Senin, 01 Desember 2014

roman


Yen Wis Getun

Getun  kuwi  pancen panggone ana mburi. Yen ana ngarep jenenge dudu getun. Samubarang kang wis kebacut, ora ana gunane kanggo digetu-ni. Arepa ditangisi kaya apa tetep ora bisa mbalekake kahanan kaya wingi uni. Barang kang digetuni kudu didadekake ka­ca benggala. Saora-orane bisa kanggo ngilo amrih kadadeyan kawuri ora diba­leni maneh ing dina candhake.
Awan kuwi sakehe mahasiswa padha ngebaki prin-prinan kang manggon ana pojokan prapatan gang siji. Tujuwane ora liya mung ngeprin skripsine dhewe-dhewe. Yen ana sing kurang pener bisa diedit ana kono. Firda, salah sijine maha­siswi jurusan pendhidhikan basa lan sas­tra Jawa rada gupuh anggone nata hala­man skripsine. Kamangka saka kos-kosan wis ditata kanthi bener lan manut saka prentah buku pedhoman. Ora ngertine tekan prin-prinan isih ana sing kurang pener.
“Wis ta Da, sing mbokgetuni ki apa? Iki kesempatan terakhir aja mbokjarne wae. Pokoke Oktober awake dhewe kudu bisa wisudha,” kandhane Kiki nyoba ngyakinake Firda.
“Iya ancene salahku dhewe. Ora ket biyen-biyene skripsi iki dakcandhak. Ba­reng wis mepet arep yudhisium lagi ke­dandapan,” semaure Firda nggetuni lela­kone.
“Hlo, pancet digetuni maneh. Ora bisa Juni kan isih bisa Oktober ta wisu­dhane?” sepisan maneh Kiki ngandhani.
Pancen yen wis getun kuwi lagi krasa salahe. Firda nggetuni wektune kang sa­suwene iki mung digunakake kanggo do­lan-dolan wae. Kuwajibane kanggo ngram­pungake skripsi ora ditindakake. Kamangka kanca-kancane padha seng­kud anggone nggarap skripsi. Yen Firda dielingake kancane, wangsulane mung mengko dhisik. Ora mokal yen wisudhane uga mengko dhisik kang ateges mundur, ora bareng-bareng kancane ing sasi Juni.
Saliyane wisudhane mundur, Firda uga kepeksa ora bisa mulang kaya kan­ca-kancane kang wis oleh panggonan. Ing pertengahan sasi Juli, taun ajaran anyar wis diwiwiti. Kamangka ing dinane kuwi guru basa Jawa kang linier akeh sing mbutuhake, jalaran kudu nyalaras­ake karo kurikulum anyar yaiku piwula­ngan basa Jawa wajib diwulangake wi­wit SD nganti SMA utawa SMK.
Nalika kanca-kancane padha ubet nglebokake lamaran, Firda babar pisan ora maelu, kepara malah ayem-ayem ati­ne. Mula bareng wektune wis mepet, dheweke lagi bingung.
Sakjane ngono perkarane mung se­pele. Ing pungkasane sasi Januari ke­pungkur, antarane Firda lan Rendra, kan­ca atine kang kuliyah ana ing Bandung pedhot sesambungane. Adohe jarak lan ora anane wektu kanggo sesambungan kuwi kang dadi jalarane. Kanggone Firda, pedhote sesambungane kuwi ndadekake samubarang kang diadhepi uga melu buyar, klebu kuwajibane ngrampungake skripsine. Ingatase lagi konsentrasi ngga­rap skripsi la kok ketaton atine. Ya perkara iki kang dianggep dadi jalarane ora bisa tenanan anggone nggarap skripsi.
“Saiki sing penting skripsimu wis di­jilid dhisik, Da. Masalah Rendra ora usah dipikir maneh. Wis ora jamane maneh gara-gara putus trus dadi nglokro. Ora ana gunane Da. Sing ana malah rugi kang­go awakmu dhewe. Ya ta?”
“Iya Ki, matur nuwun banget ya. Sa­suwene iki wis mbokewangi. Yen awak­mu ora nerusake S2 neng kene, aku bingung kudu njaluk tulung sapa…” atur panuwune Firda.
“Halah, kanca ki endi sing ana Da. Pikiren skripsimu dhisik. Iki nguber wek­tu lo. Durung mengko nyuwun tandha tangan dhekan barang. Mengko yen wis rampung urusane kabeh, ndang nyoba gawe lamaran, sapa ngerti isih ana se­kolahan kang bisa nampa. Jalaran bu­tuhe guru basa Jawa wektu iki akeh ba­nget lo.”
Ora krasa, wektu wis nyandhak ing sasi Oktober. Ing tanggal sewelas, dina­ne Setu, Firda wis kasil winisudha, lan ing jenenge ketambahan gelar sarjana pendhidhikan. Kabeh kang diwisudha ing wektu kasebut padha sumringah lan ngatonake kabungah­ane. Beda karo Fir­da, senajan ing njabane bisa mesem, nanging ing njero batine tetep ora bisa mesem. Dheweke isih keduwung ngge­tuni tumindake ing wektu kepungkur. Nganti tumekane wi­sudha uga durung ana asile saka lamaran kang dilebokake. Ing pangajabe, anggone nglebokake lamaran ing sekolahan-seko­lahan sawe­tara sasi kepungkur bisoa keceluk.


Angen-angene sakawit kang nalika diwisudha bisa ditekani Rendra uga ora kelakon. Katresnane pedhot ing tengah dalan. Semono uga rencanane arep mulang ing sekolahan uga durung ke­lakon. Kagawa saka lara atine ndadekake samubarang kang wis dirancang dadi buyar mung gara-gara perkara kang sepele. Yen wis getun, Firda banjur bisa apa? Sapungkure saka winisudha, atine tetep durung bisa legawa nampa ka­hanan kang lagi dialami kuwi. ** http://www.panjebarsemangat.co.id/gelanggang-remaja/roman-remaja

Tidak ada komentar:

Posting Komentar