demak, mula masdjid mau banjur dijenengi Madjid Pantaran, semono uga utusane Syeh Maulana sing dianggep paling sregep lan nduweni karep sing kepleng ngrungkepi agama Islam, mula uga banjur sinebut Ki Ageng Pantaran. Malah sakwise ana rejane zaman pedhukuhan kono ban­jur uga dijenengi Dukuh Pantaran nganti saiki. Kondhange Syeh Maulana Ibrahim Mahgribi lan Ki Ageng Pantaran nganti tekan Kraton Mataram.
Luwur disuwek cilik-cilik, dibagi marang wong mbutuhke
Luwur disuwek cilik-cilik, dibagi marang wong mbutuhke
Kanthi mengkono Raja Mataram banjur utusan marang prajurite supaya mbujuk wong loro iku, saengga gelem di bayong ing kraton lan bakal diwenehi ganjaran minangka ngulama kraton. Nanging Ki Ageng Pantaran lan Syeh Maulana ora gelem, malah prajurit mau banjur kepikut dening ajaran-ajarane Syeh Maulana, sa­engga ora gelem mulih ing Mataram nganti samatine. Mula prajurit iki banjur katelah Ki Ageng Mataram. Banjur sapa ta Dewi Na­wangwulan sing uga sumare ing njero cungkup makam Ki Ageng Pantaran iku? ora liya putrine Kanjeng Kusumo Wicitro.
Kanjeng Kusumo Wicitro iki minangka salah sijine ngulama Kraton Mataram sing nyusul prajurit sakdurunge (Ki Ageng Ma­ta­ram) kanggo ngang­su kaweruh Agama Islam bebarengan karo Ki Ageng Kanigoro. Wusanane wong lima mau, Syeh Maulana Ibrahim Mahgribi, Ki Ageng Pan­taran, Ki Ageng Mataram, Ki Ageng Kani­goro lan Dewi Nawang­wulan netep ing pe­dhu­kuhan lereng Gunung Mer­babu kono nganti sakwa­fate lan dikubur dadi sak­cung­kup. “Dadi kalima makam itu, diyakini mi­nangka cikal bakale warga Dukuh Pan­taran kene” tambahe
Nganti saiki area ma­kam kasebut banjur dike­ramatke para peziarah ing sa­dhengah panggonan, mligine warga Dukuh Pan­taran. Prosesi ritual bukak luwur mau uga ngiras pan­tes minangka salah sijine acara resik-resik desa. Sakli­yane acara ba­gi-bagi panganan, ing prosesi bu­kak luwur iku uga saben Rt diwajibke nggawa jo­dhang isi asil bumi, arupa pala­wija lan woh-wohan, sing mengkone bakal direbut­ke ing area Makam Ki Ageng Pan­taran. “Prosesi rebutan iki, manut Totok mi­nangka simbul kerukunan antarane war­ga. Tanpa mbedakake status sosial, enom – tua, lanang – wedok, sugih – mlarat bisa kumpul ba­reng, mangan bareng, pariba­san manung­galing Gusti karo kawulane.


(Kang Hong)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar