SUKU KANEKES/BADUY Kukuh Nyekel Pranatan Adat

Suku Baduy Dalam
Ing tlatah Kabupaten Lebak Banten, ana siwijining kelompok wong kang kuwat nyekel pranatan adat, kang sinebut Suku Kanekes, utawa Suku Baduy. Wong-wong kasebut, duwe tatanan, “ndhewe”, tegese, “mengisolir” diri, saka pasrawungan, apadene pengaruh-pengaruh tatanan njaban wewengkon. Sebutan Baduy, mujudake jejuluk saka masyarakat luar tumrap kelompok kasebut. Bab kasebut, adhedhasar panaliten kang katindakake dening Walanda, kang sajake madhakake kelawan tembung Arab, Badawi, kang kurang luwih tegese, kelompok, kang ora manggon kanthi tetep, lire sok pindhah-pindhah.
Nanging uga ana kang nelakake, yen jeneng Baduy kasebut, kajumbuhake kelawan jeneng kali yaiku Kali Baduy, apadene Gunung Baduy, kang mapan ing iring lor saka papan cumondhoke suku-suku kasebut. Nanging wong-wong mau luwih seneng nyebutake dhewe, kanthi tembung “urang Kanekes”. Urang, iku tembung basa Sundha (ngoko), kang cara Jawa-ne “aku”. Dene Kanekes, iku jenenging papan dunung tataran desa.
Suku Baduy, anggone sambung gunem migunakake basa Sundha, minangka kanggo sambung gunem pedinan klawan kelompoke. Dene yen sambung gunem, marang wong njaba, migunakake basa Indonesia. Wong Baduy, ora pana babagan maca tulis, dadi piwulang apa wae saka para leluhure, adhat-istiadhat, kapercayan/ agama, mung asipat “tutur lisan” wae. Wong Kanekes, ora ngerti babagan pawiyatan, awit bab kasebut, (utawa pendidikan formal), iku (diasnggep) cengkah kelawan adhat-istiadhate dheweke. Tundhone, wong Kanekes, ora dunung lan ora paham, babagan maca,etung nulis, lan nggambar.
Wong Baduy, nduweni hubungan sejarah kelawan wong Sundha. Penampilan pisik apadene basa, saemper kelawan wong Sundha umume. Kang mbedakake, yaiku bab kepercayaan, apadene carane ngaurip. Wong Kanekes, utawa Baduy, kayadene “singidan”, lan kukuh nyekel pranataning adhat, apadene tradhisi. Sedheng wong Sundha, (kayadene) sumanak, lan gampang mangun pasrawungan, tur akeh-akehe wong Sundha ngrasuk agama Islam. Masyarakat Kanekes, kaperang dadi telu, yaiku: tangtu, panamping lan dhangka. Kelompok tangtu, yaiku kang kaloka sinebut Kanekes/Baduy Dalam. Ing antarane kelompok-kelompok iku ya kelompok tangtu, kang kasusra paling kenceng nggebengi adhat lan pranatan. Yaiku kang cumondhok ing tlatah: Cibeo, Cikertawana, apadene ing Cikeusik. Kelompok tangtu darbe ciri kang khas, yaiku sandhang panganggone sarwa seta (putih). Kalompok kasebut, manut pranatan, ora dikeparengake miturut adhat, nemoni, utawa sapatemon, kelawan wong njaba.
Saperangan saka pranatan adat, kang kudu dirasuk lan dadi gegebengan, ing antarane:
(1). Ora kena lelungan migunakake tetumpakan;
(2). Menyang endi wae, ora kena nganggo lelemek sikil, kayadene sandhal, sepatu lsp;
(3) Adheping lawang omah, kudu marep ngalor. (kejaba Pu’un, yaiku manggalaning adhat);
(4) Ora dikeparengake migunakake piranti-piranti elektronik;
(5) Sandhang panganggo, kudu olehe nenun, lan olehe njahit dhewe, tegese ora kena nganggo sandhangan kang modern.
Kelompok angka loro, yaiku panamping. Kelompok iki kang uga sinebut Kanekes Luar, utawa Baduy Luar. Kelompok kasebut, cumondhok (sumebar), ing pirang-pirang papan panggonan kayadene ing Cikadu, Kedhuketuk, Kadukolot, Gajeboh, Cisagu, lsp. Ciri kang khas, saka Kanekes Luar, yaiku nganggo udheng wulung. Kanekes Luar, mujudake wong-wong kang wus nalisir, lan nyebal, saka pranatan adat Kanekes Dalam. Ana saperangan bab kang njalari diwetokake saka Kanekes Dalam, ing antarane:
(1) Wus (wani) nalisir lan nglanggar adat masarakat Kanekes Dalam;
(2) Ana karep pancen kepingin metu saka Kanekes Dalam;
(3) Nikah klawan anggota Kanekes Luar.

Pemukiman Suku Baduy ing tlatah Kanekes
Ciri masarakat Kanekes Luar, yaiku (1). Wus ngenal teknologi, kayadene piranti elektronik, senajan panganggone tetep mujudake larangan, kanggo saben warga Kanekes. Olehe migunakake uga kanthi dhedhemitan, lan sesingidan, murih ora nganti kadenangan pengawas saka Kanekes Dalam; (2). Proses pembangunan omah, wong Kanekes Luar, wus migunakake piranti-piranti manca, kayadene: graji, paku, palu lsp, kang kabeh mau mujudake larangan tumrap adhat Kanekes Dalam. (3), Anggon-anggon sandhangan, uga wus nyebal saka adhat, kang mracihnakake yen wus ora nganggo sandhangan suci. Malah ora sithik kang nganggo sandhangan modern kayadene kaos oblong clana Jeans lsp. (4) Wus (wani), migunakake piranti-piranti bale somah kang modern, kayadene : kasur, bantal, piring, gelas beling lan liya-liyane. (5) Wus cumondhok ing sanjabaning wewengkon Kanekes Dalam.
Yen Kanekes Dalam lan Kanekes Luar, cumondhok ing wewengkon Kanekes, mangka Kanekes Dhangka, cumondhok, ing sanjabaning wewengkon Kanekes, yaiku mung kari ana rong kampung, kang torah yaiku Cibengkung, /Padhawaras, lan Sirahdayeuh utawa Cihadam.
Miturut kapercayan kang dianut dening Suku Baduy. Kanekes, dheweke iku mratelakake, yen wong-wong Baduy. Kanekes iku, (jarene), isih keturunane Bathara Cikal, saweneh saka dewa cacah pitu, kang ingutus tedhak ing madyapada. Bab asal-usul kasebut, sok digayutake kelawan Nabi Adam, minangka nenek-moyange. Wong-wong Baduy/Kanekes percaya, yen saweneh saka keturunane manggala kang kasebut ngarep, yaiku wong Kanekes, kinen mendhita, utawa nindakake talak-brata, kanggo njaga kasalarasaning donya. Nanging panemu mau ora padha kelawan andharane para ahli sejarah, kang ndhasarake panemune, kanthi carasintesis, saka pirang-pirang bukti sejarah, awujud prasasti, cathetan perjalanan pelaut Portugis, lan Tiongkok, sarta crita bab Tatar Sundha kang mung tinemu sithik buktine.
Masarakat Kanekes/Baduy kagayutake kelawan Kerajaan Sunda, sadurunge runtuh ing abad kaping 16, apunjer ing Pakuan Pajajaran, sakiwa-tengen Bogor, yen samengko. Sadurunge Kasultanan Banten madeg, tlatah pojok iring kulon pulo Jawa, mujudake perangan penting saka Kerajaan Sunda. Banten mujudake pelabuhan dagang kang kasuwur. Kali Ciujung, bisa dilayari maneka rupa jinis prau, lan rame, kanggo sarana ngangkut hasil bumi saka wilayah pedalaman. Kanthi mengkono, panguwasa wilayah kasebut, kang sinebut Pangeran Pucuk Umum, rumangsa kajibah njaga lan ngrumat lestarine kali ksb.
Kapercayan
Ngenani bab kapercayan, masarakai Kanekes kang sinebut minangka Sundha Wiwitan, apunjer marang anane pamujan, marang arwah nenek-moyang, (animisme), kang ing perkembangan sabanjure, uga dipengaruhi dening agama Buddha, Hindhu, apadene Islam. Inti saka kapercayan ksb, kapratelakake, kanthi anane pikukuh utawa katemtuwan adhat mutlak kang dianut, jroning urip lan pakaryan pedinan, tumrap wong Kanekes. Isi baku saka pikukuh ksb, yaiku konsep “tanpa anane owah-owahan”, senajan mung kadar perkara kang cilik. Banjur ana ukara basa Sundha kang unine: “Lojor, heunteu beunang dipotong, pendhek, heunteu beunang disambung” kang cara Jawane “Dawa ora pareng dikethok, cendhak ora pareng disambung”. Tabu, utawa larangan ksb, ing kridha lan urip pedinan, di-interpretasi-kan secara harfiah. Ing babagan pertanian/olah tetanen, wujud pikukuh ksb, yaiku kanthi anane pranatan kang wose, ora kena ngowahi kontur lahan, kanggo pategalan, engga tata cara olehe ngolah tetanen, mung kadar samadya, ora nganggo digaru-diluku, ora ana terasering, mung olehe nenandur sarana piranti kang sinebut tugal, yaiku kethokan pring, kang perangan pucuk dilancipi.
Ing pembangunan omah, uga kontur permukaan tanah disekarep apa anane, engga cagak (utawa saka) omah, duweke wong Kanekes, dawane ora padha. Pangucap lan tumindake wong Kanekes, uga prasaja, jujur, lan thok-leh, tanpa nganggo tedheng-aling-aling. Malah ing babagan dol-tinuku, ora ana tembung nyang-nyangan.
Ing babagan pamarentahan, ing masyarakat Kanekes, ana sistem pamarentahan 2 (rong) werna, yaiku sistem nasional, kang mbangun miturut marang pranataning nagara Nuswantara, lan sistem adat, yaiku midherek marang adat-isitiadat, kang dipercaya dening masyarakat. Kekarone sistem ksb, digabung, utawa“diakulturasikan”, kanthi cara tartamtu, engga ora nuwuhake perdonden, lan ora diya-diniya. Secara nasional, penduduk Kanekes kapimpin dening kepala desa, kang sinebut minangka jaro pamarentah, kang kalungguhane kapernah sangisoring camat, dene secara adat, tundhuk marang pemimpin adat Kanekes, kang paling dhuwur, yaiku Pu’un.
Pemimpin tertinggi jroning masarakat Kanekes, yaiku Pu’un, kang ana ing telung kampung tangtu. Jabatan utawa kalungguhan ksb katindakake nganti turun-tumurun, nanging ora secara otomatis saka bapak menyang anak, nanging bisa uga kerabat sejene. Suwene anggone nglungguhi jabatan Pu’un kora bisa katemtokake, gumantung kemampuan, kawicaksanan, apadene kaprigelan olehe nglungguhi jabatan ksb. Pelaksana harian pemerintah adhat kapu’unan, katindakake deningjaro, kang kaperang dadi papat, yaiku jaro tangtu, jaro dhangka, jaro tanggungan,lan jaro pamarentah. Jaro tangtu duwe tanggung jawab ing babagan pelaksanaan hukum adhat marang warga tangtu, lan maneka-warna urusan sejene. Jaro dhangka, jejibahane njaga, ngurus lan ngrumat tanah titipan leluhur kang ana ing sanjabaning Kanekes lan sanjerone. Jaro dhangka, cacahe ana wong sanga, kang yen katambahan wong telu, saka jaro tangtu, ingaran jaro duabelas. Manggalaningjaro duabelas ksb aran jaro tanggungan. Dene jaro pamarentah, secara adhat, nduweni tugas, minangka penghubung, antarane masyarakat adat Kanekes, kelawan pemerintah nasional, kang ing tugase, kabantu dening pangiwa, carik, lankokolot lembur. Kokolot lembur, maksude tuwa-tuwaning (tetuwaning) kampung.
Pangupajiwa
Kaya kang wus dumadi atusan taun kepungkur, pagaweyane suku Kanekes, yaiku olah tetanen, nandur pari. Kejaba iku, uga ana pemetu liya, kayadene kasiling woh-wohan saka tegal lan alas, arupa duren, asem kranji, lan madu tawon alas.
Pasrawungan kelawan masyarakat njaba

Saweneh saka kesenian tradhisional Baduy, Angklung Buhun
Engga jaman samengko, masyarakat Kanekes, tansah kanthi mituhu, njaga kanthi kukuh, babagan adhat-istiadhat, malah kena ingaranan masyarakat kang terisolasi, saka perkembangan dunia luar. Madege Kasultanan Banten kang kanthi otomatis nglebokake Kanekes, menyang wilayah kekuasaan, ora uwal saka kasadharaning wong-wong mau. Minangka tandha kepatuhan/ pengakuan kekuasaan, masarakat Kanekes, kanthi ajeg, nganakake kridha “seba” ing Kasultanan Banten, malah engga samengko kridha seba isih sempulur katindakake, senajan mung setaun sepisan. Malah kridha seba kasebut, masyarakat Kanekes, sinartan asok bulubekti, wujud kasiling bumi, apadene palawija, marang Gubernur Banten, liwat Bupati Kabupaten Lebak. Ing babagan pertanian, penduduk Kanekes Luar, berinteraksi kenceng kelawan masyarakat luar, kayadene nyewakake lemah, marang tenaga buruh.
Olah dedagangan, kang jaman kapungkur, katindakake kanthi cara barte, samengko wus miginakakemata uang rupiyah. Suku Kanekes,adol kasil buah-buahan, madu, lan gula aren lantaran para tengkulak. Wong Kanekes, golek kabutuhan pedinan kaya lumrahe. Pasar, kanggo wong Kanekes, dumunung ing sanjabaning wilayah Kanekes, kayadene pasar Kroya, Cibengkung, apadene Ciboleger. Jaman samengko, pangunjung kang teka menyang wilayah Kanekes, sangsay suwe, san saya meningkat, malah nganti cacah atusan sekali kunjung. Dene jinise pengunjung racake saka kalangan remaja sekolahan. Mahasiswa, lan uga para pengunjung diwasa liyane. Wong Kanekes, kanthi legawa, nampa tekane para pengunjung, (senajana nganti nginep), waton tetep mituhoni bab pranatan adhat ing kana. Saweneh saka pranatan aturankang ana yaiku ing antarane ora kena foto, ing wewengkon Kanekes Dalam, ora kena migunakake sabun, odhol, ing kali. Nanging rumrap WNA, tetep ora oleh teka mrana. Pira wae wartawan asing, kang nyoba kepingin mlebu wewengkon kono, ora bakal “diwenehi lawang”.
Nalika wektu kang pas mirunggan, suku Kanekes, dhemen lelana menyang kutha gedhe ing sakiwa-tengening papan kana. Kanthi sarat, ora kena nganggo, lemek sikil, lan kudu mlaku, ora kena nenumpak kendharaan. Umume, wong-wong Kanekes, yen pinuju lelungan, ajeg ora mung ijen, nanging wong telu, kadhangkala nganti wong lima bebarengan. Dene lungane, kadhangkala sanja marang kanca lan mitra pitepungan, mligine kang wus nate teka menyang Kanekes. Kejaba sanja, uga sinambi dodolan kayadene madu lan kerajinan tangan. n
Tidak ada komentar:
Posting Komentar