Senin, 01 Desember 2014

pacelathon ngapak ala Banyumasan.


Ebeg

Inyong rika kabeh warga Banyumasan, mesthi wis kenal utawa wawuh karo kesenian rakyat sing jenenge ebeg, kudha lumping, jaran kepang utawa jathilan. Jalaran kesenian kiye wis lair atusan tahun. Ana sing crita, kesenian ebeg lair jaman perang Diponegoro. Ningen ana sing crita jaman Bethara Katong nang Ponorogo. Mulane, nang Ponorogo kesenian kiye digabung kero reyog. Ningen sing genah, inyong rika mesthi ora nger­ti kapan laire kesenian rakyat sing wis tuwa banget nang bumi tanah Jawa kiye. Apamaning sing jenenge kesenian kudha lumping utawa ebeg, kesebar meh rata nang Tanah Jawa klebu nang Tanah Pasundhan lan Betawi.
Rata-rata wayang utawa penari ebeg nganggo clana dawa komprang, dilapisi nganggo jarit bathik sedhengkul lan nganggo kaca mata ireng. Nganggo sumping lan iket ireng. Nang tangan lan sikil biyasane nganggo krincingan. Jumlah pemain ebeg nganti wong 8 utawa lewih, ditambah penayagan, sindhen, lan penimbul (pawang). Serombongan ebeg, biyasa­ne nganti cacah 16 – 20 seniman.
Ebeg klebu kesenian masal, mulane paggonane main kudu nganggo latar utawa lapangan sing mandan amba. Wektu main tontonan kiye wetara 1 jam nganti 4 jam gumantung sing nanggap. Nang Banyumasan, gendhing-gendhing sing dianggo ngiringi ebeg, biyasane ya gendhing Banyumasan, kaya ta ricik-ricik, gudril, blendrong, eling-eling lan liyane.
Aja kelalen, nek ana kesenian ebeg, mesthi nganggo sajen. Seliyane klapa nom (dawegan) lan gedhang, biyasane ana kembang lan jajanan pasar.
Sing esih didhemeni dening penonton ebeg, nalika seniman ebeg padha kesurupan, biyasane pemain ana sing ngonceti klapa enom nganggo untu, mangan beling, mangan pari, digebugi nganggo pecut lan liyane sing ora dilakoni dening wong sing waras. ”Ebeg Banyumasan sing sekiye sering main lan ditanggap nang Jabodetabek, rata-rata nggawa indhang (roh halus) sekang Banyumas. Nang Banyumasan akeh pesarean sing ana indhang ebege,” ujare Rama Baris, salah sijine penimbul (dhukun) ebeg Banyumasan sing asli sekang Kecamatan Kebasen Banyumas.
“Lha angger gendhinge apa ya sekang Banyumas?” takone Rama Sutardi, Ketua Paguyuban Penyiar lan Pendengar Radio Banyumasan (P-3 RB) nalika nonton acara ebeg-ebegan nang radio swasta niaga nang wilayah Duren Sawit Jakarta Timur.
“Kabeh alat digawa sekang Banyumas, lan saben wulan Sura (Mu­harram) digawekaken sesajen nang panggonan nyimpene gendhing karo ebeg,” terange Rama Baris.
Nang wilayah Jabodetabek, meh kabeh wilayah sekukuban Banyuma­san (Cilacap, Banjarnegara, Purbalingga, lan Banyumas)  ana paguyuban lan kumpulan ebeg. Penimbul ebeg sing biyasa ditanggap warga Jabode­tabek seliyane rama Baris, ana rama Kosim, rama Toyib, lan kang Wawang.
Meh saben wektu, nang Jabodetabek ana tontonan ebeg. Apama­ning angger wulan Sura. Seliyane kanggo latihan, wulan Sura biasane nggo gebrakan ebeg, ditanggap apa ora. Jalaran angger wulan Sura ebeg ora disajeni, sokan mutawatiri. Biyasane, gamelan ebeg sokan rame muni dhewek. Uga alat-alat ebeg, kelebu krincingan sing dinggo nang tangan lan sikil, padha muni dhewek. Ningen angger wis dianggo gebrakan lan desajeni, swara-swara sing nyalawadi sekang ebeg lan gamelan, teyeng meneng karepe dhewek.
Apa rika padha percaya? Ya sumangga panjenengan sedaya. Jalaran kuwe mau kabeh sekang critane penimbul ebeg nang Jabodetabek maring kaki Bawor.KLILAN

Tidak ada komentar:

Posting Komentar