Kejuaraan Dunia Taichi; TKW Indonesia Nyumbang Medhali Emas 3

Eulis Komariah
Meneng-meneng sawijining wanita Indonesia asal Bandung kang aran Eulis Komariah kasil ngarumake jeneng Indonesia ing Kajuwaran Dunia Taichi kang digelar ing Taipei, Taiwan, tanggal 18-19 Oktober 2014 mentas iki. Eulis kasil mborong medhali emas telu lan medhali perak siji.
“Aku bahagia banget bisa ngarumake jeneng Indonesia ing kejuaraan dunia iki” ujare Eulis sarampunge nindakake peragaan sawenehing jurus taichi ing ajang “The Fifth World Cup Taichi Chuan Championship”. Kajuaran iki dieloni peserta saka sawenehing negara klebu Taiwan minangka tuan rumah ing Taipei Arena, Minggu.
Wanita umur 46 taun kang nyambut gawe minangka pembantu rumah tangga ing Pingtung County iku oleh medhali papat saka peragaan 37 jurus lan 13 jurus ing bagian putri.
“Aku mung duwe kalodhangan melu lomba sedina wae. Saupama wiwit wingi-wingi, aku bisa oleh medhali emas papat” ujare ibu kanthi anak loro kang asale saka Bandung, Jawa Barat, ksb.

Eulis Komariah
Prestasi Eulis ing taun iki pancen luwih apik merga ing kajuwaran kang padha ing Touyuan, Taiwan, rong taun kepungkur dheweke mung oleh medali perak loro.
Ing sela-selane kesibukane ngramut wong jompo ing kutha pelabuhan kang jarake kurang luwih 300 kilometer arah kidul Ibu Kota Taiwan ing Taipei iku, Eulis kepara uga isih sempat ngajarake jurus-jurus taichi marang para nelayan asal Indonesia.
Manut Eulis , Taichi dudu mung saderma olahraga bela diri wae, nanging uga salah sijine seni olah pernafasan kang tumangkar apik ing Tiongkok wiwit jaman kuna makuna.
“Aku ajar taichi wiwit 3,5 taun kepungkur saka juraganku ing Pingtung” tambahe Eulis kang wis pitung taun nyambut gawe minangka pembantu rumah tangga ing Taiwan iku.
Mula, samulihe saka Taiwan mengko, Eulis duwe kekarepan bakal ngembangake ilmu bela diri khas masyarakat Tiongkok iki ing Tanah Air.
“Aku pengin ana bibit-bibit atlet taichi kang mumpuni ing Indonesia” panutupe. (d)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar