Temanten Adus Getih (7)
Cerita Rakyat - Posted by admin on December 17, 2014

“Wis tekan wayahe Mblotha icip-icip wohing tandurane dhewe. Golek mati nek kowe kabeh arep jajal-jajal wani karo Randha Kuning. Aja dupeh wong wadon. Ledhek. Tenan kuwi!” pamepere Ki Mbudha kebak daya pangaribawa. “Lelakon iki kudu ditampa kanthi pasrah sumarah marang Kang Gawe Urip. Aja mbregundung mundhak keduwung. Aja sumengka mundhak cuwa! Mblotha diawat-awati wae. Yen adoh cedhakana, nek cedhak dohana.”
Cep klakep wong-wong kapercayane Ki Gedhe Mblotha ora cemuwit bareng ngramesi omongane Ki Mbudha. Pituture wong tuwa kang wis meneb. Ki Mbudha sing dikurmati Ki Gedhe Mblotha jalaran dianggep awas mata batine. Mulane dhek emben kae Ki Gedhe Mblotha rumangsa ewuh pakewuh arep ngajak rembugan perkara Randha Kuning karo kakange mau. Nyatane, bareng kang diajak rembugan Ki Andharante, ya kaya mangkono kuwi dadine. Bubrah kabeh.
Lakune mangsakala anyakra manggilingan. Terus mubeng datan ana mandhege. Mangsakala kang setya ngiring lakune ukum alam. Dumadi, ana lan sirna. Mangsakala kang sumanggem ing jejibahan, ora merduli rina-wengi, panas-udan lan sapiturute. Mangsakala kang ora milah-milih lelakon ala lan becik. Kaya lelakone Ki Gedhe Mblotha lan Randha Kuning.

Lastri sing wiwit mau mung meneng suwe-suwe dadi jeleh lan jengkel
Sigeg ganti kang winuwus, nunggal caritane nanging seje panggonane. Nuju wanci tengange ing sendhang lor Desa Kemiri ana prawan lagi katungkul umbah-umbah. Mangkate pancen diseja awan ngepasi sendhang sepi uwong jalaran kumbahane sathekruk. Kumbahane dhewe wis akeh ndadak isih ketambahan sandhangane bapak lan simboke. Yen dikumbahi rewange, bapak-simboke grundelan. Jarene isih kurang resik. Senajan wis diwenehi godhong dilem meksa isih mambu-mambu penguk, ganda mbako. Menawa mangkat mau-mau, luwih-luwih yen wayah wisan gawe, neng sendhang kono mesthi rame. Akeh wong usek-usekan. Kadhang-kadhang malah kudu ngenteni. Nyaron bumbung. Nganti ngantuk-ngantuk. Njelehi!
Kumriwike banyu sing nyumber saka gampeng sendhang lan kumresege godhong ringin pinggir
Tidak ada komentar:
Posting Komentar