1. SINOM
Rukun agawe sentosa
Mbangun desa kanthi ngati
Makmur adil sejahtera
Kedah tumindak kang becik
Kedah saling ngurmati
Sesamine aja padu
Ora cethil lan sakrah
Aja methakil lan drengki
Guyub rukun, sesarengan pada makarya
2. MIJIL
Bumi ayu panggonan kang resik
Kabeh gotong royong
Ndandosi mring bumi pertiwine
Ijo royo-royo ngedem ati
Wiwito saiki
Tumeko patiku
3. GAMBUH
Temenan golek ilmu
Kurmat
marang bapa ibu guru
Ngabdi bakti, lan jaga diri pribadi
Satuhu nggone ngilmu
Ala kudu diwaspaos
4. MASKUMAMBANG
Nelangsani, wong kang boten ngerti jawi
Ra ngerti budaya
Mula ayo dilestari
Budaya lan basa jawa
5. MEGATRUH
Timik-timik lakune temanten anyar
Adat mlakune wong jawi
Nyembah marang bapa ibu
Aja nganti iku lali
Adat jawa kanthi tlatos
6. KINANTHI
Lintang abyore ing dalu
Padang jagad raya iki
Cah cilik padha dolanan
Nembang kanthi basa jawi
Rasaning ati sumringah
Manggon ana pantisari
7. PANGKUR
Wong jawa kudu mbudaya
Kedah ngerti jiwaning jawa iki
Kudu padha ngemut-ngemut
Lan tansah padha tresna
Ayo padha , nyengkuyung laku satuhu
Aja nganti gawe sirna
Rumaos sajroning ati
8. PUCUNG
Beksan iku, budayane adi luhung
Aja ilang muspa
Kedah tansah nguri-uri
Ngarumake budaya jroning nagara
9. ASMARADANA
Padha tersna mring sesami
Maring alam lan budaya
Ngobarke cahya atine
Diemban marang nagara
Dadi satriya tama
Wong liya aja tiniru
Ngoyake ngamanca praja
10. DURMA
Basa jawa, sliramu laku prasaja
Piwulang ingkang becik
Jujur setya budya tresna
Maring budaya ing nitra
Tresnaku ana ing ati
Lan ana rasa
Tresnaku tekan pati
11. DHANDHANGGULA
Nandur apik, thukul ingkang becik
Mring nagara lan mring kaluarga
Becik dadi tuladane
Mempeng olehe sinau
Dhemen tetulung ing kekanca
Aja srei aja kerah
Sing kudu mituhu
Mempeng olehe rewang
Karo ngengudi, setya susila tur bekti
Piguna mring bangsa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar