Prapatan Gang Lima
Roman Remaja - Posted by admin on June 23, 2014

Ora kaya biyasane anggonku mangan rada kewengen. Yen ora dikongkon John, kanca nunggal kos mapag neng terminal ngono wis mangan kawit sore. Iki ngono merga program dhietku sing lagi wae daktindakake. Saliyane saben sore joging ana lapangan atletik, manganku uga dakatur supaya awakku ora mbedhah lemu kaya Faisal. Sing biyasane saben wengi klayapan golek pecel Tepe 8 utawa neng Njagir, saiki wis prei kenceng ngempet hawa luwe.
Mangan wengi sepisan muga-muga ora marai lemu, ngono dongaku sadurunge miwiti mangan. John sing krungu rapalan tolak balak lemu kuwi malah ngguyu kemekelen. Dheweke alok yen aku bakalan susah dhiet jalaran seneng ngemil. Arepa alok nganti lambene ndower ora dakreken. Pancen bener, peserta dhiet anyaran isih angel ninggalake pakulinan lawas, yaiku ngemil.
“Percuma wae ngerti praupane mung saklebatan! Apa sing arep mboksawang? Upama tumpakane Mio abang, hla bocah sing tuku sega gorenge si Yon ya akeh tunggale,” clathune John nalika dakcritani.
“Wis ta John, senajan saklebatan aku iki ora pikun. Isih eling. Sesuk dakjak mrana ya, sapa ngerti wonge ya tuku mrana.”
“Ha…ha…ha. Ad, Fuad. Kurang gaweyan. Ngugemi teorimu kuwi padha karo ngenteni bosoking beling. Mokal. Ya nek pancet numpak Mio, sapa ngerti kuwi sepedhah silihan. Njur ganti maneh numpak Tiger?”
“Wah edan kowe. Ayune kaya ngono kok numpake Tiger. Ora patut!”
Dumadakan aku malih lam-lamen kenya ing prapatan gang lima wingi. Wewayangane saben-saben wektu tansah metu ing pikiranku. Ora kaya nalika ketemu sepisanan. Sesuke kepengin mbaleni maneh lelakon sewengi, sapa ngerti kenya kuwi uga tuku ing kono. Mula John dakajak andhok sega goreng prapatan gang lima kuwi.
Nanging awak yen lagi apes, tekan prapatan gang lima ngepasi sepi sing tuku. Ngerti kahanan kaya mangkono, John sansaya ndadi anggone ngguyu. Jarene yen kepengin akeh sing tuku kudu ngepasi wayah jam mangan, udakara bubar magrib. Dina sesuke aku budhal dhewe tanpa ngajak John, pamrihe yen ora ketemu, dheweke ora tambah ngece. Dhasar durung beja, senajan dikaya ngapa mesthi wae ora nemoni mulya. Wusana rencanaku kuwi dakwurungake. Telung ndina mangan sega goreng terus jelas mblenger, apa maneh yen sing digoleki ora enek.
“Bocah nek dikandhani ora manut ya ngono kuwi. Lagi gandrung ta? Kok nggoleki wong sing ora jelas. Neng jurusane awake dhewe akeh bocah ayu Broooo!” kandhane John.
Pancen bener. Hla wong ketemu wae mung saklebatan, mesthine ora bisa namatake. Pokoke kang kena dadi pathokane ya mung Mio abang plat AG. Bacute wis ora ngreti maneh. Upamaa wis klakon ketemu banjur arep dikapakake? Yen mung kepengin ngerti wae rugi anggonku keraya-raya nggoleki dheweke. Aku dhewe uga ora ngerti yen wis ketemu banjur arep ngapa. Sing cetha penasaran banget.
Sesuke, nalika kau goncengan karo John ndilalah simpangan karo kenya sing kuwi neng portal dalan mlebu kampus. Ora kleru, sepedhahe Mio abang plat AG. Arep menehi weruh marang John, kedhisikan John nyapa kenya kuwi. Suwalike kenya kuwi uga ganti mbales panyapane. Biyuh, eseme katon ngujiwat banget. Memper eseme Wara Sembadra ing wayang wong Sekar Arum.
“John, kuwi mau sapa?” pitakonku marang John.
“Piye ta Ad we ki? Genahe Ika ngono lo. Cah maba.”
“Heh, ngerti apa ora we. Ya bocah kuwi lo sing ketemu pas neng prapatan gang lima kae.”
”O, bocah gemblung. Nek nggoleki ae eram, jebule ya Ika. Lagi pedekate kuwi, karo Dimas.”
Jebul kenya sing ketemu ing prapatan gang lima wingi ora liya ya adhi angkatanku dhewe. Emane suwene telung sasi aku ora nate weruh. Jarene John aku ketinggalan brita nganti ana maba ora patiya ngreken. Apese maneh, Ika lagi wae pedekate karo Dimas, ketua kelasku. Wah, luwak mangan tales, awak yen lagi apes!**
Tidak ada komentar:
Posting Komentar