Jumat, 19 Desember 2014

kreativitas.

Nggawe Kodhok-kodhokan saka Botol Plastik

Kodhok-kodhokan saka botol plastik iki gampang banget nggawene, bahane uga climen, lan sing penting maneh kena kanggo nglelipur adhik kita mbok me­nawa lagi rewel. Merga kodhok-kodhok­an iki cangkeme bisa mangap mingkem, wangune uga lucu kanthi mata bunder kang mendolo.
Yuk ra sah kesuwen, langsung wae yuk.

Bahan sing dibutuhake;
–     Botol plastik tilas inuman soda, cacah loro, becike botol kang werna ijo amrih selaras karo wernane kodhok ijo.
–     Tutup botol plastik, uga cacah loro
–     Peso cuter
–     Gunting
–     Lim kastol
–     Lim tembak
–     Silotip
–     Kertas karton
–     Mata manik-manik
–     Setrikan

Carane nggawe
Botol dijupuk bongkote, kanthi cara diiris nganggo peso cuter. Iki mengkone kanggo perangan endhas kodhok.
Dene kanggo perangan awake ko­dhok, anggone ngethok ing tengah-tengahe botol, yakuwi kanthi migunakake gunting.
Lan amrih bisa papak lan warata lambene kethokan botol kuwi, oser-oserna ing setrikan panas, nanging aja nganti kesuwen anggone nempelake menyang setrikan mengko mundhak ru­sak botol kuwi, mula dianggang-anggang wae.
Yen wis cukup papak, lambene botol kuwi banjur tutupen nganggo kertas kar­ton. Amrih gelem kelet mula aja lali di­wenehi lim luwih dhisik kertas karton mau kanthi migunakake lim kastol.
Sabanjure kertas karton iki digunting mubeng nurut lambene botol plastik ksb.
Saiki siapna mata-matanan kang ditempelake ing tutup botol, uga kanthi migunakake lim kastol.
Sabanjure tutup botol iki ditempelake ing bongkot botol sing bageyan ndhase kodhok. Anggone nempelake kanthi ngang­go lem tembak, merga bahan-bahan iki kabeh kagawe saka plastik. Lan anggone masang tutup botol mau jro­ning posisi ngadeg utawa ora murep. Dene kanggo irunge uga bisa mbok tempelake manik-manik kanthi bantuan lim tembak ksb
Sing pungkasan, kekarone kethokan botol iki digathukake, banjur perangan mburine diwenehi silotip.
Saeng­ga kanthi mangkono kodhok-kodokan iki bisa mangap mingkem.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar