Budaya Jawa
Nama kelompok 1 :
•
Rahmat fatonni
•
Hala Nur soliha
•
Fitri Nuryanti
•
Umi Nur Fitriani
•
Rifqi Afriliyani
•
Anggun widyasari
•
Fina Sulistyawati
SALOKA
Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa
teges entar, ngemu surasa pepindhan. Nanging kang dipindhakake wonge. Saloka benten
kaliyan paribasan utawi bebasan. Ing ngisor iki wonten tuladha-tuladha Saloka:
·
Asu belang kalung wang
: Wong ala (asor) ananging sugih bandha.
·
Asu gedhe menang kerahe
: Luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane.
·
Ati bengkong oleh
oncong : Wong duwe niat ala, ana sing nyarujuki, oleh dalan.
·
Baladewa ilang gapite :
Ilang kekuatane.
·
Bathok bolu isi madu :
Wong asor nanging sugih kepinteran.
·
Bebek mungsuh mliwis :
Wong pinter mungsuh pinter, sijine kalah ubed utawa kalah trampil.
·
Belo melu seton : Melu
anut grubyug nanging ora ngreti karepe.
·
Cebol nggayuh lintang :
Gegayuhan kang mokal bisane kelakon.
·
Cecak nguntal
empyak/cagak : Gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatane.
·
Dhandhang diunekake
kuntul, kuntul diunekake dhandhang : Ala diunekake becik, becik diunek-ake ala.
·
Dhemit ora ndulit,
setan ora doyan : Tansah diparingi slamet.
·
Dom sumuruping banyu :
Laku sesidheman kanggo nyumurupi wewadi.
·
Emprit abuntut bedhug :
Prekara sepele dadi gedhe.
·
Endhas gundhul dikepeti
: Wis kepenak isi dienak-enakake.
·
Gagak nganggo elaring
merak : Wong asor (cilik) tumindak kaya wong luhur.
·
Gajah alingan suket
teki : Lair lan batine ora padha bakal ketara.
·
Gajah ngidak rapah : Nerjang
wewalere/janjine dhewe.
·
Gajah perang karo gajah
kancil mati ing tengah : Wong gedhe pasulayan, wong cilik dadi kurban.
·
Gong lumaku tinabuh :
Wong sing kumudu-kudu ditakoni, dijaluki piwulang.
·
Idu didilat maneh :
Menehi dijaluk bali (murungake janji kang wis diucapake).
·
Iwak klebu ing wuwu :
Wong sing kena apus kanthi gampang.
·
Jati ketlusuban ruyung
: Kumpulane wong becik kelebon wong ala tumindake.
·
Jaran kerubuhan empyak
: Wis kapok banget.
·
Kacang ora ninggal
lanjaran : Pakulinane anak lumrahe niru wong tuwa.
·
Kebo bule mati setra :
Wong pinter nanging ora ana kang merlokake.
·
Kebo ilang tombok
kandhang : Wis kelangan, isih ngetokake wragat kanggo nggoleki.
·
Kebo kabotan sungu :
Rekasa jalaran kakehan anak.
·
Kebo mulih ing
kandhange : Wong lunga wis suwe, bali ing omahe maneh.
·
Kebo nusu gudel : Wong
tuwa njaluk warah marang wong enom.
·
Kere munggah bale :
Wong didadekake wong luhur.
·
Kethek saranggon : Sagrombolan
wong tumindak ala.
·
Klenthing wadhah masin
: Angel ninggalake pakulinan ala.
·
Kriwikan dadi grojogan
: Prekara cilik dadi ngambra-ambra(gedhe).
·
Kutuk marani sunduk :
Njarag marani bebaya.
·
Lahang karoban manis :
Rupane ayu/bagus tur ya apik bebudene.
·
Lambe satumang kari
samerang : Dituturi bola-bali tetep ora nggugu.
·
Legan golek momongan :
Kepenak malah golek rekasa.
·
Opor bebek mentas awake
dhewek : Rampung saka dayane dhewe.
·
Palang mangan tandur :
Dipercaya malah gawe rusak
·
Pecruk tunggu bara :
Dipasrahi tunggu sing dadi kesenengane.
·
Pitik trondhol diumbar
ing pedaringan : Wong ala dipasrahi nunggu barang pengaji, wekasan malah
ngentek-enteki.
·
Satru munggwing
cangklakan : Mungsuh wong sih isih sanak sedulur.
·
Sumur lumaku tinimba :
Wong sing kumudu-kudu ditakoni.
·
Tekek mati ulone : Nemu
cilaka jalaran saka guneme dhewe.
·
Tumbu oleh tutup : Wis
cocog banget.
·
Timun mungsuh duren :
Wong cilik mungsuh wong kang duwe panguwasa.
·
Timun wungkuk jaga
imbuh : Wong bodho kanggone mung yen kekurangan wae.
·
Tunggak jarak mrajak,
tunggak jati mati : Prakara ala ngabra-ambra, prekara becik mung kari
sethithik.
·
Yuyu rumpung mbarong
ronge : Omahe magrong-magrong, sejatine kekurangan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar