1. Pranata
Kulawarga
A. Judhul
“Anak
iku ora kena mangan ndhisiki wongtuwane, apa maning Bapakne”
B. Analisis
Kula sarujuk kaliyan pakulinan kaya sing diomongake
ing dhuwur, mergane pakulinan iku pancen pakulinan sing apik. Pakulinan sing
sederhana ananging bisa gawe pakulinan
anyar sing apik uga. Nalika pakulinan iku bener-bener ana ing sawenehing
kulawarga, iku bisa nyiptakake tata krama lan pakulinan sing apik uga ing
kulawarga iku, saengga pakulinan lan tata krama sing apik iku bisa tetep tuwuh
lan ngrembaka ing panguripan utamane kanggo para putra.
Kanggo nyiptakake pakulinan iki kudu ana rasa luwes
ing kulawarga iku. Sing dimaksud luwes yaiku ora kaku sing bisa wae tuwuh ing
antarane wong tuwa karo anak-anake, iku sing biyasa dijenengi kulawarga sing
harmonis. Ora bisa diapusi yen sarat anane kulawarga harmonis iku wis
ditemtokake, ananging senajan pangerten bab kulawarga harmonis iku seje-seje,
mesthi ana bab sing padha sing wis dadi konvensi. Kaya bab sing lagi dibabarake iki. Senajan
namung bab tata cara mangan, nanging iku wis kalebu ing salah siji conto
pakulinan kulawarga sing harmonis. Kulawarga harmonis sing akeh dimangerti iku
kulawarga harmonis ing kalangane wong-wong dhuwur utawa sedhengan. Mergane apa
kok namung ing kalangan sedhengan mendhuwur wae sing bisa disebut kulawarga
harmonis? Merga ing kalangan iku sesambungan antarane anak karo wong tuwane wis
ora kaku maneh. Wong-wong ing kalangan iku akeh sing padha sibuk nyambut gawe,
dadi bener-bener ngregani waktu bareng karo kulawargane senajan namung pas
mangan wae. Seje karo sing kalangan sapengisor. Wong-wong ing kalangan iku ora
nganggep pakulinan bab mangan iku pakulinan sing penting. Apa maneh ndadekake
unen-unen “Anak iku ora kena mangan ndhisiki wongtuwane, apa maning Bapakne”
dadi perkara kang kudu dilakoni. Bisa mangan wae wis cukup ora prelu kanggo
sarat macem-macem, apa maneh yen ndadekake bab mau perkara gedhe ing kulawarga.
ana apike yen pakulinan iki dijaga lan diuri-uri,
supaya anak putune dhewe isih ngreti tata krama, salah sijine ing bab tata cara
mangan. Kaya sing wis dijlentrehake ing dhuwur, yen pakulinanan apik bisa
tuwuh, ngrembaka, tetep dijaga lan diuri-uri, pakulinan apik liyane bisa
gampang ditampa lan dilakokake. Iku wiwitan sing apik kanggo para nom-noman
jaman saiki sing wis padha ngadohi budaya utamane budaya jawa.
2. Pranata
Agama
Nyiwer ing Desa Kalibakung
Nyiwer yaiku tradhisi sing dilakokake masarakat Desa
Kalibakung Kecamatan Balapulang Kabupaten Tegal saben malem siji Sura. Nyiwer
dilakokake dening kabeh masarakat desa, kapimpin dening Lurah lan perangkate,
sarta pemuka agama Islam desa. Sakliyane ngengeti suranan, Nyiwer iku tradhisi
ngruwat desa kang dianakake setaun sepisan. Tradhisi iki kalaksanan kanthi cara
arak-arakan muteri desa dening kabeh masarakat Desa Kalibakung. Arak-arakan iki
ora mung muteri desa thok, nanging uga mampir ing saben pojokan desa lan
panggonan kang dianggep kramat. Ing panggonan-panggonan iku pemuka aga Islam
mau macakake dedonga lan adzan. Ora mung dedonga karo adzan thok sing lakokake,
ana uga sholawatan ing sadawane mlaku arak-arakan.
Arak-arakan iki kawiwitan lan dipungkasi ing bale
Desa Kalibakung. Masarakat desa padha nggawa obor kanggo pepadhang nalika
arak-arakan, awit arak-arakan mau dianakake bakdha isha. Sawise arak-arakan
rampung, diterusake slametan kanggo wong-wong lanang ing bale desa. Pasugatane
mung jajan-jajan piringan kaya adat saben karo sega kothak utawa berkat. Ora
ana tumpeng utawa ingkung.
A. Analisis
Yen didelok saka Agama Islam, tradhisi kaya mangkene
ora trep karo ajarane wong Islam. Apa maneh ing proses arak-arakan mau ana
dedonga ing panggonan kang kramat lan ing saben pojokan desa. Kangggo apa kok
kudu ndonga ing panggonan sing Kramat lan ing pojokann desa? Kenangapa ora ing
masjid wae? Yen niyate gawe desane aman ora kena musibah, ndonga ing omah ya
padha wae donge. Nanging sing dikarepake saka tradhisi iki yaiku ruwat desa,
tegese ya kudu langsung sesambungan karo desane, sesambungan karo sing arang
diambah wong-wong. Dudu masalah nyalahi kaidah agama Islam, mung iki pancen
carane mbah buyut awit mbiyen kanggo ngruwat desa. Pancene durung prenah tau
Desa Kalibakung ora nganakake ruwatan kaya mangkene, nanging tradhisi iki
kaya-kaya wis dadi klambi khususe masarakat Desa Kalibakung nalika tanggal 1
Sura, saengga yen ora dienggo maneh, bakal ilang identitase.
Urip iku pancene kudu duwe kanca, awit menungsa iku
makhluk sosial. Kaya panguripan uga butuh kanca, yaiku agama lan pranata.
Senajan iku mau bisa ngilangake bagean cilik saka salah sijne utawa sekabehane.
3. Pranata
Ekonomi/Sosial Budaya
Tradhisi Pra Panen Pari ing Desa Kalibakung
Tradhisi iki tradhisi sing dilakokake kanggo aweh
pakurmatan lan suwun marang makhluk sing njaga sawah sing biyasa dijenengi
“Mbok Tani lan Bapak Tani”. Tradhsi iki kalaksanan kanthi cara aweh sesajen
pirang-pirang jam sedurunge panen (padatane jam 5 esuk) sing didelah ing tengah
sawah sing arep dipanen dening sing duwe sawah utawa wong sing wis dipercaya.
Sesajen iku isine sega liwet, teh, kopi, wedhang jarang, lan jadah pasar sing
didelah ing tampah utawa irig. Yen sawah sing arep dipanen iku wingit banget,
sesajene ditambahi endhas wedhus. Nalika ndelah sesajen iku, wong sing ndelah
karo ngucap “ketehel, kandhel, isel” supaya mengkone pari sing dipanen padha
karo sing dikarepake mau iku.
Tradhisi iki kalaksanan kathi kekarepan supaya
sawah, kasil panen, sing duwe sawah karo pegawene slamet. Yen tradhisi iki ora
dilakoni, sawah, kasil panen, sing duwe sawah karo pegawene bisa-bisa ora
slamet. Parine bisa kopong tanpa isi nalika dipanen, sing duwe sawah lan
pegawene bisa wae dadi lara.
A. Analisis
Tradhisi iki akeh sethithike melu sambung sinambung
karo ekonomine masarakat desa, awit masarakat Desa Kalibakung akeh sing dadi
wong tani, nguripi kulawargane saka tani iku mau. Nalika tradhisi iki wis
dipercaya nanging ora dilakoni, bisa-bisa akeh kulawarga ing Desa Kalibakung
ora mangan lan kelangan pegaweyane. Sesajen sing kanggo Mbok Tani lan Bapak
Tani uga ora pati ngabotake, awit sesajen mau mengkone bakal dipangan dhewe
sawise panen. Sesajen iku namung bhukti nuwun marang sing wis gelem njaga
sawahe awan bengi nganti panen.
Yen dipikir, sawah ing alas, ing pinggir kali, ing
pinggir dalan bisa bae gampang rusak dening kewan alas, wong nakal, utawa apa
bae yen ora ana sing njaga. Para tani mau wis kadung percaya marang Mbok lan
Bapak Tani sing awit mbiyen njaga sawah, saengga ora prelu mbayar wong maneh
kanggo njaga sawahe.
Bab lara bisa wae merga gagal panen terus stress saengga lara, anane lara iku
katerusan, bisa wae merga dipikiri terus nganti penyakiten terus nggawa-nggawa
tradhisi iku. Yen bab panene gagal, nisa wae merga musim pancen lagi ora
ndukung, saengga senajan umure wis cukup kanggo panen, nanging pancen buncret.
Budaya pancen apike tetep diuri-uri, nanging kudu
digatekake endi sing kudu dimaklumi minangka budaya, endi sing bisa dilogika,
saengga ora nuwuhake bab anyar sing durung pasthi bener lan orane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar