Jumat, 19 Desember 2014

Ayoo Kreatif...

Nggawe Elang Alminium Yuk

Anyar KatonHasta Karya - Posted by  on April 14, 2014
Sinambi kalaning nganggur, yo nggawe gelang alminium yo. Gampang banget kok nggawene, bahane uga cli­men, nanging asile hmm… cukup artistik. Kena kanggo hadiah wong-wong sing mbok tresnani. Mangkene carane;

Bahan:
· Botol plastik tilas air mineral
· Kertas aluminium foil
· Isolasi kertas
· Stiker huruf alfabet
· Lem PVC/lem kertas
· Cet werna ireng

Carane Nggawe:
Sakawit nggoleka botol plastik sing kira-kira mengko bisa mlebu ing tangan kita, upamane botol plastik sing ukuran 1.5 ltr. Utawa yen kanggo tangane bocah cilik bisa botol sing ukuran 600 ml.
Botol iki sabanjure diplester mubeng nganggo silotip kertas. Bab iki amrih nggam­pangake anggon kita nggunting plastik botol kuwi mengkone.
Sawise digunting lan mbentuk gela­ngan, silotip ksb sabanjure diklenthek.
Saiki kita nyiapake kertas aluminium. Kertas aluminium yakuwi kertas kang biasa kanggo lemek panas nalikane ngo­pen utawa masak ing microwave. Kertas iki bisa dituku ing toko kang adol bahan kue/plastik. Sedhiyakna kertas mau kan­thi ukuran 4 Cm X 25 Cm. Kertas iki ban­jur dilungset-lungset. Nanging ngati-ati aja nganti suwek.
Sabanjure, gelangan plastik ksb di­tempeli stick on utawa stiker huruf-huruf alfabet. Bisa uga stiker iki nggawe dhewe saka kertas kang rada kandel. Tem­pelana sasenengmu, upamane ukara “love”, “peace” utawa jenengmu utawa jenenge pacarmu, lsp.
Sawise stiker padha nempel, saiki gelangan iki dioser-oseri lem putih.

Banjur dibungkus kanthi rata ngang­go kertas aluminium foil mau.
Sawise kebungkus kanthi warata mubeng, coba aluminium kuwi rada dipenet-penet nganggo tangan utawa bantuan pucuke potlot sing bundhel uga kena amrih huruf-hurufe muncul.
Yen wis muncul banjur dioser-oseri cet werna ireng kanthi bantuan tisu.
Lan sadurunge cet mau garing mula enggal diserbeti saengga karakter huruf kang timbul mau bakal katon muncul.

Gampang ta? Sugeng nyoba. (don)***

Tidak ada komentar:

Posting Komentar