KEMBANG
KASWARGAN
Kaluwarga bapak Handoko
kang urip ayem, lan tentrem. Panjenenganipun gadhah garwa ayu ingkang asmanipun
mbak Asih. Pak Handoko menika pegawe kelurahan kang anggadhahi praupan gagah
pideksa kaya gathutkaca.
Umur tan saya tuwa pak
Handoko isin yen mangkat ing kelurahan rigma lan brengose uwanen. Saben dina
mbak Asih nyemirake brengos nyopros pak Handoko. Nanging pak Handoko wedi yen
semir kang digunakake bisa luntur yen kena banyu. Kamangka mbak Asih menyang
salon kanggo nakokkake semir apa kang apik lan ora gampang luntur yen kena
banyu. Ing salon mbak Asih rada pekewuh arep nakokake semir kanggo brengos.
Kandane mbak salon semir rambut isa kanggo semir brengos. Mbak Asih seneng
banget amargi angsal semir kang apik kanggo pak Handoko.
Tekan griya mbak Asih
menehake semir kang merk blckplus saka salon. Saben dina, saben ana uleman
desa, mbak Asih nyemirake brengos nyoprose pak Handoko kanthi wigati lan
katresnan.
Nanging pegawean
tansaya akeh, mbak Asih tansaya kuwalahen. Saben isuk lan sore kudu nyemirake
brengos pak Handoko. Pegawean omah tansaya klendran, banjur mbak Asih
mikir-mikir yen ora dirumat awake sing arep ngrumat sapa maneh. Mbak Asih ora
lila yen brenhos nyopros pak Handoko didemek wong wadon liya. Mbak Asih ya
mikir yen ora disemir praupane pak Handoko tuwa banget.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar