Timnas Indonesia Siap Tempur

Timnas U-19 Indonesia
Pelatih tim nasional Indonesia wis nemtokake 22 pemain kang bakal mabur menyang Vietnam kanggo berjuang ing Piala AFF 2014. Lan, liwat Badan Tim Nasional, ana pemain loro maneh kang dicoret saka skuat Abang-Putih, Senin kepungkur. (17/11).
Yen sadurunge, Irfan Bachdim dicoret merga lara, banjur Dedi Hartono, Teguh Amiruddin lan Andritany Ardhiyasa kecuthik saka pemusatan latihan akhir lan wurung dadi bagian saka tim Garuda menyang Vietnam, jeneng loro maneh sing wusanane katut kesingkir yakuwi gelandhang tengah Arema Cronus kang uga mantan skuat Indonesia ing Piala AFF 2010, Ahmad Bustomi, sarta sayap duweke Putra Samarinda kang ing Asian Games 2014 kepungkur dadi andel-andele Indonesia U-23, Bayu Gatra Sanggiawan.
Evan Dimas katut
Pelatih tim nasional Indonesia senior, Alfred Riedl, wis nyoret Ahmad Bustomi lan Bayu Gatra. Mula, kekarone bisa dipesthekake absen ing Piala AFF 2014, Hanoi, Vietnam, 22 November engga 20 Desember iki.
Nanging, Riedl malah aweh kalodhangan marang mantan pemain Timnas Indonesia U-19, Evan Dimas. Riedl ngaku, yen Evan nduweni performa apik sasuwene melu training centre lan kaping pindho uji coba kang ditindakakeTimnas Indonesia senior.
Evan tampil apik rikala Indonesia ngladeniTimor Lestelan Suriah, ing Stadion Utama Gelora Bung Karno (SUGBK), Senayan, Jakarta, durung suwe iki.
“Sederhana wae, Evan iku pemain kang apik. Saliyane iku, dheweke uga pemain kebak bakat. Aku percaya dheweke bakal terus berkembang” jlentrehe Alfred Riedl.
Ditambahake dening pelatih asal Austria ksb, yen Evan Dimas bisa dadi alternatif kanggo ngisi panggonan kang biasa diisi Firman Utina. Saliyane iku, uga bisa dadi panyengkuyung striker, kang bakal diplot dhewe ing barisan ngarep.
10 Calon Kuat Rising Star Piala AFF 2014
Turnamen bal-balan antar negara-negara Asia Tenggara, AFF Cup 2014 iki bakal digelar wiwit 22 November 2014. Babak penyisihan Grup A digelar ingVietnam, dene babak penyisihan Grup B dianakake ing Singgapur.
Senajan didominasi dening para pemain senior, Piala AFF 2014 uga bakal dadi panggung spektakuler kanggone pemain enom. Majalah olahraga kondhangFourfourtwo Singgapur malah wis ngira-ira paling ora bakal ana 23 jeneng kang nduweni potensi minangka rissing star ing turnamen iki. Ka 23 jeneng ksb ing antarane yakuwi Mac Hong Quan (Vietnam), Faris Ramli (Singgapur), Chanatip Songkrasan (Thailand), Sarach Yooyen (Thailand), Charyl Chappuis (Thailand), Zubir Azmi (Malaysia), Farhan Roslan (Malaysia), Evan Dimas (Indonesia), Kyaw Ko Ko (Myanmar), Soukaphone Vongchiengkham (Laos).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar